Gara-gara Lali
Dening : Tri Suharyati
“melok ta mboten mas?” pitakonku marang masku
“nang endi, jek kate iyam iki, ngkok ndang gupuh” jawabe Masku sing isih nang jero jeding
“nek ancen melok yo ayo ndang cepetan nek iyam” jawabanku karo nggupuhi areke.
“sek entenono, cepet kok”. Mari krungu jawaban mau, krungu suara gebyoran banyu jeding sing banter lan cepet.
Aku langsung manasi sepedaku lan sepedae Mbakku, karepe Mbakku aku dikongkon budal ndisik tuku bensin, tapi niat iku mau urung dilakoni amarga masku banjur nyemauri tekan kamar,e “ nggawe sepedaku ae pun onok bensine”. Akhire sepedaku tak lebokno maneh nang garasi. Jam 10.an kabeh wis rampung akhire kabeh budal tekan kudu menyang Jombang kota. Kecuali bapak karo ibukku, piyambake sengojo mboten tumut luwih milih ngresiki nggriya.
Jam 12 kurang 15 menit, aku nyampek nang Alun-Alun Jombang,
“buk aku kepingin numpak sepeda motor seng tril-trilan”, panyuwune Bayu marang Ibune
“enggeh kak, sek ayok digeleki sek nggone nang endi” jawabe Mbakku nang Bayu.
Ganti Mbakku takon nang Aku lan Masku, “nang endi iki dik markir sepedae, nggon nyewo sepedae Bayu iki yo nang endi?”
“sepedae diparkir sebelah etan mawon mbak,” jawabku karo nunjuk arah etan sing tak maksud
Akhire Bayu wes nemu opo sing karepno, maringunu Lala luwih milih mancing iwak, Mbakku nunggoni Bayu, Masku nunggon Lala. Lan aku dikongkon tuku panganan. Aku mlaku tuku panganan seng dikarepno ponakan lan mbakku, sak marine aku tuku, aku wis dienteni Bayu nang nisor wit kalo Lala, Masku lan Mbakku, panganan seng tak tuku ora aneh-aneh yo mung arupa teh poci, batagor, leker lan kue cubit.
Sakmarine mangan kabeh, mbakku ngajak ngaleh, wonge ngajak blonjo kebutuhhan omah nang bravo. Jarak tekan alun-alun nang bravo ora sepiro adoh, kiro-kiro cukup 8 menit nek ora macet. Tutuk tekan bravo, sepda langsung digeleh nang parkiran.
Bayu wis nggupuhi gawe dulinang nang “game fantasi”, nang game fantasi akeh dulinan sing iso dipilih, macem-macem dulinan modern, seng hampir kabeh onok nang mall-mall. Pas kabeh isih ndeloki permainan, mbakku tuku saldo nang kasir. Kartu digesek Bayu langsung dulinan balapan montor, lala nutuki kodok-kodokan. Bayu karo lala seneng banget yen ngumpulno kupon seng iso diijolno karo hadiah. Aku ngajak mbak karo masku musuhan dulinan pump . kawitan aku karo mbakku, ganti aku karo masku, rasane pegel maen pump, nguteri alun-alun ping 3 karo ngepump, isih luwih pegel ngepump dadakno hahaha..
Wis pegel dulinan,kabeh mlebu amarga nggone dulinan maeng isih nang jobone Bravo. Jaket ditipno nang nggon penitipan, masku njupuk troli , mulai milih-milih sing dibutuhno ket mulai sabun, sikat, minyak klethik lan akeh liyane.
Eh dadakno mbakku yo menisan blonjo gawe ndelok bayine dulurku, mbakku milih nang bagian kebutuhane bayi-bayi, tuku kasur bayi yo adah mangane bayi barang. Masku bagian njogo barang maeng, aku nyusul mbakku, bayu karo lala ngetutno aku. Arek loro maeng dulinan sengedanan, biasa arek cilik senengane dulinan. Lha dadakno lala ilang, tak gueleki mumet, krungu suara ngguyu dadakno areke sengedan nang rak-rak badcover. Kabeh ngguyu lala, ancen lala iku arek seng aktif, mesti seneng, tapi yo ora gelem disalahno, areke sengengane model, wes akeh sing dimenangno soko lomba fashion. Cocok karo endele areke.
Aku lan mbakku nglanjutno milih keperluan bayi,
” dek atine mbak kok gauenak ya, ndruedeng,” omonge mbakku moro-moro
“nggeh ndang nginum mbak, maeng onok seng lali paling” tak jawab sak isoku.
