Limited
Edition
Dening : Trisya Titania K. A
Dening : Trisya Titania K. A
Kriinggg ... Kriinggg
... Kriinggg ... Swara weker saka sijining kamar sing swarane banter ora ana
leren e mung supaya bisa nangino sing nduwe kamar iku. Jeneng e Naila, bocah
wadon umur 17 taun sing dikenal karo prilaku alane, salah sijine yaiku malesan.
Kayata saiki, nalika weker wis nyuwara nanging Naila yo durung pindah saktitik
wae saka paturone. Sanadyan dina iki dhèwèké kudu meloki upacara ing sekolahe,
dene gapura sekolah bakal ditutup ing 06.30. Akhire karo kapekso Ibune Naila
sing nangina, "Naila!!! Cepet tangi!! Wis jam 6 luwih 20 iki loh nduk!".
Naila langsung tangi lan age-age adus banjur budhal menyang sekolah.
Sakmarine upacara,
Naila iki disebut kanggo menyang ngarep lapangan amarga telat 5 menit. Ukuman
wis jelas diwenehno kanggo dheweke, nanging dheweke katon anteng wae malah isih
bisa eseman. "Kok yo kowe maneh toh nduk nduk, ora blenger tah diukum
terus!", Pak Bambang muring-muring. "Kula nyuwun pangapunten
Pak," iki uga wis 1.000 kaline Naila ngucapake tembung iku. Ya ora kaget,
yen Naila ora duwe kanca sing akeh, malah padha wenehi julukan marang dheweke
yaiku "Naila Si Ratu Masalah",
amarga dheweke asring nggawé masalah. Nanging miturut Naila, dheweke iku wong
sing Limited Edition, dheweke mikir
yen dheweke kuwi beda saka liyane. Jam wulangan diwiwiti, nanging sadurunge
menehi materi, Ibu Siti sing uga dadi wali kelas XI Bahasa 2 panggonane Naila
ngupaya kawruh bakal nggawe woro-woro. "Minggu ngarep sekolah kita bakal
ana Kegiatan Bakti Sosial ing salah siji desa sing kena musibah banjir.
Sampeyan bisa uga nyumbang apa wae, nanging sing paling penting bisa ngewangi langsung ing kono",
panjelasane bu Siti. Woro-woro iki nggawe saisi kelas geger. Akeh sing ora setuju, kayata Rena mungsuh paling
gedhene Naila sing uga melu ora setuju. "Hahh? Menapa kedah Bu kita
maringi bantuan ingkang langsung mrika? Nggilani toh Bu, mending kita wisata
dateng pundi ngoten Bu?", sarane Rena sing langsung gawe kabeh murid
ngguyu cekikikan. "Dhasar arek manja, kegiatan kaya ngunu wae wis wedi,
hhhuuhh !!”, balas Naila. "Naila Si
Ratu Masalah” wis ora usah melu ngomong, paling ing kono kowe ya ora gelem
ngewangi!", Rena ora terima. Bu Siti banjur nengahi gegeran iku ing kelas,
"Wis toh nak, aja ana sing mbantah ya. Iku kegiatan positif sing bisa
sampeyan jupuk pengalamane ". "Inggih Bu", jawab kabeh murid
bebarengan.
Minggu ngarepe.....
Dino iki murid-murid
SMA N 3 Jombang ana kegiatan bakti sosial, wiwit padha age-age menyang base camp amarga padha bakal diwenehi
karo macem-macem tugas ing saben kelompok. Ana sing ditugasi kanggo ngresiki omah, ndandani bangunan lan fasilitas, ngewenehi sawetara
sembako marang warga, ana uga sing tugase kanggo membelajari bocah ing desa iku
lan kebetulan sing diwenehi tugas iku ya kelompoke Naila. "Pak, kula kok
dipasangake kaliyan Naila toh Pak, pasti dheweke mboten purun kerja
"protes Rena marang Pak Bambang sing nggawe keputusan yen Rena dipasangake
karo “Ratu Masalah”. Pak Bambang ora
nggatekake protes saka Rena malah banjur dhawuh marang murid-murid supaya bisa
langsung kerja marang tugase dhewe-dhewe. Naila lan Rena kabagian ing panggonan
cilik, ana kira-kira 20 bocah ing panggon iku. Wiwitane Naila lan Rena ora
gelem kerja bareng, nanging nalika padha weruh kahanan saka bocah-bocah akhir e
padha ngerasa iba banjur wiwit bantu mulang sawetara piwulang kadhangkala uga
diajak dulinan.
Sakrampunge Naila lan
Rena marino tugase, bocah-bocah padha bali menyang posko pengungsiane. Nanging
ana siji anak sing isih manggon ana ing kono. Jenengé Niko, nalika wektu sinau
mau dheweke sing paling antusias. Amarga penasaran, Naila nyedhaki dheweke.
"Kenapa kowe kok isih nang kene dek? Ngenteni sapa toh?", pitakone
Naila. Niko isih bisu. "Uwes toh Nai, ayo awakdhewe bali wae. Palingan
dheweke yo bakal disusul karo Ibu utawa bapake”, ucape Rena. "Ayah lan Ibu
kula sampun seda mbak", Niko mbuka omonge. Krungu ukara iku, Naila lan
Rena kaget. "Sepurane yo dek, aku lan koncoku ora pengen ngelarani atimu
kok dek", omong Naila. “Ya, tenanan aku ora ngerti. Sepurane tenan ya”,
tambahe Rena. "Ora apa-apa mbak, kula wis tabah wis ikhlas. Menawa Gusti
Allah ngersakaken kula dadi luwih mandiri maneh lan ora ngerepoti wong liya.
Amarga biyen kula iku malesan, manja, egois, ya kabeh prilaku kula ala tenan.
Nanging saiki kula bakal manggon urip dhewe uga mbiayai dhewe pisan. Amarga iku
kula pengin dadi pinter lan bisa ngeraih cita-cita. Maturnuwun ya mbak wis
ngebantu sinau dina iki", ucape Niko karo mripate katon kudu nangis.
"Aku percaya yen kowe mesti bisa Niko, wis dipasrahna wae kabeh marang
Gusti Allah. Lan elinga kowe ora dhewe, akeh sing isih peduli karo kowe.
Oke?", ucape Naila karo ngacungno jempole. Rena uga nambahi, "Iya
bener iku Niko. Kowe kudu tetep semangat, semangaatt,
semaaangaaaaattttt!!!". Niko manthuk lan mesem banjur pamitan kanggo bali
dhewean menyang posko pangungsèn.
Saka pengalaman iki,
Naila lan Rena pungkasane dadi sakanca sing rukun. Rena saiki ora dadi bocah
sing manja lan akèh ngomonge. Uga Naila ya wiwit ngganti sikap lan prilaku
alane ben ora males-malesan maneh lan bisa ngormati wong liyane. Dheweke wis
bisa tangi isuk malah tanpa weker, kabeh pakaryane dirampungna kanthi apik lan Naila
uga duwe kanca akeh saiki, kalebu Rena. Naila mikir yen wong sing Limited Edition iku kudune Niko, amarga
dheweke wis dicobai kayata ngunu nanging dheweke tetep sabar, ikhlas, lan tetep
semangat. Jarang ana bocah sing kaya ngunu ing donya iki.
0 komentar:
Posting Komentar