Suasana kang endah diselingi suara manuk podo semrawutan nandaake wektu wis isuk. "Deva.. Diva.. ndang tangi nduk srengenge wis muncul saka etan.. kowe opo ora mangkat sekolah nduk? Mengko kowe terlambat budhal sekolah lho!" ucapane ibu e saka ngarepan lawang kamar. "Inggeh buk.. niki sampun tangi" ucapane deva lan diva bebarengan. Sakwise iku banjur tangi bukak lawang seng nang ngarepe lawang ana ibu e. "Lapo kowe cengar cengir, wis kono ndang adus bocah ayu ayu" guyone ibu e marang anak - anak e. "Inggih buk.. kula tak iyam rumiyin" omonge Deva. Iki kan dina mu kawitan mlebu sekolah nang SMA, apa kowe ora mangkat luwih isuk supaya ora kena hukum ane mas lan mbak ndukuran mu?". Mboten nopo buk.. mangke kakak senior kula, kula ajak e kenalan hehehe." Ucapane Diva. Iya wis kono ndang adus gantian marang dulurmu!". "inggeh..."
Ga nyongko aku wis gedhe wis kalebu sekolah SMA.. piye ya kahanan suasana e sekolah nang SMA? Apa aku bakalan dadi arek nge hits utowo dadi arek sing nduweni pacar kakak kelas sing paling handsome lan awesome? Wes ah malah kegendengen yen kakean mikirno iku kabeh. "ucape Diva seng nggeremeng dhewe."
ing sisi liyo, Deva khawatir wedi ora entok kanca lan ora bisa bergaul marang kekancane. "Apa aku kadu se endel kaya Diva supaya bisa dadi arek nge hits ing gebakane bocah ayu ayu? Wes apa anane aku iki.. tak terima apa anane.." ucape Deva ing njero ati.
Diva... Deva... cepetan kowe wis dienteni pak sopir!! Aja mbulet wae! Ndang budhal sekolah!" Ucapane ibuk e saka pelataran ngarepan omah. "Inggih buk.... kulo sampun mantun." Ucape bocah loro kuwi seng pada gopoh kabeh. Banjur iku bocah loro iku salaman marang ibuk e lan pamit budhal sekolah. Ing njero mobil Diva mulai metu endel e senengane brai dene Deva mung bisa ngguyu ndeleng dulur kembare pupuran menor. "Ya ampun Diva kowe iki dempulan kok yo kandel banget kaya ondel ondel." Guyone Deva marang Diva. "Lho dina pertama sekolah iku kudu dandan seng ayu! Supaya kakak kelas pada kecantol hahaha. "Ucape Diva karo ngguya ngguyu."
Sakwise totok ngarepane sekolah sing paling terkenal lan favorite iki, Deva lan Diva mlaku bareng. Dheweke bingung mlebu kelas apa ing sekolahan iku sakwise preian suwi banjur ora ngerti wara - wara pembagian kelas. Saka kadohan ana murid sing pada dusel - duselan ndelok pengumuman. Bocah loro kuwi marani kedadean iku. Eh kajebul iku wara- wara pembagian kelas, Diva Agnelica Anggreini mlebu kelas X Ipa 1. Dene Deva Agnelica Anggraini mlebu kelas X Ips 1. Diva sorak - sorak amarga seneng bisa mlebu kelas IPA. Dene Deva mrengut lan ora semangat sakwise ndeleng wara - wara iku. Sakwise iku bocah loro kuwi mlebu kelas anyare dewe- dewe.
Diva mlebu kelas X IPA 1 bingung nyawang kanca- kanca anyare sing pada cuek lan ora ana sing nyapa. "kok ngene ya kanca anyar ku? Apa to iki efek saka dina pertama aku mlebu sekolah anyar?" Ucape ing atine Diva.
