Breaking News
Loading...
11 September 2016

OJO DUMEH (MEYDIANA IKA VANIA F) (11)




OJO DUMEH
Putrinipun Pak lurah sing cerdas iki jenenge Laudya. Laudya saiki lulusan saka SMP Bhakti Tjahaja Pratiwi  tahun iki. Impian e yaiku nerusna ing SMA Budi Oetomo. Ora tanggung-tanggung usahane isuk awan bengi sinau lan ndunga marang Gusti Kang Maha Agung. Laudya gelek melu lomba olimpiade lan mesti katut ing provinsi ananging mesti gagal ing penyisihan tingkat nasional. Amarga anak siji-sijine Pak Lurah ,gawe ngasah kecerdasane Laudya entuk fasilitas Les privat sing dipesen kanggo ngajari Laudya supaya bisa ngungguli kanca-kacane. Ambisi  e Laudya melbu SMA budi Oetomo supaya bisa melu olimpiade tingkat nasional , amarga siji-sijine SMA ing Kabupaten Kuningan sing iso nembus tingkat nasional yo mung SMA Budi Oetomo.
Tekat lan angen-angen e Laudya iki didukung karo Pak Lurah lan Bu Lurah. Cita-cita e Laudya yaiku dadi dokter, makane saka SMP olimpiade sing mesti dieloki Laudya yaiku olimpiade Biologi. Laudya iki arek sing tomboi nanging manja. Sakwis e dinyatakno lulus saka SMP Bhakti Tjahaya Pratiwi Laudya banjur daftar ing SMA Budi Oetomo, nanging Laudya sempet bingung amarga persyaratan daftar e kudu milih 2 SMA, pas ditakoni karo petugas sing ngeinput data pilihan SMA Laudya angger nyeplos ae pilihan pertama e yaiku SMA Budi Oetomo lan pilihan kedua e yaiku SMA Tujuh Belas Agustus. Pengumuman e ngenteni 2 minggu saka dina pendaftaran.
Dina iki dina sing nyenengno gawe Laudya. Amarga saiki pengumuman penerimaan siswa anyar ing SMA Budi Oetomo lan Laudya ketrima dadi salah sijine siswa ing kono.Bapak lan Ibu Lurah langsung ngadaake tasyakuran sing ngundang Bapak lan Ibu pejabat Desa. Sakwis e resmi dadi siswa SMA banjur diadhepake karo kegiatan mos lan tes penjurusan. Sakdurunge mos siswa anyar dikek i tenggang waktu seminggu kanggo ngentekno prei tahun ajaran anyar. Saiki tepat dino pertama melbu SMA lan kakak osis nduduh i peraturan sekolah banjur tata tertib siswa lan tugas nggawe buku mos. Dina pertama mos mung pembelajaran materi saka Guru lan pengenalan wawasan wiyata mandala banjur ngumpulno buku sing wes digawe lan kakak kelas nambahi tugas maneh yaiku nggawe golekan sakak kapuk lan kaoskaki, Amarga Laudya ora seneng kerajinan lan males nggawe Pak lurah banjur mbayari wong kanggo nyelesaino tugas Mos e Laudya amarga pak lurah mung nekanno Laudya kanggo sinau pelajaran formal. Dina kedua pengumpulan tugas boneka lan boneka e Laudya sing dadi juara amarga paling apik dewe. Ora ana kecurigaan saka kakak osis lek boneka iku gawenan wong liyo sing ahli e. Dina ketiga mos utawa dina terakhir iki kakak osis menehi tugas nggawe pot, maneh Laudya karo sepenak e ngongkon wong lan emoh kerjo dewe, uripe mung sinau-sinau lan sinau supaya tujuan e kawujud. Dina katelu iki ana sosialisasi tentang penjurusan lan pemilihan bidang studi kanggo olimpiade lan pengumuman golekan lan pot paling apik. Banjur kabeh kena ing Laudya. Tekok kunu muncul sifat bangga lan rodok sombong saka Laudya. Banjur kakak osis ngewenehi kewenangan Laudya kanggo milih mata pelajaran opo sing kate dieloki kanggo pembinaan olimpiade tanpa tes. Laudya banjur milih biologi, akeh arek sing salut lan kepengen kaya Laudya. Laudya termasuk bejo amarag bisa melbu pembinaan olimpiade biologi sing kuota e mung disediani kanggo 30 siswa.
