Wong koyok
Salak
Dening : Dwi Chrisdiana (06)
Rila arek
kelas 9, dewek e arek wedok seng meneng,sregep , lan ra kakean polah koyok arek
jaman sak iki seng senengane dolan. Nanging, arek e gak seneng karo
konco-koncone seng nakal. Arek e duwe sahabat 3, jeneng e Nita, Elsa lan Ahmad.
Arek 3 iku mesti bareng lak ngerjakno tugas ing sekolah, podo-podo sregep sinau
e lan isok dadi nggon curhat seng enak gawe Rila.
Rila nduweni
konco seng jeneng e Tyo, arek e iku konco e Rila seng paleng nakal nang kelas.
Arek e mesti garai Rila lan konco e nang kelas. Arek e yo seneng mbolos wektu
pelajaran, seneng ngentai guru lak wektu jelasno lan mesti telat lak budal
sekolah. Arek e gelek di kongkon ngadek nang ngarep kelas rong jam pelajaran
amergo orah garap tugas. Nanging arek e yo gak ngerti kapok, diterusno sak
penak e dewe kelakuanne seng elek iku.
Wektu ing
kelas, Rila lungguh ing bangku pojok an ngguri. Arek e dewean garap tugas seng
lagek dikek i karo guru e, soal e sahabat e lagi istirahat nang kantin.
Ujug-ujug enek seng marani Rila, “ Aku mengko nyonto yo?” omong e Tyo nang Rila
karo lungguh bangku ngarep e Rila. “ Nggarap dewe ya, mosok yo nyonto terus
penggaweanmu.” Jawab e Rila karo nguwasi buku. “ Yowes, ancene awakmu medit.”
Saut e Tyo nang Rila ambi ninggal Rila. Rila mek meneng nguwasi Tyo metu kelas
ninggal areke. Mikir e Rila, arek koyok Tyo iku mek iso nakal tok ra iso dadi
wong apik. Sak wis e istirahat, wektu pelajaran matematika kosong. Rila ambek sahabat
e sinau, nanging Tyo lan sak kancan-kancane malah nyetel lagu lan njoget nang
ngerep kelas. Rila lan sahabat e ngarasa gak penak sinau, arek e nyeneni Tyo
lan kanca-kancane. “ojok rame-rame talah ! iki lagi sinau.” Omong e Rila karo
ngadek. “ Biasa ae se, refresing jok sinau ae.” Jawab e koncone Tyo. Tyo mek
nguwasi terus mbalek njoget gak gatekno Rila.
Rila
langsung metu kelas ora betah karo Tyo lan kancane seng rame terus. Sak wis e
pelajaran matematika mari, Rila melbu kelas ate mangkat mulih. Nanging, wektu
ngecek buku e, buku tugas e gak enek. Arek e golek i ning slorokan bangku
kelas, di golek I mumet gak enek. Rila takon nang konco kelas e tapi jawab e
ora ngerti kabeh. Nanging,Tyo meneng ae ora njawab. “ Bukuku mok gowo yo?”
takonne Rila nang Tyo. “ Lak iyo lapo?” jawab e Tyo karo nguwasi bangku. Rila
langsung muring-muring gak jelas nang Tyo. Nanging, “ Ancene aku maeng nyilih
gak mok oleh i” omong e Tyo ambek ngekekno buku nang Rila.Rila langsung meneng
lan ninggalno kelas.
Mene ne,
Rila gak naruh karo Tyo. Padahal Tyo garai arek e, ndelekno hp ne sampek wektu
istirahat. Nanging, dinjarno karo Rila, amargo Rila ngerti iku mesti
penggaweane Tyo. Wektu bar istirahat Rila meneng ae dikelas, Tyo marani Rila
ngekekno hp ambek ate nyonto tugas. Nanging, Rila meneng ae ora ngatur Tyo. Tyo
terus mbalek nang bangku e, arek e nguwasi Rila terus ambek meneng nang bangku.
Konco e podo nguwasi Rila, amergo kaet iki Rila ora naruh Tyo. Nanging, Tyo jek
tetep kelakuanne. Bar nguwasi Rila ambek meneng, arek e garai konco e seng
liyane. Konco sak kelas e iku yo podo jengkel karo Tyo, soal e arek e ra iso
meneng ngriwuk i wong terus. Nanging, konco e Rila nganggep Tyo koyok ra enek
mangkakne di njarno sak tilah-tilah e Tyo.
Rila terus
gak naruh Tyo sampek 2 dina, tapi Tyo jek tetep garai Rila. “ Ril, kemenyek se
awakmu. Ra tau ngomongambek aku “ Tyo ngomong dewe wektu Rila lewat nang ngarep
e Tyo lan kanca-kancane. Kanca-kancane Tyo mung meneng gak ngatur Tyo lan Rila.
Dina iku, Rila nang kantin pas jam pelajaran terakhir. Soal e pelajaranne
kosong guru e enek rapat. Tyo mulai tilah, arek e ndelekno tas e Rila lan
didekek nang loker e guru. Wektu Rila mbalek nang kelas, arek e bingung golek i
tas e sampek tonggo kelas e bingung enek opo. Sampek Rila pegel golek i lan
arek e nangis ing bangku. Tyo meneng ae koyok ra peduli, nanging sejatine areke
nguwasi Rila ket arek mbalek nang kelas. Ngerti Rila nangis, Tyo terus mbalekno
tas Rila. “ Nyoh tasmu, ngunu ae nangis misek-misek,koyok di tinggal pacar ae
.” omong e Tyo ambek ngekekno tas nang Rila. Rila nyaut tas seng dikekno Tyo, “
awakmu kok mesti garai se, jembek aku.” omong e Rila karo nangis. “ karepku se”
jawab e Tyo karo ngguyu lan ngaleh ninggal Rila.
Rila terus
mulih, senajan durung wayah e mulih. Nanging sak wis e Rila mulih, wali kelas e
Rila nang kelas ngekekne lembar biji les BBI seng kudu ditanda tangani karo
wong tuane murid. Lembar biji e iku kudu ditumpuk mene isuk jarene wali kelas e
Rila. “Bu, seng pun mantun yok nopo?” takonne Tyo nang wali kelas e. “Yo seng
omah e cedek titip digawakno rek, mosok yo emoh. Yowes ndang di dumno” Jawab e
wali kelas e. Kanca-kancane Rila podo humek, seng gowo lembar biji e Rila sopo,
amarga omah e Rila adoh. Ujug-ujug Tyo njupuk lembar biji e Rila lan takon nang
kanca-kanca e omah e Rila nang endi. Tyo dikandani kancane omah e Rila nang
endi lan Tyo langsung gupuh mulih. Tyo langsung nang omah e Rila tanpa salin
disek. Akhir e Tyo nemokno omah e Rila sak wis e mumet-mumet. Rila kaget lapo
kok Tyo nang omah e, ternyata cumak ngeterno lembar biji seng kudu ditumpuk
mene isuk. Tyo ngeterno lambar biji lan njalok sepura nang Rila amarga terus
garai arek e, maksud e areke cumak guyon. Rila nyepurani Tyo lan mikir lak
nyata e arek seng nakal iku isok apik gak mesti elek lan gawe loro atine arek.
0 komentar:
Posting Komentar