Banjur iku Diva milih panggon nomer 2 saka ngarepe papan. "He.. apa aku oleh lungguh ing jejeranmu?" Ucapane lembut lan suarane ora tau dikenal." "Oh iya oleh lungguh o ing sandingku" ucape Diva langsung noleh ing mburi. "Kenalno jenengku Ica, aku saka SMPN 10 Mlaras. Jenengmu sapa?" Ucape ica karo nyodorno tangane ing Diva. "Oh iya kenalno pisan jenengku Diva, saka sekolahan SMPN 12 Jombang. Seneng bisa kenalan karo kowe." Ucape Diva karo mesem. Ing sisih liya sakwise mumet - mumet bingung nggolek i kelas X IPS 1 Deva isih mumet- mumet bingung. "La dalah... kelas e ana ing tingkat 2." Ucape Deva karo menggos - menggos. Deva langsung mlebu kelas dadaknan kelas e wis dimulai. "Assalamu'alikum." Ucape Deva. "Wa'alaikum salam.. ayo ndang lenggah ng kursi paling mburi." Ucape Pak guru.
"Waduuuh... aku kok apes tenan dina iki wes kelebu kelas IPS, mlebu kelas kari, entok lungguh mburi.." ucape Deva karo nyesel. Disawang saka ngarep papan ana panggon sisa siji lan jebule ing pinggire ana bocah handsome lan Cool. "Apa ta iki amarga aku sabar ngadepi kenyataan dina iki lan entok rejeki bisa lungguh sebangku karo bocah lanang kang handsome!" Ucape ing atine Deva karo mesam- mesem. Deva langsung lungguh ing pinggirane bocah handsome iku. "Eemm.." suara ne bocah handsome iku. Deva ndredek lan ora ngreken tingkah lakune bocah kuwi.
"Jenengmu sapa?" Ucape bocah handsome iku. "Emmb kenalno jenengku Deva Agnelica Anggreini, kowe bisa nyeluk aku Deva, jenengmu sapa? ucape Deva ndredek. "Jenengku Demas Bramantyas, kowe cukup nyeluk jenengku Demas." Ucape Demas karo mandang Deva karo wajah mesem e. "Mulai dina iki aku karo kowe kekancan. Nek bisa ayo sinau bareng, nggarap bareng, kaya sahabat!" Ucape Demas. "Eemmmm.. iya" ucape Deva karo ndredek.
"Teeet...Teeet.." munine bel istirahat.
"Apa kowe ora nang kantin dev?" Pitakonane Demas. "Oh iya aku arep ing kantin." Ucape Deva. "iyo wes, ayo budhal bareng!" Ucape Demas karo mesem e seng kaya artis korea.
"Eh... enteni - enteni iku kan Deva! Deva mlaku karo sapa iku bocah e kok ganteng e?". Ucape Diva saka kadohan karo rasa penasarane. "Deva iku sapa Div?" Pitakonane Ica. "Deva iku dulur kembar ku seng klebu kelas X IPS 1." Ucape Diva karo wajah penasarane.
"Kowe pesen apa Dev? Kowe lungguh o nang kene wae! Mengko tak peseno." Ucape Demas karo mesem ane seng ga nguati. "Oh iya, aku pesen sego goreng wae Mas!" Ucape Deva karo wajah mesem e. "Oh iya entenono nang kene! Aku ora sue kok pesen e." Ucape Demas.
"Ya Allah apa iki aku lagi ngipi iso kekancan karo bocah lanang seng wes ganteng lan apik banget nang aku?" Ucape Deva ing njero ati.
"15 menit sakwise iku"
"Hei Dev, sue apa ora aku oleh pesen e?" Ucap e Demas. "Oh ora kok Dem.. suwon ya wis mesenno." Ucape Deva karo wajah mesem e. "Iya Dev, wis ayo ndang dipangan!! Mengko jam istirahat e entek lho!" Ucape Demas karo ngguyoni Deva. "Hehehe.. iyaa Dem!"ucape Deva karo mesam - mesem.
"kecentilen banget se Deva iku! Jek sakdina wis iso kenalan karo bocah ganteng!" Ucape Diva karo ngintip Deva lan Demas.
"Teet... Teeet... bel istirahat wes entek!"
"Ayo Dev jam istirahat wis entek! Mengko ketinggalan pelajaran!" Ucape Demas. "Iyo ayo Dem.." ucape Deva.
Ing njero kelas Diva isih kepikiran. "Kenapa kadu Deva sing bisa kenalan karo bocah ganteng iku! Kenapa kok gak aku wae! Awas kowe Dev nek wis mulih sekolah!" Ucape Diva karo rasa gregeten.
