Kelangan Kanca
Dening : Zuniawarti
Sore iku kahanan krasa adem
ayem banget. Akeh warga desa pada metu saka omah gawe mlaku-mlaku lan nyapa
tanggane. Kaya Bu Darmi sing mampir nang omahe Bu Rana.
“Assalamualaikum” Ujar Ibu Darmi
“Waalaikumsalam, Bu
Darmi. Mangga bu, mlebet mawon.”
“Nggeh bu Rana, Matur
suwun”
“Wonten napa bu,
Arang-arang njenengan mampir mriki”
“Ya, kepingin dolan
mriki mawon bu, napa nggeh mboten angsal”
“Nggeh angsal mawon toh
bu, kula malah seneng yen Bu Darmi purun mampir. Nyuwun ngunjuk napa bu ?”
“Sakerso. Ngapunten bu,
kula ngrepotaken njenengan.”
“Nggeh mboten bu,
unjukan mawon kok ngrepotaken. Ditenggo sekedap nggeh”
“Nggeh bu”
Ora let suwe Bu Rana
nggawa baki sing wis ana rong gelas teh ng ndwure.
“Niki bu, Mangga
diunjuk.”
“Nggeh matur suwun.”
“Laksmi sios sekolah
ten pundi nggeh bu ?”
“Nggeh niku bu Rana,
kula niki taseh bingung bade kula sekolahaken ten pundi anak kula niku. Dheweke
nedi ten SMAN 16 Surabaya.”
“Lha, punapa kados e
kok susah banget njenengan niku. Nggeh mboten napa-napa ta ten SMAN 16
Surabaya.”
“Laksmi niku susah
banget mados rencang Bu Rana, deweke niku isinan mboten kados Amara sing
grapyak marang kanca. Kula kuatir engken malah dimusuhi kados pas SMP niko.”
“Lha punapa toh bu,
bocah meneng kok angsal musuh ?”
“Kula nggeh mboten
semerap, kadose salah paham ngoten bu.”
“Oalah bu, bocah-bocah
sak niki wonten mawon.”
“Lha nggeh kula mawon
mumet. Yuga njenengan ten pundi ?”
“Amara nedi mlebet ten
SMAN 16 Surabaya, sami kaleh raka ne.”
“Oh mekaten to bu ngge
sami nedine, Laksmi kula lebetaken mriku mawon pun. Umpami wonten napa-napa
tasek wonten Amara.”
“Nggeh bu mriku mawon mboten
tebih-tebih.”
“Kula nyuwun pamit bu,
sampun sonten.”
“Nggeh bu.”
Akhire wektu preinan mari. Kabeh murid anyar SMAN 16
Surabaya nyiapake butuhan gawe MOS.
Dandanane wes ora nggenah nggowo perkakas sing ra nggehan pisan. Masio ngunu
murid-murid anyar iku tetep pada bungah, rekosone MOS ilang karo rasa seneng amarga bisa sekolah ing kunu. Para siswa
SMAN 16 pada kumpul kabeh ing lapangan gawe upacara mbukak MOS. Telung dino suwene murid kelas X meluni saben kegiatan sing
disusun panitia MOS.
“Waah, akhire mari yo MOS e. Kira-kira awakdwe sak kelas gak
ya, Ra.”
“Iya, Ran lego rasane.
Aku yo mosok weruh, palak ayo didelok bareng bareng wara-wara e.”Ajake Amara
“Iya ayo.”
Amara lan Rani, mlaku sisihan nang papan pengumuman ing
tengah dalan wong loro kuwi mau kepethok Damar, kanca sakgugus wektu MOS. Tibak e Damar ya kate ndelok papan
pengumuman, wong telu iku mau banjur mlaku bebarengan karo omong-omongan lan
guyon.
“Lhe ayo cepetan
pumpung sepi iki, iko lho akeh seng pada kate mrene.”Jare Damar
“Iya, iya”Jawabe Rani
lan Amara banjur mlayu nguber Damar.