Mbakku wis mari olehe milih, katene mbayar, aku dikongkon nggeleki masku, amarga dompete mbakku nang troli seng digowo masku. Aku budal nggeleki masku nang nggon seng maeng terakhir aku weruh. Lah pas aku nyampek, kok masku gak onok, aku nyusur ,maneh nang kabeh lorong tak uteri koyok kitiran gaiso mumet, mbolak-mbalik. Akhire aku mbalik nang mbakku, eh lha dadakno masku wes nang kasir karo mbakku, lakyo kurang ajar seh ngunuku.
Mbakku mbayar keperluan bayi iku mau, aku diutus ngantri nang kasir sijine, amarga kasire bedo. Aku ngantri ngguri ditututi mbakku, amarga mbakku sing bagian mbayar. Kabeh wis keitung langsung dibayar karo mbakku,mari mbayar, aku langsung njupuk jaket nang penitipan barang. Barang belanja digowo karo masku. Kabeh mlaku nang parkiran.
Sampeke parkiran,
“dek kunci sepedane mbak nang endi?” pitakone mbakku
“nang tas samean mbak?” jawabku
“gak onok dek” jawabe mbakku wes muali panik karo ngiyak-iyak tas sing nylempang nang awake.
Aku langsung moro tak ewangi nggeleki “ nang kresek blonjo mbak?”
“waduh nang endi dek, mbak lali?”
Kabeh blonjoan di bongkari, masku langsung marani,”lapo dek?” pitakone masku
“kuncie mbak gaonok mas?” jawabku karo mbongkari barang blonjoan be.e katut nang jerone. Ternyata gak onok,
“mbak wau pas ngegame kuncine tasik samean gowo ta mboten?
“sailingku ijek dek”
“nggeh pun kulo tak njajal madosi ten game ae mbak, be.e maeng ancen kari” jawabku karo ngadek mlaku nang arah panggon game. Aku muter karo mendeliki tolah-toleh kanan kiri, kok gaonok, aku takok nang kasir be.e maeng mbakku lali terus kari pas tuku saldo.
“ mas wonten kunci kantun” pitakonku marang petugas kasir
“oo mboten wonten mbak,” jawabe wonge karo mesem ramah
“ooo nggeh mpun mas, matur suwun nggih” jawabku karo mesem terus ngalih.
Aku metu terus kondo nang mbakku lanek kuncine ogak onok nang panggon game
“ mbak mboten wonten, aku mpun muter. Sampun ketemu ta?”Aku takon nang mbakku
“dereng dek” jawabe mbakku karo clula-clulu nggoleki kunci
“Nggeh mpun mbak tak gelekane ten njero.” Jawabku terus aku mbalik mlebu nang njero
“ pak wau wonten kunci kantun ten mriki” pitakonku marang satpam seng njogo penitipan barang
“gaonok mbak.” Jawabe singkat ora onok mesem-mesem
“oo, nggih sampun pak suwun” jawabkui sondok sinis soale mangkel
Aku langsung nang kasir panggonku mbayar maeng
“mbak wau wonte kunci kantun,” pitakonku karo mesem
“ oo mboten wonten e mbak” jawabe ramah,
“oo nggih mpun mbak, matur suwun” jawabku sondok lemes.
Rasane sikilku wis pegel banget, wis jam 15:30, aku muteri maneh panggon seng maeng kiro-kiro diuteri mbakku, nang panggon sabun, jajan, minyak, glati, tissu aku wis mlaku karo nunduk-nunduk ndeloki nisor, tapi yo durung ketemu, akhire aku metu mlaku nang parkiran.
“mbak mboten enten, aku mpun muter iku maeng nggehan” aku pasrah.
“terus piye iki dek molehe” jawabe mbakku yo sondok pasrah,
“pak piye pak, kuncine gak ketemu pak” mbakku ngong karo petugas parkir
“wis dikandani dikongkon rene ora percoyo”jawabe tukang parkir, aku sinis ora ngerti opo karep tukang parkir iku maeng. Mbakku moro nang tukang parkir iku mau, aku ora ngerti opo sing diomongno, dadakno kuncine wis ketemu, alhamdulillahh. Akhire aku wis iso muleh, sikilku rasane wis kemeng ora karuan. Akhir pas muleh mbakku ngajak tuku mangan disek, mari mangan ,moleh wareg ati seneng.
Matur nuwun
0 komentar:
Posting Komentar