"Pelajaran dina iki kowe tak wenehi tugas nggawe rancangan percobaan ngukur derajat suhu udan ing tiap daerah ing Jombang iki karo laporan e!" Ucape bu guru dawuhi ing ngarep kelas. "Dev.. kapan kelompok an? Kelompok an nang omah ku wae ya!" Ucape Demas. "Lho kok nang omah mu Dem.. mosok bocah wadon dolan nang omah e bocah lanang! Iku ora sopan! Kowe wae piye seng dolan ing omahku?" Ucape Deva. "Oh iya wes sak karep Dev, mengko aku tak nang omah mu nyicil nggarap tekan saiki." Ucape Demas. "Oke Dem.. iki tak wenehi nomer ku" ucape Deva. "Iya mengko kowe tak telpon Dev yen aku wes totok perumahan mu!" Ucape Demas karo wajah esem e.
Ing ngarepane gerbang sekolag wis ana Diva lan pak sopir sing pada ngenteni Deva. "Kowe kok suwi banget se Dev! Aku nganti ndrumus keringet ku! Pupuranku pada luntur!" Ucape Diva karo wajah mrengut e. "Hehehe iya sepurane Div! Aku iki maeng isih bahas kelompok an! Isih dina pertama wis entok tugas! Mengko tekan omah kowe tak braeni nganti uayuu kaya ondel - ondel hehehe." Ucape Deva guyoni Diva. "Iiiiiii mayakk kowe Dev.. hahaha.." ucape Diva. "Wis ayo mulih! Sakno pak sopir wis ngenteni suwi!" Ucape Deva.
Srengenge rembulan wis muncul dikancani endahe bintang- bintang ing langit ndukur disakseni bumi lan sak jagat raya. Deva lan Diva pada lungguh- lungguh ing ngarepane omah. "Dev.. piye perasaanmu yen ana bocah wadon loro seng pada - pada nyenengi bocah lanang iku?" Pitakonane Diva seng isih penasaran karo bocah lanang ganteng misterius iku. "Aku bakalan ngalah yen seng nyenengi iku dulur ku dewe! Yen ancen jodoh, gak bakalan bocah lanang iku ninggalke kene, masio bocah lanang iku disenengi bocah wadon liya." Ucape Deva karo mesem.
"Kriiing... kringgg..." suara Hp ne Deva. "Lho ya Allah... Demas kan kate nang omahku,piye se aku kok isok lali kabeh!" Ucape Deva karo rasa khawatir. "Sapa ta Demas iku? Apa bocah ganteng misterius seng mesti tak pikirno?" Ucape Diva karo rasa penasarane. "Sek ya aku jate nyusul Demas ing ngarep gerbang perumahan kono! Kowe tak tinggal sek ya Div!" Ucape Deva. "Oh iya Dev! Ati- ati ya! " Ucape Diva.
Gak suwe Deva wes nyampek ing ngarepe gerbang perumahan. "Hei.. Dem.. kowe suwi apa ora ngenteni aku nang kene?" Ucape Deva. "oh ora kok Dev.. aku kaet totok kene langsung telpon kowe iki maeng." Ucape Demas karo wajah meseme. "Oh iya wes ayo saiki budhal nang omahku!" Ucape Deva.
"Tiiing.. Tunggg..." suara bel omah dipencet Deva.
"Oh non Deva! Inggih non monggo ndang mlebet! Ucape pembantune Deva. "Inggih buk Lastri, matur nuwun!" Ucape Deva. "Ayo monggo ndang lungguh Dem.. Aku tak nyepakke laptop lan alat - alat liane." Ucape Deva. "Oh iya Dev!" Ucape Demas. Saka tingkat loro Diva ngintip."Sapa se Demas iku?" Ucape Diva karo ngintip - ngintip. Ya Allah iku kan kancane Deva seng ganteng iku." Ucape Diva. "Aku kadu dandan seng ayu ngalah- ngalahi Deva, ben Demas bisa kecantol nang aku hehe." Ucape Diva.