Tibak e aku sakelas karo Damar ing X MIA 2. Rani malah
oleh kelas sing rada adoh ing X MIA 5, senajan pada IPA ne panggonan kelas e
ora padha amarga kelas e Rani kelas anyar. Rani katone ya rodok kecewa amarga
awakdewe ora sakelas. Dheweke tak guyoni, masi ora sakelas awakdhewe ijek sak
sekolahan, mari ngunu dheweke banjur bali semangat maneh. Awakdewe banjur nang
kelas e dhewe-dhewe.
“Assalamualaikum.”
“Waalaikumsalam nak,
kono ndang adus lan sembayang dhisik.”
“Nggeh bu.”
Sak marine adus lan
sembayang aku ngrewangi ibu masak.
“Ra, kowe kenal ora
karo Laksmi anak e Bu Darmi ?”
“Laksmi?, nggeh bu kula
semerap nanging mboten pati raket. Wonten napa nggeh ?”
“Ngene lo nak, wingi
pas kate mlebu sekolah Bu Darmi mampir, piyambak e kuatir karo anake nduk.”
“Oh ngoten napa bu.
Kula nggeh enggal semerap Laksmi setunggal kelas kaliyan kula amargi dheweke
mboten tumut MOS. ”
“Oalah nak, mesakake
dheweke iku, mbok dijak omong-omongan supaya ora kijenan.”
“Nggeh bu.”
Aku budal sekolah isuk banget, amarga dina iki aku
kebagian piket kelas. Teka kelas tak kiro ya bakalan sepi gak enek wong blas
tibak e Laksmi wes budal. Isuk tenan bocah kuwi budale, padalan ya ora oleh
piket.
“Isuk tenan Mi
budalmu...”
“Iya Ra, aku bareng
bapak kerja mangkane isuk.”
“Oalah yo bareng aku
lak wes mene, piye ? gelem tah ?”
“Ya gapapa wis, mene
tak ampiri nang omahmu.”
“Iya, aku tak nyapu
ndisik selak arek-arek padha teka.”
“Iya, lha diewangi ta
Ra ?”
“Walah ya ora usah ta
Mi wong duduk bagianmu, wes kono tutugno olehmu maca.”
Aku nyapu kelas karo mikirne omongane ibu. Wong ya Laksmi
biasa-biasa ae kenapa ibune sampek kuatir kaya ngunu. Dijak ngomong ya
nyambung-nyambung ae malah dheweke ketok e apikan areke, kate ngrewangi aku
malah.
“Assalamualaikum”
“Waalaikumsalam bu”
“Nak, tak wenehi tugas
ya. Ibu ana tugas menyang Malang sakminggu, dadi wektumu ngerjakno ya sakminggu
kuwi. Nggawea kelompok isine telung siswa, golek sing cedek ae omah e ben gak
adoh-adoh...”
“Tugase napa bu ?”
“Ya kosek talah nak,
sabar.”
“Nggeh bu, ngapunten.”
“Yowes gakpapa. Ngene
tugase awakmu sakelompok mau nggawea lukisan, wes sak karepmu kate nggambar
apa. Iki perkakas e wis tak tulis ng kene, ana sing pingin ditakonno
?”Ngendikane Bu Winda karo ngangsurno lembaran.
“Bu umpami nyonto
gambaran saking asline angsal napa mboten ?”
“Oleh-oleh ae nak, sak
karepmu sing penting dadine apik. Tapi ya aja terus ngongkon wong sing pinter
nggambar gawe nggarapno tugasmu, lak percuma tak wenehi tugas nek awakmu gak
oleh apa-apa. Nek diulangi gak papa, bekne mbakyu ta masmu pinter nglukis.”
“Nggeh bu.”
“Yawis, ibu pamit ya
nak”
“Nggeh, dipun ati-ati”
Arek-arek padha rame nggolek kelompoke dhewe-dhewe. Aku
ngajak Laksmi dadi sakelompok. Kurang siji kelompokku, aku tolah-toleh kiwa
tengen bekne enek sing durung oleh kelompok.
“Ra, aku sakelompok
karo awakmu oleh ora ?”
“Oalah Mar, ngageti ae.
