Breaking News
Loading...
14 September 2016

Akhir saka 3 sahabat ll M. Erfan Herianto (12)


Akhir saka 3 sahabat

     Tahun ajaran anyar wes dimulai, para siswa mulai melbu sekolah. Ono arek jenenge Balad, dek e iku murid SMA berprestasi ing akademik lan nonakademik. Dek e ngekos amarga omah e adoh tekan sekolah e. Pas mulai masuk sekolah dek e nduwe konco anyar jenenge Aje. Aje iku arek e ceria lan pinter main piano, cita-cita e pingin dadi pemain piano terkenal. Balad ambek Aje iku nduwe koco wedok jenenge Katana, dek e iku anak tunggal lan seneng banget ambek jejepangan. Sabendino e Katana senengane ndontok anime lan film-film pembunuhan ambek lanek ngomong mesti dicampuri basa jepang. Arek telu iki yen lapo-lapo mesti bareng, mulai sinau bareng, dolan bareng, mangan-mangan bareng pokok e opo opo mesti bareng. Sampek akhire Balad dadi seneng ambek katana, tapi dek e isin ngungkapake. Dadakno moro-moro Aje yo seneng ambek Katana, lan wani ngungkapno. Dadi Aje ambek Katana mulai pacaran, tapi Balad mulai kesel  soale lapo kok gak dek e sing ngungkapno ndhisik. Hubungan arek telu iku mulai renggang lan gak seakrab biyen. Balad mulai benci ambek Aje lan mulai jarang ngomong. Esok e Aje pingin ngomong nang Balad nek dek e arep melu lomba piano, balad  gak ngereken lan malah angkuh. Akhire Aje ngomong nang Katana nek dek e arep lomba piano nang Perancis  suwine 5 dino, Katana sedih soale dadi ga iso petuk Aje. Tapi Aje janji nek terus ngubungi Katana lan ngirimi oleh-oleh.
Pas mbari telong dino moro-moro ono paket gawe Katana. Katana nerimo paket iku soale diangget hadiah saka Aje. Katana cepet-cepet melbu kamar sangking senenge lan gak sabar pingin mbukak paket iku. Dadakno isi paket iku tugelan tangan e Aje sing jek akeh getih e. Katana cerik-cerik lan wedi ambek nangis. Terus Katana nelpon lan ngelaporake nang polisi. Ing panggonan liyo, Balad yo ituk paket lan langsung dibukak, lan isine iku tugelan drijine Aje sing podo akeh getihe. Balad kaget ambi ora nyangka nek koncone iku wes mati. Akhire Balad ambek Katana ketemuan lan mbahas kematian e koncone iku. Ing njero ati Balad ngeroso seneng soale Aje wes mati lan iso nyedek i Katana.
Pirang-pirang dino lewat nanging polisi durung isok nemokake pelaku pembunuhan e Aje. Dadi Balad ambi Katana melu nyelidiki. Katana crita nang Balad lanek Aje nduwe masalah ambek Freddy, masalahe iku yaiku Aje tau nabrak lari adhi e Freddy sampek mati lan langsung kabur tanpa tanggung jawab. Freddy sayang banget ambi adhi e, soale bapak ibue wes wafat lan adhie iki dadi siji-sijie keluarga sing jek ono. Masalah iki isok ae dadi penyebab e Freddy mateni Aje. Balad lan Katana tanpa suwi-suwi langsung marani nang omah e Freddy. Pas nang omah e Freddy omah e kuncian, trus kok mambu gak enak banget. Balad langsung cepet-cepet ndobrak omahe Freddy. Pas melbu nang omah e Freddy langsung ono mayat e Freddy sing wes ora rupo uwong, awak e tugel-tugel lan getih e klocoran. Balad kaget lan Katana langsung cerik-cerik.
Balad gak nyongko lanek Freddy wes mati lan curiga sopo kira-kira pelaku pembunuhane. Masalahe tambah ruwet lan durung iso nuntasake. Akhire Balad lan Katana balik nang koskosan e Balad. Katana nangis terus lan jek gak percaya lanek pacare iku wes mati, Balad langsung usaha gawe hibur dek e supaya ogak nangis terus. Balad ngomong nang Katana lanek dek e iku asline seneng nang Katana, tapi Katana nolak amarga dek e jek durung iso ngelaliake Aje. Balad nerimo kenyataane lan lapang dada. Mbaringunu Katana muleh  saka koskosan e Balad.