Diva dandan uayu lan mondar - mandir pura - pura njupuk i buku ing bale omah. "Lho kowe kancane Deva ta?" Ucape Diva. "Iya aku kanca sebangkune Deva." Ucape Demas. "Lho kowe durung ditemoni Deva ta?" Pitakone Diva. "Wis kok.. Deva isih njupuk alat- alat gawe laporan geografi." Ucape Demas. " Oh iya wis tak kancani sampek Deva teka ya!" Ucapane Diva. "Iya sak karepmu, ngomong- ngomong kowe iki bocah kembare Deva ta? Kok kowe kembar banget karo Deva?" Ucape Demas. "Iya aku dulur kembare Deva. Aku ya sekolah pada sak sekolahan ambek Deva. Tapi aku klebu X IPA 1." Ucape Diva. "Oala.. Deva kok ya ora pernah crita aku yen duwe dulur kembar sak sekolahan pisan." Ucape Demas.
"Lho kowe wis kenal to Div? Iku kanca ku sebangku ing kelas, kuwi jenenge Demas."ucape Deva."iya aku wis kenal kok Dev. Ya wes aku tak mlebu kamar." Ucape Diva.
"Kowe kok ora pernah crita nang aku yen kowe duwe dulur kembar?" ucape Demas karo nada srius. "Hehehe iya sepurane yen aku ora tau ngomong nang kowe Dem." Ucape Deva karo mesem. "Oh iya wes jarno wae, pokok e aku wis ngerti hehe, ayo dilanjutno nggawe laporane!"ucape Demas. "Laporan iku diwenehi jangka pirang dina Dem?" Ucape Deva. "Laporan e diwenehi jangka 10 dina mulai tekan saiki."ucape Demas.
"Yo wis digarap laporan e sek, mengko nglakoni penelitian e 3 dina engkas." Ucape Deva. "Iya Dev" ucape Demas.
Gak sue Deva lan Demas akrab kekancan lan nggarakno atine Demas dadi ketarik karo tresno ne Deva. Ing sekolahan Deva lan Demas ora tau pisah, mesti raket kaya bumi lan langit seng mesti gandeng. Kabeh bocah sak sekolahan pada penasaran amarga Deva mesti mlaku bareng karo Demas. Ing sisi liyo Diva gregeten amarga Deva tambah suwi tambah cidek karo Demas.
3 dina sakwise iku ing daerah Sumobito, Jombang udan e deres. Deva lan Demas budhal neliti curah hujan kuwi. Ing seling wektu neliti, Deva sueneng bisa ngerasakno udan - udan karo bocah seng ditresnani. "Kenapa ya ing wektu udan deres kaya ngene, aku ngerasa bebas lan bisa ngetokno isi atiku yen aku lagi nesu utawa seneng ora bakal ketara yen aku lagi nangis."ucape Deva karo mesem. "Apa kowe seneng karo udan - udan iki Dev?" Ucape Demas. "Aku seneng amarga aku bisa ngerasakno udan- udan karo bocah seng tak tresnani." Ucape Deva karo nada nesu. "Apa ta aku seng kok tresnani Dev?" pitakone Demas karo wajah srius. "Emmm.. iyo Dem, aku bisa ngerasakno tresno pertama kali iki nang kowe Dem. Aku seneng bisa kekancan akrab karo kowe." Ucape Deva karo wajah nangis. "Dev, aku pingin kowe dadi pacarku! Apa kowe gelem dadi pacarku gawe nemeni aku ing wektu remaja ku iki? Aku butuh kanca kaya kowe sing bisa nrima aku apa anane. Aku tresno karo kowe Dev." Ucape Demas. "Aku gelem dadi pacarmu Dem, aku gak katene ninggalno kowe. Aku treno pisan marang kowe." Ucape Deva karo nangis.
Akhire Deva lan Demas pacaran lan ngerajut tresno sing disakseno karo udan sing nambah kahanan kang romance. Ora suwi pirang - pirang dina warta pacaran e Deva lan Demas kasebar sak sekolahan. Kabeh pada iri amarga Deva nduweni pacar sing paling ganteng sak sekolahan. Ins sisi liya Diva krungu warta iku kaget lan ora bisa bayangke dhewek e jomblo deweni. "Aku dewean maneh, ra duwe kanca cidek, apa maneh pacar! Nyesek roh a! Urip nelangsa yen ora duwe yangyangan." Ucape Diva karo wajah nesu e.
Wis 5 wulan Deva lan Demas ngerajut tresno ne tanpa alang- alangan. Tresno ne diukir karo dasar tresno ne sing paling kuat. Lan bisa ngerti prasaanne bebarengan.