Ya ora papa, awakmu kok ya gak oleh kelompok se Mar ket maeng kok ?”
“Lha arek-arek omahe
adoh-adoh aku ya emoh. Iki karo Laksmi ya ?”
“Iya, awakmu kabotan
tah karo aku ?”
“Ora talah Mi, lapo
kabotan barang iku, wong aku ya sing njaluk mlebu rene.”
“Lhe masalah e iki
awakdewe iki gak enek sing iso nglukis, awakmu isa tah Mar ?”Takon e Amara
“Aku isane nggambar tok
Ra, menehi warnane aku ra isa.”
“Piye iki Ra ?”Takone
Laksmi bingung.
“Masku sakjane isa
nglukis tapi dheweke wes kelas 12 dadi paling engko isa mulangi mung sediluk.”
“Alah gak papa Ra
timbang ora enek sing mulangi.”
“Iya, iya bener
Laksmi.”
Awakdhewe wes padha sarujuk mulai kelompokan sesuk ing
omahe Damar. Banjur sakmarine digambari kelompokkan ganti ing omahku. Aku ya
wis kanda marang Mas Feri, minggu mene arep njaluk di wulangi nglukis
bareng-bareng nang omah. Mas Feri katon seneng banget aku ora ngerti kenapa
masku siji iku.
Teng... Teng... Teng..
Aku ngringkesi buku karo pulpenku, wes wayahe muleh. Jek
tas aku oleh SMS saka Rani, dheweke njaluk diterke menyang toko buku.
“Ran...”
“He, Ra suwun ya gelem
ngeterno aku.”
“Iya awakdwe tetep
kanca Ran gak usah sungkan ngunu.”
“Hehehe, Ra awakmu
cedek ta karo Laksmi ?”
“Ya kanca ngunu lo Ran.
Lapo kok awakmu takon barang ?”
“Ya ora, aku oleh kabar
nek Laksmi areke gak apik ngunu Ra. Ya awakmu ati-ati ae lah.”
“Ati-ati piye se Ran,
wong ya areke biasa ae. Aku wes omong-omongan ambek dheweke.”
“Yo sak karepmu se Ra,
tapi aku wes ngandani lo ya.”
“Iya, iya.Awakmu iki kayak
ora seneng banget ngunu karo Laksmi ?”
“Ra, Ra ancene awakmu
iki ora ngerti piye arek iku asline. Wes talah percaya aku aja cedek-cedek.”
“Oalah Ran aku ya ora
penak. Arep tuku apa se ?”
“Sakjane duduk buku, aku arep tuku novel
anyar, jek tas metu ndek wingi.”
“Oalah tak kira buku
pelajaran. Aja maca novel terus lo Ran, engko malah awakmu males sinau.”
“Gawe hiburan ae kok
Ra, nek enek tugas ya prei sek macane.”
“Ya wes nek ngunu, kana
ndang milih. Aku tak ndelok-ndelok, bekne enek sing tak kepingini.”
Aku banjur nguteri rak-rak buku seng ana ing toko
kasebut. Aku weruh buku sing ketok apik, tapi sayang e rak e dhuwur banget.
Tanganku ora teka, wis jinjit-jinjit ya tetep ora teka. Tak toleh kiwa tengen
bekne ana sing njaga arep tak jaluki tulung. Tapi kok ya ora ono iki nandi
kabeh sing njaga. Wes sesuk ae mrene maneh, aku tak ngajak Mas Feri. Aku banjur
marani Rani, dheweke wes nggawa novel loro sing kate dituku.
“Assalamualaikum”
“Waalaikumsalam,
saka ngendi awakmu kok cakut muleh Ra ?”
“Mari
ngeterne Rani tuku novel mas.”
“Awakmu
gak tuku apa-apa ta Ra kok ndungaren ?”
“Sakjane
enek mas sing tak kepingini, tapi mau ora isa njupuk aku yowes ora sido. Tak
golek-goleki sing njaga ya ora enek pisan.”
“Oalah
yo mene karo aku. Bekne enek sing padha bukune kana golekana ng kamarku.”
“Iya
Mas. Suwun.”
