Breaking News
Loading...
11 September 2016

JUDULE MBUH GAK RUH dening : Latifaatul Nur Azizah (09)




“Aku Juminten..” ucapku. “Paijo, kenalna iki Juminten kancaku” kandane Sari. “Hei, aku Paijo”. Juminten lan Paijo padha salaman lan padha nguwasi karo esem-eseman. “eeh, uwis ojo suwe-suwe yen salaman tangane gripis mengko heheehe” ucap e Linda “eh iyo, kenalne iki yo kancaku, Amir jenenge” balese Paijo. Wiwit saka kunu, aku karo paijo lan kanca-kanca guyon bareng ing warung e Mbok Giyem. Amarga wis jam 19.40. Aku lan kanca-kancaku kudu cepet moleh, yen ora ngunu mengko aku dikancingi ing njobo kosan. Paijo lan koncone isih tetep ngopi ing kunu, ya maklum bocah lanang masio moleh dalu yo ora onok sing nyulik J . Akhire aku pamit moleh disik.
Glimpang-glimpun ing kasur senajan wis dalu nanging aku isih ora iso turu. “Opo aku kepikiran si Paijo yo? Ah mosok iyo. Hahahah” aku ngguya-ngguyu dewe kaya wong gendeng. Lah mosok awit kenalan ws kasmaran. Jatuh cinta pada pandang pertama jare lagune RAN. Sesuk sekolah budhal isuk kudune aku ws turu saiki. Jo Paijo aku turu sek yo.... duh Gusti nyuwun pangapura. 

Ora suwe saka kedaden ing warunge Mbok Giyem aku ketemu paijo nanging ora sengojo. Sore-sore aku latian mlayu karo Sari ing lapangan Gede ora disengojo ketemu Paijo lan kancane sing padha latian mlayu ing kunu. “eh Paijo, kowe yo senang mlayu-mlayu ta?” takonku marang dheweke. “ya jelaseee. Opo maneh lahnek mlayu-mlayu nang atimu. Hahaha...” saur e Paijo. “huuuu gedabrus mas Jo” saut e Sari. Aku yo mung iso gemuyu, ati iki rasanee dar der dar der wae koyok kembang api sng disumet. Akhire Paijo ngajak mlayu-mlayu bebarengan. Sak umetan, rong umetan, telong umetan... “huuft pegel aku, wis Jum aku leren sek ora kuat” kandane Sari. “Asline aku yo pegel Sar” batinku, nanging yo gengsi ae mosok wis gak kuat. Iki ya ngunu Paijo ora ndang mandek, kuesel rasane awak, ambegan rasane kate pedhot. Genepe nem uteran Paijo leren, Alhamdulillah Gusti gak sido semaput aku, tapi ing kunu aku tetep macak kuat koyok isih kuat hahahah.. Ora di songko aku iso mlayu tanpa mandek enem uteran biasane aku mung iso petang uteran. Kabeh iki yo gara-gara gengsiku marang Paijo. Wis mari mlayu-mlayu, kebeh mutusne gawe leren disik, ngombe lan ngemil jajanan sing wis digowo, disambi karo omong-omongan. Ing tengah omong-omongan iku Paijo njaluk nomer Hp ku.

