Breaking News
Loading...
12 September 2016

Eleng en Aku dening Rahmawati Syukur

Eleng en Aku
Dening : Rahmawati Syukur

                Lasty Nur Azizah mlaku lemes ing omah e. Wektu nglewati ruang tamu ana akeh wong lagi guyon karo ibune, Sarah. Las cuman iso geleng geleng ndeleng ibune sing isih ketok enom iku guyonan karo kancane ora nggatekake anak e bali saka sekolah. Turonan nang kasur e, Las ndeleng plafon kamar e karo mikir. Dheweke kangen karo bapak e, Farhan. Farhan ninggal setengah tahun iko amarga kecelakaan pesawat wektu arep budal kerjo nang luar negeri. Ora mung Farhan kang Las kangen i. Nanging uga kakang e, Ryan. Mas kandung e iku sakiki dadi wong terkenal. Band e saiki lagi tour nang ndi ndi. Ninggal ake Las nang omah sing bagine kayata neraka iku. Dheweke percaya karo Sarah yen Las saiki dadi nakal lan ora kena diatur. Makane nganti saiki Ryan lan band e ora gelem ngomong karo Las.
                Jam 4 sore Las tangi, adus, sembayang Ashar banjur mudun arep menyang dapur. Tapi nang tengah dalan dheweke mandheg, ndeleng mantan pacare (Andre) lagi pacaran karo adek kembare dhewe, Liz Agusti ningrum. Ora pengen ndeleng pemandangan iku maneh, Lasty banjur nerusake mlaku marang dapur. Cah ayu iku mikir, ‘oh, dadi sing dimaksud Andre arek seng lewih ayu, pinter, dukur, putih, lewih apik ketimbang aku iku adik dhewe. Pinter banget dheweke. Padahal putus ae wingi, saiki wes wani wani e melbu omahku. Pinter....’
                “Lasti,” celuk ibune wektu Las arep menyang kamar maneh.
                “nggeh?”
                “Jere, Liz awakmu gak gelem ngekek i dhuwik marang Liz mau wektu istirahat. Kenopo iku?”
                “kulo mboten nggadah yotro bu, saestu.”
                “humph! Mbijuk,” Lizti nggremeng. “Aku gak peduli! Pokok e nek Liz njaluk opo opo kowe kudu nurut! Ora urus aku opo alasanne. Nek sampek lain wektu aku krungu awakmu mbantah, kowe tak gae nyesel tau lair!”
                “...” Las mung bisa nguasi ibune. ‘Salah kulo lair ten dunyo? Kulo nggeh mboten purun lair menawa ngertos urip kulo kaya ngeten.  Ibu mboten semerep penderitaan kulo. Ibu nggeh mboten semerep kulo gadah penyakit niku kan?’
                “NGERTI TA GAK?!” Las mung mantuk. “wes saiki sakwise kowe korah korah, resik i jeding, resik i gudang, ngumbah klambi trus ngepel. Lan aku ora pengen ngerti ana sitik wae kotoran sing ana. Ngerti?”
                “tapi,... kulo gadah ulangan mbenjeng lan-“
                “AKU GAK NGURUS KOWE ANA ULANGAN TA ORA! KOWE WANI YO MBANTAH KARO AKU! ANDRE!” Andre nggoceli Las, ben dheweke ora isa gerak. Moro moro ibu e nampar pipine Las, ora pengen kalah, Liz nonjok weteng e Las. Wong loro iku terus terusan ngajar Las sampek 30 menit suwene. Andre cuman ngadek nahan Las, dheweke ngerasa bersalah, tapi gak ngeculno tanganne. Bahkan malah melok nyaduk i Las. Sarah njambak rambut Las, trus narik rambut cah wedok iku sampek dheweke ngadeg,  “SAIKI LAKONI OPO SENG TAK PERINTAHNO! CEPET!!” Las mung bisa nurut.
                Sesuk nang sekolah.
                “dheleng en cah iku.”
                “yeeek. Dhelok en a, awak e. Wes lemu, uelek, trus dheleng en. Awak e babar benjut koyo ngunu.”
                “lha yo. ora percaya aku dhewekembak yu kembare Liz seng ayu ne kaya ngunu.”
