Liburan Menyang Kebun Binatang
Ing dino minggu aku lan keluargaku liburan menyang kebun
binatang Surabaya numpak sepur. Aku numpak sepur sancaka naliko sepur rapi
dhoho ws kentekan tiket. Sepur e resik amarga
ora onok wong dodolan. Bapak ngendika nang aku “ Dalan sepur iki sing
gae iku wong Jowo nduk pas jaman Walondo “ aku terus jawab “ Lha lapo kok kudu
wong Jowo ? Kenek opo kok gak wong Walondo wae ?” Bapak jawab “ Soale pas
jamane wong Walondo kuwi wong Indonesia di kongkon kerja rodi “
Sakwise tekan Mojokerto penumpange wes mulai rame. Aku delok
pemandangan persawahan suasanane ijo lan seger. Wong tani podo nang sawahe, lek
bajak sawah ora nganggo mesin naliko nganggo kebo. Jam setengah pitu sepur e mulai mlaku, abane “ Jus jus tut tut
tut “ adikku seneng banget. Jam 8 sepur e wes teko Krian kurang diluk engkas
aku wes tutuk Surabaya. Surabaya iku kota Pahlawan soale pas jaman biyen Bung
Tomo berhasil ngentukno bendera merah putih ndek dukur bangunan sing saiki dadi
Hotel Majapahit.
Pas jam setengah 9 aku lan keluargaku wes tutuk stasiun Wonokromo. Sakwise mudun tekan sepur Bapak
lan Ibu langsung nggolek taksi gae nang kebun binatang. Terus pas wes entuk
taksi langsung ae aku lan keluargaku numpaki taksi iku. Gak suwe perjalanane
teko stasiun wonokromo nang kebun binatang paling kiro-kiro mok 15 menit.
Sakwise mudun tekan taksi bapak langsung tuku tiket. Adikku seneng banget soale
wes keturutsn menyang kebun binatang. Nang jero kebun binatang onok sembarang
kalir kewan. Adik lan aku banjur numpak gajah, rasane pas numpak gajah iku wedi
tapi seneng. Jam 12 wayahe mangan, ibuk bukak buntelan sego ing ngisor wit
ringin. Angine semilir adem karo ngrasakake masakane ibuk enak banget. Mari
mangan aku lan keluargaku banjur delok-delok
kewan liyane.
Langite wes rodok peteng berarti iku
tondone wayahe mulih. Aku lan keluargaku banjur goleki pintu keluar. Adikku
wajahe seneng banget soal e pertama kali menyang kebun binatang. Pas wes ndek
jobo kebun binatang bapak banjur golek taksi gae mulih menyang omah Surabaya.
Sekian
0 komentar:
Posting Komentar