Kriinggg.... kriiinggg.... kriiiiing... unine Hpku ana telpon. “halo, assalamualaikum. Iki sapa yo?” takonku. “mosok ra kenal to? Ws lali po piye?” semaure wong ng telpon. “rausah ngunu to, yen repenting rausah telpon aku, ngentekne wektuku wae!” ucapku kethus. “ojo ngunu to, neng ayuu.. winginane ntas mlayu-mlayu bareng mosok saiki ws lali se”... rasane ndonya iki koyok mandek. Koyok di-iberno ng langit kapitu.. Paijo telpon aku, suueneng rasane, “opo tenan aku tresna dekne ?” gremengku. “Hallooooo, heeeee Juminten, haloo tes tes” omong e nyadarne lamunanku.  “ohh iyo ta? sapa yo? Rodok lali e aku” mbujukku. “hm ngunu yo, dasare awakmu pikunan to Jum. Hahaha” ... Loh lahkok aku tambah dilokno pikunan, walah Gusti.. “yo gak, aku mung mbujuki awakmu kok, aku ora lali. Awakmu Paijo sing uelek iku to..” uringku. “hahaha ngomong wae awakmu kelingan aku terus to, raiso lali.” Paijo moyoki aku.. Ya Allah, kagetku setengah mati jantungku rasane koyok pedhot. “hhhmmmm” jawabku kabingungan. “wis wis,  rausah dippikir.. “kira-kira saiki awakmu repot ta gak? yen ora ayo mlayu mlayu maneh, piye?” ajake Paijo. “waduhh, gak iso aku lagi sibuk, tugasku akeh.” Jawabku. “loalah yawis yen ngunu, sing semangat yo nugase. “Ojo mikirne aku ae Jum, hahaha” guyon e Paijo. Tuuuuutttttt. Telpon e mati.
Ngipi opo aku sewengi, bungah banget atiku, sawise kedaden kuwi dheweke saben dina sms aku terus, dheweke nakokne kahananku, apa bae sng wis tak lakoni dina iki. Dina-dinaku dirasa tambah sarwo endah, bendina aku digawe guya-guyu, ono bae sing dibahas. Semangat uripku tambah dhuwur semangat sekolahku uga. Sawise komunikasi antara aku karo dheweke sakjroneng telong minggu dumadakan dheweke ngomong nek slirahne tresna marang aku. Whuuaaaaaa bungane atiku orasepo, nanging ng kene mau aku ora langsung gelem ben kesane ora dadi wedokan sing gampangan. Dina iku maeng aku mung iso gemuyu dewe ing kamar. Anggere aku nyawang potomu, rasane kabeh macem rasa bungah ning alam dunyo mandeg deg ana ing ngarep netraku. Sing jenenge rasa tresna sing tenanan ya kuwi sing marakna ati tambah semangat, marakno tenang ning pikirane awakdewe.

Ing sawijining dina Paijo ngajak aku dolen, aku disusul ing kosanku. Esemane sing ombo lan manis kuwi sing gawe aku luluh. Dina iku aku digawe seneng terus, aku diajak nang cafe Suroso. Ing kunu uga dheweke ngomong landing yen tresna marang aku. “iki ono mawar lan coklat, pilihen coklat yen awakmu mung gelem dadi kancaku, nanging pilihen mawar iki yg awakmu tresna marang sliraku” ucape Paijo nganti serius. Aku bingung kudu piye. Akhire tak jupuk karo-karone karo ngguya ngguyu, kelakuanku kuwi nggarakno dheweke bingung. Banjur aku njelasne  “aku gelem dadi kancamu sakaliyan aku yo tresna marang sliramu Jo”. Wajahe sumringah banget aku karo Paijo uga ngguyu ngakak bareng, setengah gak percoyo. Nganti peng pindo dheweke nembak aku, nembe tak tampa. Saka kunu mau aku karo Paijo dadi sering mlayu-mlayu bareng, dijak nunggoni dheweke main bal-balan, lan dijak dolen nganti kudanan.

“Juminten.. hee Juminten, mandeko! Tak kandani” celuk e Linda. Wektu iku aku moleh les, “ana apa to? Takonku. “tak kandani nanging ojo cidra, ojo galau. Janji?” “ana apa to ana apaa? Ngomongo sing jelas” “ngene, ehh piye yo ngomongku. Aku wedi” “ra usah wedi aku gapopo, aku yo gak nyakaran koyok macan” “ngenee Jum, aku maeng tumon Paijo goncengan karo Painem” aku karo Linda langsung meneng lan adhep-adhepan. “ora, mungkin iku kancane sekolah. Gak mungkinn Paijo kaya ngunu Lin” omongku mecah sepi. “tapi Jum,....” “wis ta Lin, percaya aku. Yawis maturnuwun yo, aku tak moleh disik” pamitku. Ing dalan aku kepikiran kandane Linda, tapi aku yakin yen Paijo ora bakal ngunu, Paijo mung pamit dheweke kate sekolah sing temen dheweke uga kate dadi pengereke gendero ing propinsi waktu agustusan.

Salakune wayah, tambah akeh sng ngomong yen Paijo sering mlaku bareng Painem. Nganti sawijining dino aku ngerti dewe yen ancen Paijo mblenjani janji, dheweke menehi kado lan teko nang ulangtaune Painem, atine sopo sing gak ajur mumur. Saben wengi aku kelingan janji janjine. Laying teko Paijo dak bukaki siji siji (neng Juminten, Abang pamit dhisik mengkono mergo aku kudu dadi pengibar gendero ing Propinsi. Sampean nang kene kudu dadi wanita sing tangguh, sing iso belajar hemat lan gemi, ojo nakal. Abang bakal bali maneh) dak woco karo mbrebes mili. Ati endi sing gak kairis iris. Pamit opo jutul e ngopo, ya Gusti Pangeran, duso opo aku, salah opo aku, nganti wong sing tak tresnani tego kaya ngene marang aku. Akhire aku mutusne gawe ketemu Paijo njaluk kajelasane.