                “hmm. Pantes ae dheweke ditinggal kakang e. Paling an kakang e isin ndue adhik kaya Las.”
                “iyo, nggumun aku lapo dheweke gak mati wae, cek sisan bareng bapak e,”
                Krungu kabeh bisik bisik iku, Las nyaris nangis. Opo maneh wektu wong wong iku ngomongno bapak e. Nyaris kabeh bocah nang sekolah iku ora seneng karo dheweke. Padahal dheweke ya ora lapo lapo. Ora ngrasa ndue salah marang bocah bocah iku. Saiki ketambahan karo bulli sing dheweke alami, dheweke tambah ngrasa depresi’ Opo saking elek e aku sampek wong wong pengen aku mati?’
                Las moleh sekolah jam set 6 sore, amarga ana kerja nang rumah sakit. Lan dekne ya kudu periksa. Nanging rupane mulih e Las ora disambut apik karo wong omah.
                “NANG NDI WAE KOWE?! Bali yamene nang ndi ae?! Aku kerjo tak gae mbayar awakmu sekolah bukane kluyuran! Tambah gede bukane tambah manut tapi tambah banggel ae!” pas wektu iku Liz melbu omah. Tapi bukane moreng moreng, Sarah malah nyambut Lis karo bahasa alus. hal iku nggarai Las muntab. “SAIKI SAKA ENDI WAE KOWE HAH?!” Sarah balik nyentak Las. Las wes ora tahan maneh.
                “KENAPA NJENENGAN PENGEN NGERTI HAH?! KENAPA NEK KAYA NGENE AE NJENENGAN MESTI NGGAE PERKARA?!”
                “LAS WANI WANI NE KOWE-“
                “OPO SE SENG WES TAK LAKONI IKU?! OPO SENG WES TAK LAKONI SAMPEK SAMPEK AKU KUDU NERIMO IKI KABEH? OPO AKU LAHIR IKU  KUTUKAN KANGGO IBU? NEK AKU KUTUKAN KENAPA AKU GAK DIPATENI WEKTU AKU CAKUT LAHIR, BU?!” mulai iki, air mata Las ngalir deres nang pipine. Ora peduli mbenakno basa gak sopan e marang ibu e dhewe. Bahkan Liz mandek, gak percaya Las iso ngomong karo ibune tanpa sopan santun. “sak meniko kulo nyoba sabar bu. njenengan mbedakaken kulo kalih Liz kulo sabar. Njenengan cuman ngapik i kulo wektu bapak tasih wonten ngge kulo sabar. Njenengan ngapusi Ryan ngge kulo sabar. Njenengan  terus ndawuhi kulo, nampar kulo, nggepuk i kulo, mboten adil kaliyan kulo, kulo ngge sabar. Tapi kulo nggeh nggadah bates bu. Kulo niku manungsa. Kulo meneng mawon mboten amargi napa napa. Kulo cuman mboten purun benci kaliyan ibu. Kulo tasih sayang kaliyan ibu, Ryan, Lizti, .... Bapak. Eleng en aku bu, aku anak njenengan. Nopo salah kulo, ngantos urip kulo dados ngeten niki?” takone alus. tapi reaksi Sarah duduk reaksi seng dipingini Las.
                PLAK!   
                Las nggoceli pipine karo nguasi shock marang wong nang ngarep e sing dheweke celuk ‘ibuk’.
                “JOGO SOPAN SANTUNMU!!” Las ora percaya karo jawaban ibune.
                “wes cukup aku karo keluarga iki...” bisik Las. Dheweke mlayu ninggalne ibune lan Lis sing shock karo apa sing lagi terjadi nang kunu.
                Las ngendarai mobil e karo nangis. Frustasi karo urip e. Dheweke ora percaya ibu kandung e bisa kaya ngunu. Kenapa urip e ora bisa kaya biyen. Wektu keluarga e dadi kaya keluarga paling harmonis. Ibu bapak e sayang karo Las, Liz mesti nempel karo Las njaluk i tulung, Ryan seng mesti cedek karo dheweke. Saiki, karo alasan seng gak jelas, uripe Las dadi kocar kacir. Lan ora ana hal  nang dunia iki sing Las pingini kecuali... mati.
                3 tahun sakwise...
                Ryan lan band e akhir e oleh pulang kampung karo manager e. Ora mung amarga persetujuan manager e seng nggarai Ryan pengen bali, tapi uga amarga firasat gak enak e marang Las. Dheweke ngrasa bersalah percaya karo ibune lan gak tau ngabari Las. Las terlalu berharga bagi Ryan.
