Breaking News
Loading...
11 September 2016

Gara - Gara Handphone dening Eka Anistalia

Gara - Gara Handphone

Ning njero kelas, yaiku ing kelas 9D ana 2 siswi sing lagi guyonan nalika ngaso. Bocah bocah iku mau sak pasang kanca cedhak, jenenge Dita lan Rina. Dekne kabeh wis dadi kanca cedhak ket SMP lan gelek ngentekno wektu bareng. Budhal sekolah bareng, sinau bareng, nganti ora jarang Rina nginep ing omahe Dita utawa sakwalike.
Rani iku anak tunggal ing keluwargane. Ibune wis seda nalika Rani isih kelas 8 SMP. Dene  Dita anak kepindha ing keluwargane. Rani mesti ngerasa kijenan yen ing omah, amarga bapakke repot nyambut gawe. Sahingga dheweke mesti ngajak Dita nginep ing omahe , Dita ya karo ati seneng ngiyakne.
Rina lan Dita mesti rukun, ora tau tukaran. Rina lan Dita uga nduwe hobby sing padha, yaiku maca buku, mbuh iku buku pelajaran utawa buku cerita. Sahingga dekne kabeh gelek ning toko buku lan perpustakaan bareng. Rina lan Dita pengen mengko sak sekolah maneh yen wis SMA. Dadi yen ada pelajaran sing rada angel, Rina lan Dita padha mbiyantu sinau siji marang sijine supaya bijine padha apike
Kaya biasane, yen dina Sabtu Rina bakal nginep ning omahe Dita utawa sakwalike amarga dina Minggu kan prei. Dina iki Dita nginep ning omahe Rina. Dheweke bakal mulih ning omah dina Minggu sore. Amarga gelek e Dita nginep ning omahe Rina, sahingga wong tuwa Rina wis kenal karo Dina banget, nganti nganggep kaya dene anak e dhewe. Wong tuwane Dita ya  padha kaya wong tuwane Rina marang Dita.
Nanging ing sawijining dina, yaiku nalika Rina ngenteni Dita kanggo budhal bareng nang toko buku, Rina ngenteni Dita ing pinggir dalan karo dulinan HPne. Dheweke ngenteni balesan sms saka Dita. Ing mburine ana Dita sing kate nggetak Rina
Sawise cedhak, Dita nggetak Rina. Amarga kaget, Rina nganti ngerutuhna HPne. HPne uga kelindes ban sepeda motor sing liwat. Karo karone padha melongo. Dita ora nyangka yen bakalan kaya ngunu pungkasane
Banjur Rina njupuk Handphone e karo nangis. Dita bingung lan ngerasa ora penak karo Rina. Sakjane  HP iku barang kang disayangi banget karo Rina amarga HP iku paweweh pungkasan saka ibune. Ibune Rina wis seda 1 tahun kepungkur amarga kecelakaan. Sahingga bisa diarani barang iku barang kang berharga banget gawe Rina, senajan sakjane Rina isa ae tuku Handphone anyar amarga Rina pancen isa tuku dhewe.
Rina ora isa nahan nesune marang Dita. Karo nangis , dheweke ngomong “ Dita ! Kenapa kowe kaya ngene ? Kowe weruh opo ora seh yen barang iki barang sing tak sayang banget. Iki paweweh pungkasan saka ibuku”. Karo wedi wedi Dita mbales “ Sepurane Rina. Aku maeng ora mikir sampe kunu. Aku maeng mung guyon”. “ Mangkane yen guyon dipikir dhisik. Kowe weruh opo ara seh tak rasakno saiki piye? balese Rina. Dita njaluk sepura bulak balik lan ngomong yen engko ditukokno HP sing anyar. Rina tambah nesu krungu iku lan ngomong yen paweweh saka ibune ora bakal isa diganti karo opo wae senajan karo HP sing padha persis. Dheweke banjur ngaleh lan ngomong “ aku gething karo kowe. Kowe wis dudu kancaku maneh”. Dita nyoba ngejar tapi Rina wis kesusu ngaleh
Ket dina iku, Rina lan Dita wis ora sapa sapaan maneh. Nganti ing kelas, Rina njaluk pindah bangku karo kancane sing liya amarga biyen kan dheweke lungguh ning jejere Dita. Sakajane  Dita mesti usaha njaluk sepura marang Rina tapi Rina ora tau nggatekake. Yen papas an ning dalan, Rina uga bakal melengos saka Dita.
Sakjane  Rina ora tega yen nglakoke Dita kaya ngunu, ngeleng ngeleng biyen dekne kabeh kanca cedhak. Dheweke ngerasa kliru amarga saben dina Dita nyoba ngomong lan njaluk sepura nang dheweke nanging ora tau digatekakake. Nanging dheweke uga ngerasa kliru karo ibune amarga ora bisa njaga paweweh pungkasan ibune karo apik. Dheweke dadi bingung.
Amarga terus mikirno iku, Rina sampek ora bisa turu. Nalika keturon, dheweke ngimpi ketemu ibune. Ning impine iku, ibune ngomong yen dheweke ora nesu amarga HP saka ibune rusak. Ibune ngomong yen ora usah ngerasa bersalah lan ngomong yen Rina kudu rukun maneh karo Dita amarga Dita kan ora sengaja nglakokake. Ibune uga ngomong  eman yen persahabatan Rina lan Dita kudu pedhot mung amarga iku mau.
Mene isuke, Rina ngerencanakake nemoni Dita gawe njaluk sepura amarga kelakuane dek wingi wingine. Nalika sampek ing sekolah, Rina nggoleki Dita ning kelas nanging ora ketemu. Nganti bel sekolah muni, Dita durung ana ning kelas. Nalika pelajaran, ana guru piket sing melbu ngekekno surate Dita sing ora melbu amarga lara.
Rina ngerencanakake njenguk Dita mengko mulih sekolah. Nanging pas mulih sekolah Rina ora isa njenguk Dita amarga ana tugas kelompok. Dheweke ngerasa sedhih. Dheweke nyesel ora njaluk sepura ket iko nang Dita.
Mene isuke, Rina ngenteni Dita ning ngarep kelas. Nanging Dita ora teko teko senajan bel melbu sekolah wis muni. Rina pungkasane melbu kelas karo rai sedhih. Sawise bel muni, Dita teko. Dheweke keri melbu sekolah. Rina ngerasa seneng amarga Dita wis waras.
Nalika bel ngaso, Rina marani Dita. Dheweke njaluk Dita gawe ngomong diluk. Dita mung nguwasi Rina karo ora percaya lan sumringah amarga Rina wis gelem ngomong karo dheweke maneh. Karo ati seneng dheweke nerima
Rina njaluk sepura amarga kelakuane dheweke marang Dita dek wing wingi. Rina uga ngomong yen Dita wis ora usah kuwatir masalah HPne maneh. Nanging Dita ngomong yen sakjane sing njaluk sepura iku dheweke, dudu Rina , amarga sing salah iku dheweke. Pungkasane Rina lan Dita padha ngapura lan dadi kanca cedhak maneh. Dita uga bakal nukokake HP sing anyar gawe Dita gawe penjalukan sepurane. Sakjane Rina ora gelem, nanging Dita meksa.Pungkasane  Rina lan Dita dadi kanca cedhak maneh lan bakal terus njaga persahabatan dekne kabeh maneh



0 komentar:

Posting Komentar

 
Toggle Footer