Breaking News
Loading...
11 September 2016

Preian menyang Jogja (RACHMA YAYANK MOEZTHAMY) 19

Preian menyang jogja

Pengalamanku preian unggah2an kelas aku lan keluarga ku mlaku-mlaku menyang Agrowisata Salak Pondoh ing Sleman Jogjakarta. Aku lunga nggunakne mobil pribadi. Aku mangkat saka omah jam 1 awan sakwise sembayang dhuhur. Dalan e rame banget amarga musim e preian dalanan podo macet. Neng tengah ndalan aku ndeleng pemandangan kiwo tengen sing nyenengke banget.
Tekan Nganjuk aku mampir sholat ashar lan mangan. Sakwise iku aku langsung ngelanjutake perjalanan menyang Jogja. Dalanan wes mulai sepi, aku nganti kana jam 8 bengi. Aku langsung njujuk omah e dulurku, tekan kana aku langsung adus. Sakwise adus aku mangan lan langsung turu. 
Isuk e aku tangi jam 5 langsung diajak dulurku menyang agrowisata salak pondoh. Panggon e ora adoh, mung 100 meter saka omahe. Aku langsung mlaku mlaku bareng keluarga di sambi olahraga isuk. Tekan agrowisata aku ndeleng pemandangan sing indah banget. Hawane adem lan sejuk.
Kebetulan dulurku nduwe kebun ning kana. Aku langsung iso metik salak dewe, bareng keluarga aku metik salak sing wis mateng. Ning kana akeh banget kebun salak sing wis pada siap panen. Lewat dalan dalan cilik aku ngelewati mung kanggo njupuk salak sing wis siap dipetik.
Salak sing wis mateng iso langsung dipangan ing panggon. Rasane legi banget lan enak. Sakjam aku lan keluarga metik salak, Alhamdulillah wis oleh 2 kardus lan iso digowo muleh menyang jombang.
Sakwise iku aku balik menyang omah e dulurku, aku istirahat lan ngeresiki salak salak sing wis dipetik ing kebun mau. Aku ngewangi dulurku ngeresiki saka rusuhan sing nempel ana ing salak e. sakwise ngeresiki salak, aku istirahat bareng keluargaku amarga arepe balik menyang jombang.

2 jam aku turu, gak kerasa wis jam 11 awan. Aku langsung mangkat adus. Jam setengah 1 awan sakwise sembayang dhuhur aku lan keluarga mangkat balik menyang Jombang. Ing tengah dalan aku menikmati pemandangan sing ana ing kiwo tengen e dalan menuju Jombang. Pemandangan e indah banget, aku ngerasa bungah. Ing solo aku mandek amarga wis wayah e sembayang ashar lan mangan. 1 jam aku mandek ing Solo.

 Sakwise iku aku ngelanjutake perjalanan menyang Jombang. Tekan madiun sekitar jam 6 bengi aku mandek maneh gawe sembayang maghrib. Hawane pas iku adem banget. Sakwise iku aku banjur ngelanjutake maneh, aku keturon amarga aku kesel banget. Gak krasa jam 9 bengi aku wes tekan omah, aku dibugah ibuku, aku langsung tangi. Sakwise saka omah aku langsung adus lan turu. Iki pengalaman preianku, aku bungah banget iso preian bareng keluarga.

0 komentar:

Posting Komentar

 
Toggle Footer