                Seminggu Ryan wis nang omah. Tapi dheweke ora tahu petukan Las. Wektu takon marang ibune, ibune cuman njawab Las dolan nang omah e kancae. Liz ya kaya ngunu jawabanne. Ryan mulai curiga, dadi deweke arep takok maneh karo ibune.
                “bu,” ibune sing lagi ngresik i ruang tamu cuman nge-hmmm. “Las nang ndi bu?”
                “sekolah,” jawab e singkat. Tapi Ryan ora bakal percaya.
                “bu, ampun kaya ngoten kaliyan kulo. Kulo mboten ningali Las medal saking kamar seminggu kulo ten mriki,” respon Ryan jengkel. Dheweke pegel di bijuk i karo keluarga e terus terus an. Nyaris 4 tahun ora ketemu Las lan ora ngomong karo dheweke iku siksaan berat bagi Ryan. Sarah ngehela nafas.
                “Las saiki nang Citra Mulya,” jawab e. Ryan bingung. Lapo adhine nang rumah sakit? “jek koma paling,” Sarah neruske ngresiki ruang tamu. Ryan kaget ngrungokake Sarah njawab kayata iku hal biasa.
                “NAPA MAKSUDTE IBU LAS KOMA?! LAN KENGENG NAPA KAYATA IBU MBOTEN PEDULI KALIYAN LAS?!” amuk Ryan. Ibuk e cuman ngangkan bahu, biasa. Ryan tambah muntab. “AKU GAK PERCOYO RUPANE KELUARGAKU KOYO NGENEKI. KOWE YOYO TA LIZ?!” bengok e marang Liz sing lagi nang pintu ngarep. Cuman ndingkluk nguasi lantai ngerasa bersalah. Omongan e Ryan nggarai Sarah meneng.
                “GRRRR! WES GAK PEDULI AKU!” Ryan akhir e lungo marang rumah sakit karo konco se band e seng biyen iku kanca apik e Las. Sepanjang dalan deweke panik. Adhine koma kanggo mboh piro suwine lan ora ana seng ngewenehi weruh dheweke ta kanca band e.
                Melbu rumah sakit Citra Mulya, Ryan lan band e takon marang receptionist ruanganne Lasti Nur Azizah. Tapi penjaga resepsionis e ngomong menawa Las ora nang rumah sakit. Ryan lan band e terutama Daniel sahabat e Las tambah panik. Untung e ana Dr. Harris.
                “ana apa iki?”
                “niki pak, lare lare niki tanglet Las ten pundi,” Dr. Harris katon kaget.
                “oh... sampeyan sampeyan niki sinten nggeh?”
                “kulo Mas e Las dok, niki rencang rencang e Lasty dok.”jawab Ryan cepet.
                “oh, Las ora nang kene tapi ayo melok aku nang ruanganku. Ana sing pengen tak omongno,” sak wise kabeh pada nang kantor e dokter Harris, dokter umur 40 an iku mulai njelasno.“kayak e sampeyan mas sing di cerita no Las nang aku. aku kaget keluargane Las isih ana seng gelem peduli karo deweke,”
Ryan cuman masang wajang bingung, “wonten nopo sebener e dok? Ibu kulo mboten purun cerita dok.”
Dr. Harris ngehela nafas, ”tak ceritani tekan awal ae ya. 3 tahun iko sedurunge Las kecelakaan, Las sueneng nyambangi RS iki. Dheweke mesti rene nggowo boneka, nyanyi, nyenengno pasien pasien seng ana nang RS iki. Malah kadang ngrewangi suster ngrawat anak anak seng kena penyakit tumor lan kanker. Sampek sampek aku nganggep dheweke kaya anakku dhewe. Tapi  trus  Las oleh kecelakaan banjur koma. Persentase dheweke bakal tangi ya cilik. 3 ulan koma, ibu sampeyan, Sarah ngomong karo aku ben aku nyepot kabeh alat alat seng nulung dheweke ben tetep iso urip. Alasane dheweke ora ndue dhuwit lan ben Las dijar ake mati wae.” Ryan lan kanca kanca e mulai ngrasa sedih lan kudu mureng mureng. “jujur aku ra terimo, lan akhir e aku mutusno ngangkat Las dadi anakku lan ngrawat dhewek e. 1 tahun yang lalu Las siuman. Tapi saiki dheweke ora popo kok.”