Ora suwi Demas kate ngerayake ulang tahun e seng ke 17 tahun. Ing ulang tahun e iki Demas ngundang kebeh kanca sak angkatan sekolahe. Demas wenehi undangan ulang tahun paling soo sweet nang Deva sing ditambahi endahe sak rangkei kembang - kembang mawar abang. "Kowe aja lali ya Dev budhal nang ulang tahun ku. Aku ra bakal mulai ulang tahunku yen kowe ora ana ing pinggiranku ngrencangi aku ing sela- sela acara persepsi ulang tahunku." Ucape Demas karo nyekel tangan e Deva karo esemane seng ora nguati. "Iya aku janji nang kowe yen aku teka ne luwih awal." Ucape Deva karo esemane.
"Apa ya seng dikadone Deva marang Demas? Kok kadone ora ketok blas sampe saiki?" Ucape Diva ing njero ati karo rasa penasarane.
Aku cuman bisa ngado kenang - kenang an iki gawe kowe Dem, aku tresno karo kowe. Aku rabakal ninggalke kowe." Ucape Deva sing lagi bungkus kadone Demas ing kamar.
"Tinggg... Tungg... " suara bel omah e Deva.
"Assalamu'alaikum..." ucape Demas. "Wa'alaikum salam.. oh den Demas.. sekedap den monggo lenggah rumiyin. Sekedap kula aturi neng Deva." Ucape bik Lastri. "Inggeh mbok.." ucapane Demas karo mesem.
"Tok... tokk.. tokk..." suara lawang kamar e Deva.
"Wonten napa to bu Lastri?" Ucape Deva karo buka lawang. "Den Demas sampun ndugi neng Deva." Ucape bik Lastri. "Wwwiih.. cepet e oleh nyusul Demas, kan aku arep budhal dewe ora njaluk susul Demas!" Ucape Deva ing njero ati.
Deva langsung marani Demas sing lagi lungguh ing kursi bale omah. "Loh... Demas, aku lak ga ngongkon kowe nyusul aku to Dem! Nyapo kowe nyusul aku?" Ucape Deva. " ora apa- apa Dev.. aku pingin pas mlebu acara ulang tahunku, aku karo kowe mlaku bareng kaya King and Queen." Ucape Demas karo mesam - mesem. "Hehehehe iya wis ayo budhal, aku tak pamit bik Lastri disek. Ibu lan bapak ku isih meeting ing Singapura."ucape Deva. "Oh iya Dev.."ucape Demas.
Saka kadohan Diva ngentep yen Demas lan Deva dandan kaya King and Queen. Diva cemburu lan ora bisa nahan lara ati ing njero dada.
20 menit sakwise iku Deva lan Demas totok ing omah e Demas. Disekseno karo bocah sak sekolahan sing mudhun saka motor kaya King and Queen.
Ket awal acara sampe acara pemotongan kue,Demas tetep dikancani Deva sampe akhire Deva didulang kue tart karo Demas. Diva langsung mbrebes mili nyawang Deva lan Demas sing pada muesra. Akhire Diva ninggalke acara iku lan Deva ngerti yen Diva ninggalke panggon ulang tahun iki sing durung buyar acarane. "Dem.. aku tak nang jeding dilek ya.. entenono aku ning kene wae!" ucape Deva.
Sakwise iku Deva ninggalke panggonan karo mbrebes mili. "Diiivvv... kowe ape nang ndi? "Jerit e Deva. Diva ora ngereken omonge Deva lan terus mlaku ora tolah toleh kanan kiri. Banjur iku ana truck seng ngelaju buanter teko sisih arah etan. Deva seng ngerti iku banjur mlayu karo bengak - bengok. "Diiiiv... "ucape Deva sing njungkrakno Diva gawe nyelametno nyawa e Diva.
"Braaak....." suarane Deva ditabrak trek.
"Deeeevaaaaaaa....." ucape Diva langsung mlayu pontang panting nang dulur kembare iku. "Ya Allah kenapa kowe kadu nyelametno aku Dev.." ucape Diva karo nangis jerit - jerit. "Tolooong... tolonggg... toolong.." jerite Diva rakuat nahan getih sing pating tracak nang dalanan. Amarga kejadian iku kabeh wong sing ana ing njero omah pada metu nulungi Diva lan Deva. Banjur iku Diva nelpon Demas yen Deva kecelakaan. "Demm... toolong aku Dem.." suara rentehane Diva. "Lho kowe kenapa to Div?" Ucape Demas. "Deva kecelakaan ditabrak trek.. tulungono aku Dem.." swarane Diva. "Masya Allah bukane Deva ana ing jeding? Deva iki maeng pamit aku nek nang jeding. Kowe ana nang ndi?"swarabe Demas seng kebingungan.