Dina kepapat iki wayah e tes penjurusan lan tes olimpiade. Karo rodok sombonge Laudya ing njero ati muni “alah pasti aku melbu kelas unggulan ipa+ , lan sainganku ora ana apa-apane saka aku. Lan maneh-maneh bejane Laudya iso melbu kelas 10 ipa+. Laudya duwe kanca anyar jenenge Maryam podo-podo kelas10 Ipa+ lan melu pembinaan olimpiade biologi. Maryam iki bocah e mandiri, ora secerdas Laudya nanging pintere amarga rajin. Ngerti kartu iki banjur Laudya nganggep enteng Maryam. Laudya ing kelas terkenal sok lan ora tau gelem nggarap tugas , sinau biologi matematika fisika kimia bahasa inggris terus tanpa nggatek pelajaran liyo, ambisine tambah muncak pas deweke kepilih maju tingkat olimpiade nasional kanggo makili sekolah. Sakjoke pengumuman iki Laudya malah orah tau sawang sinawang karo wong lan ijol esem pokok e sinau. Sombong e malah orah karuan lan diajangi jembar karo bapak e yen tugas sekolah diweneh no guru les e.
Ing pembinaan iki Laudya ora dewean. Deweke dikancani karo Maryam sing bakal dadi saingane amarga sekolah ngirim perwakilan 2 siswa. Krungu pengumuman iki laudya tambah ngentengno amarga deweke eroh Maryam orah secerdas Laudya. Guneman e laudya ing njero ati “ Maryam iki mung pinter sregem ora pinter cerdas kaya aku, orah pantes nyanding dadi musuhku ing olimpiade iki, siap-siap ae kalah”.
“Mar yokpiye persiapanmu gawe olimpiade iki”(takok e Laudya nang Maryam)
“sinau lan ndungo Lau, sakwise iku diserahno nang gusti Allah”(jawabe Maryam)
 “wes to Mar , kowe ki rausah sinau pegel-pegel, mesti aku sing menang wong iqku luwih duwur ketimbang kowe” (jawab e Laudya karo ngguyu ngenyek).
Maryam mung ngesemi lan istighfar ngerungokno omongan e Laudya.
            Isuk e Laudya karo Maryam entuk pengarahan sakdurunge dikirim ing panggon karantina. Jam 8 pas arek loro banjur budal ing pusat panggon karantina. Nang kono ora ndungo ora apa saking senenge Laudya lali marang gusti Allah amarga ambisine menang nutupi atine lan sombong e dadi munclak-munclak kaya geni. Babak pertama sampe 5 besar Laudya lan Maryam katut, lan saiki pengumuman 2 besar gawe ngewakili Indonesia ing tingkat Internasional. Saben peserta deg-degan lan lambene umik-umik dungo, Laudya karo sombonge ngomong banter “yo pasti aku seng menang, soale kecil-kecil saingane orah abot blas” sakwantara langsung kabeh wong noleh ing Laudya karo wajah sinis kaget. Jam 5  sore pas panitia ngumumno hasil olimpiade saka 5 besar sing melok juara 5 yaiku Anasasianta saka SMA Kedaungan Jaya. Juara 4 yaiku Farmed Mody saka SMA Watu Kidul, juara 3 Laudya Ayu Raharjodiningrat saka SMA Budi Oetomo, juara 2 saka SMA Muhammadiyah yaiku Arsenio Zain Runako, Lan juara 1 yaiku Maryam Arzetty Az-zahra saka SMA Budi Oetomo. Amarga pengumuman iki Laudya nangis lan langsung mulih ora gelem njukuk hadiah.

0 komentar:

Posting Komentar

 
Toggle Footer