“Iya,
iya.”
Senenge duwe mas apikan. Masio ora
oleh buku disek ya gak papa lah jek enek gantine. Tak pilihi bukune Mas Feri
sing sekirane cocok karo materi pelajaranku sak iki. Tibake ya akeh e sing
padha, tak jupuk sing kandel paling akeh iki materine.
“Mas
sing iki tak selang disek ya ?” Tak duduhno buku sing arep tak selang marang
Mas Feri.
“Iya,
tapi ati-ati nek nggawa. Iku buku larang, wes ora ana ng toko hadiah saka wong
sing tak sayang iku.”
“Iya-iya
mas, tak openi talah bukune. Eh, tapi sapa mas seng mbok sayang ? wadon ya sing
nukokna ?”Takonku ng Mas Feri.
“Halah,
apa se pingin weroh urusane wong. Kana ndang digawe sinau.”Jawabe Mas Feri
ambek ngguya-ngguyu.
Isuke aku tangi rada kawanen, olehku
turu ndek wingi ya kebengen. Aku bajur cepet-cepet adus lan sembayang. Sak
marine nata buku Laksmi wes nyusul, ora sarapan aku langsung budal sekolah.
Alhamdulilah ditambahi ibu duwek sangu, isa gawe mangan ing kantin sekolah.
“Mi,
ayo nang kantin aku ora sarapan mau”
“Lha
lapo ta Ra ?”
“Aku
mau bengi kesenengen olehku sinau, diselangi Mas Feri buku. Apik bukune materi
ne lengkap lo Mi, arang-arang se enek buku sing kaya ngunu.”
“Masio
ngunu ya kira-kira jam e Ra, ngene iki nek gak sarapan lak ya gak apik gawe
awakmu.”
“Hehehe,
iya-iya.”
“Ra,
aku tak nang jedhing sek ya, entenana kene ae lah. Mengko enek sing manggoni
mejane.”
“Iya
cepetan ya, selak mlebu.”
Suwi Amara ngenteni Laksmi ora ndang
bali-bali. Dheweke kuatir keri mlebu kelas, bolak-balik di SMS ya ora di bales.
Sepuluh menit sak durunge mlebu Laksmi cakut balik menyang kantin. Amara rada
mangkel marang Laksmi, olehe mangan ora tutug wes mlebu. Padahal dheweke lesu
temenan, mlaku nang kelas Amara meneng ora ngajak Laksmi ngomong blas.
Bolak-balik Laksmi njaluk sepura ora digatekake karo Amara.
“Lho
nandi bukune Mas Feri kok ora ana ? Mau tak deleh kene.”
“Nggoleki
apa ta Ra ?”
“Iki
lo Nis bukuku enek sing ilang, sopo iki Nis sing njupuk.”
“Sek
Ra digoleki ndisik, kene tak ewangi.”
“Iya,
iya suwun ya.”
“Ra,
iki gelang e sopo, awakmu lak ora tau nggaweni gelang.”
“Lho
iki lak gelang e Laksmi, kok iso nang kene. Nis, mosok Laksmi sing njupuk ?”
“Hus,
ojo ngawur Ra, awakmu karo Laksmi kanca raket ngunu. Mosok ya tega dheweke
njupuk bukumu”
“Nis,
mau pas nang kantin dheweke pamit nang jedhing tapi ora balik-balik, ambekan
seng eruh aku nggawe buku iku mek Laksmi aku ora kanda sapa-sapa.”
“Ra,
kate nandi awakmu, he aja gupuh, Ra..”
Aku
ora nggatekake celukane Nisa, aku mlaku karo nesu nang bangkune Laksmi. Laksmi
karo Damar lagi omong-omongan, wong loro kuwi katon seneng banget. Awakmu kok
ngunu Mi, mari njupuk bukuku malah guyonan karo Damar sak iki.
“Mi,
endi bukuku !” takonku marang Laksmi karo nesu.
“Buku
apa ta Ra ?”
“Ora
usah mbuleti awakmu, ndang cepetan mbok deleh nandi bukune !”
