ORA MUNG "TEORI"
Dening : Lucky Dea A
Kayadene biasane,
aku budhal nang
sekolah numpak angkot.
Aku luwih seneng numpak angkot
katimbang numpak motor amarga aku
bisa sinau ing njerone angkot. Nalika
aku mudhun saka angkot,
ana wong nabrak aku nganti buku sing tak gawa rutuh kabeh.
Dheweke mbantu njukuki bukuku
lan njaluk ngapura. Sawise bukuku
wis balik kabeh, aku banjur cepet cepet
mlaku menyang sekolah amarga aku wis arep
telat.
Pas istirahat, aku nggoleki buku rumusku sing tak gawe dewe saenggo aku bisa
gampang ngapalnoe. Nanging nganti kabeh isine tas taktokno kabeh, aku
isih ora nemokake bukuku iku.
Aku ileng yen esuk mau aku maca buku kuwi ing jerone angkot.
Paling buku rumusku iku melu rutuh pas aku ditabrak mau.
Amarga ukuran bukune cilik aku ora sadar pas bukune ilang.
Ealah, kayake
aku kudu mbukak buku buku lawas lan nyalin maneh catetan rumus e siji siji.
Mulih
sekolah aku mutusake lewat dalan sing tak lewati mau isuk mbokmenawa isih bisa ketemu buku rumusku
iku. Dumadakan
ana wong mandheg nang ngarepku nalika aku isih bingung nguwasi kiwa tengen dalan nggoleki
buku.
"Hai" ngandikane. Aku mengo kiwa tengen nggoleki sapa sing diajak ngomong wong iki, nanging ora ana sing lagi mirsani dheweke.
"Aku ngomong karo awakmu" dheweke nunjuk aku karo mesem.
"Iki nggonmu ta?" takon wong iku karo nyerahake buku cilik. Jebule iku buku rumus sing tak goleki ket mau. Aku mesem karo manthuk lan njupuk buku iku.
"Untung wae ketemu, suwun ya"

“Iya. Aku Della. Awakmu sapa?”
“Aku Mega” wangsulku lan salaman ambek dheweke.
“Awakmu kate mulih sisan? Numpak angkot se?” aku mung manthuk.
Aku lan Della banjur mlaku bebarengan menyang dalan gede.
Dheweke akeh crita utamane
babagan jurusan tata busana e, komunitas sing dieloki, lan liya liyane. Dheweke
uga takon akeh nang aku nanging tak wangsuli sak kenaku.
"Awakmu pancen yen ngomong sak itik ngene ta?" takone.
"Ya, aku wis biasa kaya ngene. Arang sing padha gelem ngomong karo aku".
"Maksudmu?"
"Kanca kancaku tansah ngomong lhanek aku egois lan sejenise, nanging asline aku mung ora seneng ngrembug babagan sing ora penting. Iku ndadekake wong-wong mau wegah ngomong karo aku yen ora penting tenan"
"Pantes wajahmu kok kaku banget, wis kaya papan sing digawe umbah umbah ae" guyon Della.
"Enak ae nek ngomong kowe. Btw, enak opo gak sekolah ing SMK Nusa Bangsa?" Aku takon marang dheweke.
"Enak enak wae. Awakdewe kudu kerjasama gawe nyelesakake masalah. Mulane awakdhewe wis biyasa kompak. Yen nang SMA Nusantara kepriye?"
"Nano nano pokoke" aku ora bisa njelasno karo ukara-ukara amarga rasane iku campur aduk.
Nalika Della mudhun saka angkot aku mbalek nang awakku sing biyasane, meneng lan jarang mesem.