Ing enggon biasane aku ngopi karo Paijo, nang kunu aku ngenteni tekane ana 30 menitan ilehku ngenteni. “Karepmu opo Bang? Sampean biyen ngomonge piye, kok sampean saiki malah karo Painem, salahku opo Bang?” takonku nyrocos. Paijo mung bisa jawab “sampean iki ngomong opo se neng? Aku raono opo-opo karo Painem” “wis to Bang, rausah ngapusi aku ngerti sampean onok opo-opo. Sampean ngomong jare tugas Negara lahkok tambah ngapeli Painem, sampean tak ajak dolen bareng yo wis jarang iso” omongku karo mbrebes mili. “iyo Neng, sepurane. Aku sing salah aku khilaf Neng aku seneng karo Painem, tapi atiku mung gawe sampean tok gaono liyane” “maksudmu opo Bang, ngomong ngunu? Wis mbuh, aku emoh ndeleng raimu maneh. Wis cukup semene wae hubungane” aku ngomong karo nangis banjur ninggal Paijo dewean. Rino wengi aku tansah kelingan sliramu, ti iki nelongso ditinggal marang sliramu Jo Paijo, tegane kowe.

Astaghfirullah.. mikir apa aku iki. Ora ngene carane, isih akeh sing saying aku, kanca-kancaku, kaluwargaku. Kabeh ono gawe aku, aku kudu bangkit. Aku kudu tangguh. Aku kudu isa mbangun atiku maneh. Bakal  dak buktino marang Paijo aku ancen tangguh. Masio hubungan ku karo Paijo mung 10 wulan tapi iku ws akeh kenangane. duh Gusti, byantu kula damel nglalekaken kabeh iki, bukakaken ati lan pikiran kula, yen dheweke sae damel kula nyuwun njenengan buka atine, nyuwun pangapura ingkang katah. Dungoku saben wayah sembahyang.

Tilulitttt tilulitt.. Hpku muni “asalamualaikum dek Juminten, aku nyuwun restune aku kate daftar pendidikan kamiliteran. Sampean yaopo kabare ?” ana pesan sing unine ngunu. Tratapan rasane atiku. Iki pasti saka Paijo. “he Sar, Paijo sms aku. Yaopo iki?” takonku marang Sari, sahabatku. “ojo dibales, lanangan opo ngunuiku, ws ojo dijidaki maneh lara maneh atimu mengko. Aku ra bakal rela yen awakmu dilarani maneh. Mosok yo awakmu kate njegur blumbang sing padha”kandane Sari. aku meneng lan mikir, iyo juga se.. nanging ati ora iso ngapusi nyatane aku isih sayang marang Paijo masio dheweke ws nglarani atiku.
Nganti ono Paidi sng nyedaki aku. Dheweke yo tau ngomong yen seneng aku. Tapi aku isih wedi nggo buka ati maneh, rasane trauma jatuh cinta. Kriiiiiiingg ....(ana telpon nggawe nomer pribadi) “hallo iki sapa?” pitakonku “Aku Paijo dek...”omonge “oh”jawabku cuek”ana apa maneh” takonku kethus. “ojo jahat-jahat to, ngeneiki poleh tambah sayang maneh” rayune .. “wis ya aku sibuk kate umbah-umbah sepurane”jawabku tambah kethus maneh. Banjur tak tutup telpone. 

Nganti saiki aku isih durung iso move on , apa iki jawaban saka dungoku? Apa aku kudu ngenteni Paijo ? utawa aku kudu piye ?? bolak balik aku takon ng awakku dewe. Ws rong taun olehku ngenteni Paijo nanging dheweke isih during berubah. Sing nggawe aku isih iso ngadek jejeg ing kene yaiku aku iling pesen e (aku tak “nakal” dhisik tak puasne olehku selingkuh, mengko yen wis mari aku lan kasuksesanku bakal mbalik nang awakmu maneh Jumintenku).  Nganti saiki aku yakin omongane bener, opo isoku ? yo mung dungo diparingi sing paling apik. Yo mugo mugo ae firasatku bener. Senadyan aku sengit banget marang Paijo, tapi rasa ing ati ora bisa diapusi. Nyatane rasa tresna iki mung kanggo dheweke. “mung sliramu sing dak enteni”

0 komentar:

Posting Komentar

 
Toggle Footer