“Ra,
awakmu iku lapo, kalem-kalem lak iso se.”Jare Damar
“Wes
talah Mar awakmu iku ora usah melu-melu. Ora ana urusane ambek awakmu.”
“Ra,
aku iki kancamu Laksmi barang. Diomongno apik-apik lak yo iso.”
“Apik-apik
piye wong ya wes karuan nek Laksmi sing njupuk bukuku, lha iki buktine gelang e
Laksmi nyantol ng tasku sapa maneh nek duduk Laksmi ?”
Kabeh sakelas padha nguwasi aku,
Laksmi lan Damar tukaran. Arek-arek padha bingung kaitane sapa sing kate
dibela. Sak marine aku nuduhake buktine kabeh sakelas padha mbela aku, kabeh
padha meksa Laksmi supaya cepet nuduhake nang endi bukuku. Tapi Damar tetep
mbela Laksmi dheweke percaya nek Laksmi ora njupuk bukuku. Arek-arek mulai
ngelokna lan nyurung Laksmi.
“Waah,
tak kira arek apik-apik meneng tibak e maling.”
“Iya,
untung aku ora nyedek.”
“He,
awakmu kabeh ora ngerti tah ? Laksmi iki byen ora disenengi sak sekolahan pas
SMP.”
“Paling
ya gara-gara nyolongan kuwi.”
“Oalah
Ra, Ra. Arek apik e kaya awakmu kok ya tega Laksmi karo awakmu.”
“Uwes,
uwes. Awakmu gak ngesakno ta ? Laksmi sampek tiba ngene iki. Iki pasti mek
salah paham tok, awakdhewe iki ya kancane aja tambah dipanas-panasi.”
“Oalah
Mar arek wes karuan salah kok jek dibela.”
“Ya
jelas Damar paling ya seneng marang Laksmi.”
“He
wes !”
Laksmi mlayu metu kelas ambek
nangis, ora kuat maneh ngrungokne omongane arek-arek sakelas seng tambah suwe
tambah nglarani atine. Dheweke ya ora nyangka Amara ora percaya ambek kancane
dhewe. Ket SMP Laksmi mesti diarani macem-macem, sampek diadohi kanca rakete
ket cilik. Akeh arek wadon sing eri marang Laksmi, wes ayu, pinter isa nglakoni
akeh pengawenan pisan.
“Mi,
wes Mi, aja nangis maneh. Aku percaya awakmu ora mungkin njupuk bukune Amara.”
“Aku
pegel Mar, ket biyen ngene terus. Ora bakal enek sing gelem kancanan karo aku
maneh, aku ya ora nyangka isih ana arek sing ora seneng karo aku.”
“Arek
kan beda-beda Mi, awakmu ora isa nyenengna kabeh arek. Sing ngarani awakmu ini
mesti areke meri marang awakmu. Wes aja dipikerna nemen-nemen.”
“Ora
isa Mar, Aku pengen pindah sekolah pokoke. Aku isin kabeh wong padha ngomongno
aku, aku wedi mengko ibu lan bapakku melu diomongna gara-gara aku.”
“Wes-wes
sing penting meneng sek nangise.”
“Mar
awakmu iku aja cedek-cedek talah ambek aku. Amara malah nyangka awakmu seneng
aku engko.”
“Ya
babah urusan iku tak pikerne dhewe. Awakmu temenan pindah ta ? lha areke pye ?”
“Mengko
nek ancen jodohe lak ketemu maneh Mar.”
“Iyo-iyo
sneg kadung seneng, percayane ora karuh-karuhan.”
“Apa
se awakmu iku Mar, nggarai aku isin ae.”Jawabe Laksmi ambek ngguya-ngguyu
“Lha
ngunu ngguyu ae, ora usah nangis. Babah sek dheweke cek mikir UN.”
Akhire Laksmi sak keluargane pindah
nang kutha liya. Amara bingung ya ngrasa sedih sak marine ditinggal Laksmi,
dheweke ora wani ngomong satemene ng Mas Feri. Saben ditakoni nandi bukune
Amara mesti ngomong nek ijek digawe padalan dheweke ora ngerti nandi buku kuwi
sakjane. Saben bengi Amara nangis, Amara kuatir nek Mas Feri ngerti bukune
diilangne Mas Feri ora sayang maneh marang dheweke.