Wis telung ulan wiwit
patemonku ambek Della ing wektu dhisik. Akhire aku lan Della dadi kanca
apik. Awakdhewe asring nggunakake wektu bebarengan. Kayata
wayah iki, Della ngancani aku nang perpustakaan kutha
kanggo nggolek referensi tugas PLH sing mbahas Global Warming.
Wis telung ulan uga aku kancaan karo Della, aku ora tau weruh dheweke sinau utawa maca wektu karo aku. Dheweke luwih milih nggambar klambi lan kasile katon apik banget.
"Del, aku kok ora tau weruh awakmu sinau to?" takonku kepo.
"Sinau kok yen ing omah, yen ing njaba ya puguh" wangsulane enteng.
"O ngunu to. Tulungi aku ngerjakno iki, awakmu lak melok komunitas anak pecinta lingkungan se"
"Oke bakal tak ewangi. Topik apa sing kokpilih?"
"Aku ora ngerti, isih bingung. Enak e opo?"
"Kirangnya kasadharan njogo alam, kayake apik. Kepriye? "
"Aku oke wae, pokoke koktulung aku ngerjakno."
"Sip" wangsulane karo ngangkat jempol loro.
"Wacaen iki ndisik ben luwih ngerti" dheweke kethok kaget krungu omonganku.
"Awakmu sing maca ae yo? Aku sing ngrungokake"
"Moh, pokoke awakmu yo kudu maca" dheweke kethok mangu-mangu nalika nampa buku saka aku. Apa salahe se karo maca barang sethitik tok?
"Ehmmm .. Meg, yen aku sing maca cakut isa rampung sesuk loh"
"Kok isa?" takonku bingung.
"Sabenere otak kiriku ora berfungsi kanthi apik. Awakmu ngerti Dyslexia opo ora?" Aku kaget krungu wangsulane. Pantes ae aku ora tau ndeleng dheweke maca ing ngarepku, mesthi rasane sangsara yen ora bisa nggunakake otak kiri sepatute. Aku sing notaben e pamake otak kiri bakal sengsara banget yen iku kedadeyan nang aku. Untung ae dheweke diwenehi keluwihan ing otak kanan sing berfungsi kanthi apik banget iku.
"Awakmu isih gelem kancaan karo aku?" Dheweke takon kanthi sedhih.
"Ya mesthi gelem Del. Sepurane, aku ora ngerti kondisi sing sebenere"
"Suwun Meg wes gelem nampa kahananku sing sebenere" dheweke mesem lila legawa.

Sawetara dina lajeng, aku ngabari Della yen tugas PLHku entuk biji A+. Aku banjur ngajak Della nang cafe cedak sekolah lan
nraktir dheweke kanggo matur nuwun amarga wis mbantu ngerjakno.
Aku crita marang dheweke kepriye carane guru bu muji tugasku lan nawari aku dadi pelopor 'sadar lingkungan' ing sekolah. Aku mung ngguyu tok amarga ora mungkin wong kaya aku bakal nindakake babagan sing ora penting kaya ngunu. Della dumadakan mungkasani critaku.
"Apa maksudmu karo babagan sing ora penting iku?" Aku mung meneng bae. Sakjane aku ora ngomong ngunu nang dheweke.
"Aku ngerti awakmu paham kabeh teori babagan lingkungan. Nanging apa karo teori sing kokbangga banggano iku bisa ngerubah lingkungan sing saya rusak iki? Ora isa! Teori wae ora bisa ngowahi apa-apa! Kabeh iku kudu ana tumindake. Jujur aku kuciwa karo dalan pikirmu. Nuwun sewu" dheweke niggalno aku dewe ing njerone cafe.
Nganti seminggu, aku ora krungu kabar saka Della. Aku nyesel wis ngomong kaya ngunu nang Della. Akhire aku mutusake teka menyang omahe lan njaluk sepura. Aku ora pengin kelangan kanca sing tenan tulus karo aku.
"Assalamualaikum .."
"Wa'alaikumsalam" wangsulane Ibu Ibu saka njero omah e Della.
"Della wonten bu?" takonku pas Ibu iku wis nemoni aku.
"Wonten nak, sekedap ya" Ibune Della ngongkon aku lungguh ndisek.
Della akhire metu nemoni aku bebarengan karo ibune kang banjur bali menyang pawon kanggo nggawe ngombe.
"Del, aku pengin njaluk sepura. Aku nyesel wis mikir kaya ngunu. Saiki aku wis sadar, apa sing tak lakoni biyen biyen salah. Aja kaya ngene, aku ora pengin kelangan kanca kaya awakmu" omongku ora wani mandang dheweke.
"Oke, aku bakal ngapura yen awakmu gabung ambek komunitas pecinta lingkungan karo aku"
"Oke aku gelem!" wangsulku seneng.
Akhire aku gabung ambek komunitas pecinta lingkungan karo Della. Saben minggu awakdhewe nduweni kagiyatan ajeg yaiku ngresiki kotaku iki lan nandur sawetara wit witan ing panggonan sing gersang. Saliyane iku aku uga nyanggupi kapinginane guruku kanggo dadi pelopor 'sadar lingkungan'. Aku saiki sadar yen mung teori wae ora bisa ngubah opo opo kajaba dibarengi ambek tumindak nglakoni teori kasebut.

0 komentar:
Posting Komentar