Sesok e nang kos e Balad ono arek celok-celok. Pas dibukak lawange dadakno ana arek wedok sing gak dikenal Balad. Arek wedok iku ngenalake diri jenenge Karin, dek e crita lanek dek e iku biyen koncone Katana. Karin cerita nang Balad lanek Katana nduwe kelainan mental. Dek e marani Balad soale krungu lanek pacare Katana iku mbari mati. Karin cerita lanek katana iku psikopat. Balad kaget ambek gak nyangka. Terus Balad ambek Karin marani nang omah e Katana. Pas nang omah e Katana, Katana kaget soale kenopo kok Balad ambek Karin. Balad ngomong nang Katana opobener lanek dek e iku psikopat lan sing bunuh Aje. Katana langsung mureng-mureng, soale sahabat e malah percoyo ambek Karin,wong jek tas kenal kok langsung percaya. Balad ambek Katana akhire malah tukaran. Katana ngomong nang Balad lanek Karin iku pendusta lan pemfitnah. Balad bingung kudu percaya sapa, Akhire dek e mihak nang Katana soale dek e jek kaet kenal ambek Karin. Karin mureng-mureng soale dek e malah gak dipercaya. Akhire Karin ngerasa dikhianati lan muleh saka omah e Katana. Balad njalok sepura nang Katana soale dek e iku ngeragukake sahabat e dewe.Menene Balad nelpon karin, Balad ngeroso lanek Karin iku asline yo bener soale lalapo kok marani nang kos e mek gawe fitnah. Pas ditelpon bolak balik kok gak diangkat, akhire Balad usaha gawe nggolek i omah e Karin. Pas wes nang ngarep omah e Karin, balad kaget kok akeh uwong. Dadakno Karin wes tewas dibunuh. 
     Balad langsung cepet-cepet marani nang omah e Katana, omah e sepi amarga bapak lan ibu e dinas nang luar kota. Pas dibuka dadakno ono Katana wes gowo glati lan melirik i Balad, Balad ngeroso kaget soale nguwasi Katana seng dadi medeni lan gak koyok biasane. Katana ngomong ambek mureng-mureng nang Balad lanek kowe sing mateni Aje, Balad langsung nyangkal lan gawe alibi, dek e ngomong lanek gak mungkin nek dek e mateni sahabat e dewe. Balad malah ngguyu lan ngomong nek iku gak masuk akal. Moro-moro Katana langsung ngarahake glati e nang Balad, sayange Balad langsung refleks gawe ngehindari serangan e. Katana ngomong lanek dek e gak bakal sungkan mateni Balad, dek e ngeroso dikhianati sahabat e dewe lan ngamuk-ngamuk. Katana mulai ngeroso ono sing gak beres ambek Balad mulai saka omongane lan sikap e sembari kematian e Balad. Terus Balad ganti nyangkal, ambek ganti topik lanek seng mateni Karin iku Katana, Katana langsung ngaku soale dek e iku wes benci banget ambek Karin, dek e iku benci banget amarga biyen karin wes tau ngefitnah dek e lan ngumbar-ngumbar aib e nang wong akeh, ambek senengane buli lan malak i dek e. Karin biyen dadi ketua geng lan nduwe anak buah akeh sing hobi e buli lan nimbulake masalah. Dadi Katana asline wes benci banget ambek Karin tapi jek diempet,tapi Karin malah gawe masalah maneh ambek Katana, yaiku melu ngerecoki urusan e. Sampek Katana gak iso ngempet maneh lan bertindak ngelewati batas sampek-sampek wani mbunuh. Katana gak mandek-mandek nyerang Balad ambek nyawati barang-barang sing ono nang sekitar. 
     Akhire Balad mulai ngaku lanek dek e sing mateni Aje, Balad ngeroso cemburu ambek Aje semenjak dek e pacaran ambek Katana. Pas Balad nang omah e Aje lan mateni Aje, dadakno ono Freddy teko soale dek e arep nuntut Aje lan ngelaporake nang polisi. Freddy kaget soale nguwasi Aje seng wes mati lan awak e tugel-tugel ambek getihi kelocoran. Gak suwe-suwe Balad marani Freddy lan nusuk Freddy ambek glati sampek Freddy nggletak. Balad nusuk-nusuk Freddy sampek getih e muncrat kabeh lan akhire Freddy mati. Akhire Balad apen-apen lanek dek e duduk sing mateni arek loro iku. 
Katana seng kerungu omongone Balad tambah mureng-mureng lan gak mandek-mandek nyerang Balad. Akhire dek e njupuk glati seng paling gede lan langsung ditusukno nang Balad , tapi Balad langsung nangkis lan arah glati e malah mbalek nang Katana. Akhire glati seng gede iku malah nusuk Katana pas nang dadane sampek nembus jantung e. Katana langsung mati nggletak. 
     Pas ndelok kejadian iki Balad langsung nangis lan nyesel ambek opo sing mbari dilakoni, sampek-sampek dek e hilang sadar lan mateni koncone lan wong sing disayangi e. Balad nangis gak mandek-mandek lan ngeroso bersalah banget. Dek e ngeroso dunyo mandek lan gak iso nerusake urip. Akhire Balad mlaku nang panggone Katana lan njupuk glathi bekas e Katana. Dek e ambek nangis langsung nusuk pas dadane dewe ambek glati sampek nembus Jantung e lan mati nggelatak. Balad akhire mengakhiri urip e ambek bunuh diri. Akhir saka 3 serangkai sing biasane bareng lan kompak, akhire mati ambek  tragis. 



0 komentar:

Posting Komentar

 
Toggle Footer