Banjur Amara matur marang Ibune
babagan buku kuwi mau. Ibuke rada kaget karo akone Amara. Ibune maringi saran
supaya jujur marang Mas Feri, lan nyeritakake apa anane. Ibune banjur sadar apa
maksud sowane Bu Darmi pas iko. Dheweke katon sedih lan ngrasa salah marang Bu
Darmi sakluargane. Nanging masio ngerti, ibune Amara ora langsung kanda piye
satemene kedadeyan iku. Dheweke kepingin Amara ngerti salahe lan bisa
ngrampungake masalahe dhewe.
“Ra,
Laksmi kok ora tau dolan rene maneh se ?”
“Ya
ora mas. Sampeyan ora weruh kabar pindahe Laksmi tah ?”
“Lho
pindah ? kapan ? Lapo pindah” Mas Feri langsung kaget krungu kabar saka Amara.
“Iku
mas asline ana masalah karo aku.”
“Masalah
apa ta ? kok sampek pindah.”
“Buku
seng sampean selangi iko dijupuk Laksmi mas.”Jare Amara irih.
“Apa
dijupuk Laksmi ? kok iso ?”
“Ana
buktine kok mas, nang tasku nyantol gelang e Laksmi.”
“Ora
mungkin Ra. Apa awakmu wes mbukteke seng tenanan ?”
“Apa
maneh mas sing dibukteke ? wong kabeh ya wis jelas.”
“Laksmi
apa ya ora mbok takoni ? Dheweke ngomong piye ? Kancamu lo iku, apa awakmu ya
langsung ae percaya ambek bukti ngunu tok.”
Sakmarine ngrungokno omangane Mas
Feri Amara langsung meneng ora bisa ngomong apa-apa maneh. Dheweke mikirke
kedadeyan pas ilange bukune Mas Feri maneh. Dheweke cakut sadar salahe.
“Ambekan
Ra, buku iku sing nukoke Laksmi, mangkane aku wani ngomong nek ora mungkin
Laksmi sing njupuk.”
Tambah kaget Amara banjur ngerti
kuwi mau. Dheweke langsung ngrasa salah lan nyesel marang Laksmi, sakjane kabeh diomongno
apik-apik kaya sarane Damar. Tapi dheweke luwih ndisekno nesune lan percaya
omongane Rani nek Laksmi iku ora apik. Amara ya melu sedih weruh Mas Feri sedih
senajan ora ngerti sedihe amarga apa, Laksmi tah bukune.
***
“Ra,
aku tak nang jedhing sek ya, entenana kene ae lah. Mengko enek sing manggoni
mejane.”
“Iya
cepetan ya, selak mlebu.”
Sakmarine pamitan marang Amara, Laksmi langsung
cepet-cepet mlaku nang jedhing. Ora let suwe Laksmi metu lan balik menyang
kantin.
Bruuk...
“Eh, mbak sepurane, aku
ora sengaja. Mrene mbak tak rewangi ngresiki klambine sampean.”Jare murid wadon
sing nabrak Laksmi.
“Wes ora papa Mbak, aku
isa dhewe.”
“Tak rewangi ae,
sampean cepot sek gelange cek ora kenek banyu.”
“”Oh
iya, aku duwe klambi maneh nang loker iso njupukna ta mbak ?”
“Iya
isa. Sek ya sampean enteni.”
Ambek nggawa gelang Laksmi murid
wadon mau banjur njupukke klambi Laksmu nang kelase.
“Ran,
iki bukuke Amara di deleh nandi ?”
“Alah
sakarepmu. Seng penting ora kenek digoleki.”
“Tega
temen awakmu iki Ran, Amara lak ya kancamu se ?”
“Ancene,
salahe dhewe cedek-cedek karo Damar barang.”
“Ealah
ya karepmu. Ayo cepet selak ana sing weruh.”
0 komentar:
Posting Komentar