                “lha-lha sakniki Las wonten pundi dok?” takon Daniel
                “iku-“
                Tok tok!
                “Yah,” Ryan lan band e noleh banjur kaget nguwasi Las nang lawang, senyum marang Dr. Harry. Tapi cah wedok iku nggae kerudung, mripate nguasi lemah lan pucet sak pucet pucet e uwong. “Ayah, bekal njenengan ketinggalan.” Las nglangkah maju tapi mlakune kudu dibantu stick sing ujung e nggrayah nggrayah apa sing nang ngarepe. Las kaya wong buta.
                “Las?” Ryan nyeluk ora percaya, dheweke nangis mikir adine kilangan penglihatan. “Las iku kowe ta? Iki aku Las, Ryan...”  senyum seng nang wajah e Las ilang. Air mata mulai ngalir nang pipie.
                “M-mas...R-ryan?”  Las ndeleh kotak bekal Ayah angkate lan tongkat e, banjur nggrayah tanganne. Pengen ngerti iku temenan mas e apa duduk. Ryan nggoceli tangan kanan e Las lan Daniel nggocel i tangan kirine. Kabeh wong podo nangis nang ruangan iku, kecuali Dr. Harris sing senyum nguasi iku. Ryan langsung ngrangkul Las. “Mas....Mas...”
                “Iyo dek, aku nang kene..” tangis e Ryan.
                “Mas aku buta... aku buta mas.... kenopo aku ora mati wae mas...” tangis e Las tambah banter.
                “shhh.. ojo ngomong ngunu, aku nang kene, aku nang kene, dek..” Daniel nyium tangan kiri Las karo nangis. 2 kanca liyane, Fathan karo Zaky, cuman ndeleng karo senyum. “aku karo liyane nang kene kok,” Las langsung ngerti maksud e liyane iku sopo. Dheweke nglepas pelukan lan senyum marang ke 4 cah lanang iku.
                “Selamat datang mas... aku kangen kalian..”
                “Aku pulang dek...”
                .
                Ryan karo Las lagi nang taman. Bedone cah iku ora nggawe kerudung, sirah e sing wis ora ana rambut e nyandar nang bahune Ryan. Seneng kang mas e akhir e bali lan peduli marang Las maneh. Kaya biyen. Srengenge wes arep mudun nang horizon, nandakake yen arep magrib bar iku.
                “mas... “
                “ya dek?”
                “aku sayang sampeyan. Aku sayang ibu, aku sayang Lis, sayang ayah, aku yo sayang Daniel karo band. iso gak sampeyan nyampekno iku ?”
                “kenapa ora tok sampekno dhewe dhek?” bales Ryan alus karo ngelus pundak e Las.
                “aku kudu ketemu bapak mas. Bapak ngenteni aku...” Ryan kaget tapi tetep njajal tengang. Dhewek e ngerti opo sing bakal kedadean. Mripat e perih nahan air mata.
                “apa kudu saiki nduk?”
                “aku gak ndue waktu maneh mas,” jawab e lemes. “aku pegel...” air mata ngalir saka pelupuk mata e Ryan. Matahari setengah tenggelam. “aku pengen istirahat...”
                “ndang bubuk dhek. Aku nang kene kok...”
                “hmmm... eleng en aku mas, aku sayang sampeyan, mesti... selamat malam...” Las nyium pipi Ryan banjur nyender maneh nang pundak e. Mripat e perlahan nutup. Ryan nyium dahi e Las.
                “selamat malem dek... mas yo sayang kamu,” Las turu karo senyum. Nggowo kabeh lara ing uripe selama iki lan kanker kang dekne derita nang turune.
                .
                .
RIP 
LASTY NUR AZIZAH 
03-12-2013



TAMAT

0 komentar:

Posting Komentar

 
Toggle Footer