"Aku ana nang ngarepe dalan Kebangsaan Blok C." Ucape Diva karo nangis. "Iyo.. iyo.. entenono aku!" Ucape Demas gopoh kabeh.
15 menit sakwise iku, Demas tekan saka panggonan. "Ya Allah Deva.. yo opo iki kok isok kejadiane kaya ngene se Div? Apa kowe sengaja nggawe Deva kaya ngene!" Ucape Demas karo mbrebes mili. "Aku njaluk sepura Dem.. critane dowo.. mengko tak critani.. pokok e saiki gowoen Deva nang rumah sakit! Aku wedi nyawa e ga ketulung Demm...." ucape Diva karo nangis.
Ora suwi ambulan e wes teka nang rumah sakit, lan dirujuk nang ruang ICU. Saka jendela alat- alat pendektesi jantung lan liyan- liyane dipasang nang awakke Deva. Mbrebes mili ngebeki kabeh sak awak e Diva. Demas seng kebibgungan mikiri wong tuwane Deva sing isih nang luar negri ora bisa ditelpon.
wis 2 dina iki Deva durung siuman saka koma e. Kabeh pada ndungo keselametane Deva supaya bisa urip maneh. Saka kadohan ibu lan bapak e Deva mlayu karo nangis entok kabar yen Deva kecelakaan.
Pas jam 11 bengi deva siuman sing pas iku ditunggoni karo Demas. Demas seng mesti setia nunggoni Deva ing ruang ICU karo nggegem tangan e Deva. Banjur iku Demas krasa yen tangan e Deva isa gerak titik - titik. Demas langsung ngekei kode menyang Deva supaya bisa ngenali Demas maneh. "Deva.. kowe iling aku apa ora Dev?" Ucape Demas. Deva sing ngerungokno omongane Demas langsung mbrebes mili. "Wis aja nangis ya Dev.. aku tetep ngancani kowe sampek kowe waras. Aku pingin tetep kowe isa ndampingi aku terus." Ucape Demas karo ngusapi banyu mata e Deva. Saka kadohan Diva ngintip lan mbrebes mili ndelok keadaan e dulur kembare seng slama iki njaga awakke Diva. Diva ngerasa salah amarga kelakoane Diva dewe.
5 jam sakwise iku Deva siuman total saka koma e,lan bisa ngomong sitik- sitik nang Demas. "Dem.. apa kowe isih tresno lan sayang karo aku?" Pitakone Deva. "Aku isih tresno marang slirahmu Dev.. aku isih butuh kowe ing sandingku." Ucape Demas karo mbrebes mili. "Yen kowe tresno lan sayang karo aku.. tolong kowe aja nemoni aku selama sak minggu iki. Aku bakal tresno saklawase nang kowe yen kowe nepati janji nang aku." Ucape Deva karo nangis. "Aku ga isa ninggalke awakmu Dev.. keadaan mu isih ora stabil kaya ngene. Apa aku tega ninggalke kowe!" Ucape Demas karo nada duwur. "Tepatono janjimu Dem nang aku!" Ucape Deva. "Iya wes aku bakal nepati janjimu soale aku isih tresno lan sayang karo kowe. Tapi kowe janji ya nang aku yen kowe bisa sehat kaya biyen." Ucape Demas.
Sakwise ngadaake perjanjian Demas ora pernah marani Deva sampek sak minggu. Lan pas iku Deva posisine uwis kritis lan ora kuat gawe urip maneh."
"Tiiiiiiiiiiiiiiiiittttt...." suara pendektesi jantung e Deva.
"Ngapunten Ibu bapak lan dulur - dulure Deva, Deva pun mboten kiat gawe urio ten nduyo. Ayo di ikhlasno mawon cek Deva isa urip tentrem ing ndukur kono." Ucape pak dokter. Kabeh pada nangis ra kuat nrimo kenyataan iki.
Esuk e Demas diwenehi kabar yen Deva wis ninggalke kabeh
0 komentar:
Posting Komentar