Breaking News
Loading...
12 September 2016

Nur Aini (15) XII MIA 5



Elo Mripat Kanggo Ibu
 Dening : Nur Aini
            Aini yaiku celok-celokkanku ing sajroning keluarga. Aku anak pertama saka rong dulur, adik ku isih lungguh ing kelas 3 Sekolah Dasar, Putra jenenge. Aku terlahir saka keluarga sing sederhana bapak ku mung kerja dadi PNS lan ibuku ibu rumah tangga.
            Isuk kang cerah iki, aku wes salin seragam SMA lan cepak-cepak kanggo budhal sekolah, ibu ku wes bengok-bengok supaya aku cepet-cepet metu saka kamar lan nuju ing panggonan mangan.
            Ibu  : “An..An...ayo cepetan nek cepak-cepak e, iki o panganan e selak adem”
            Aku: “ Enggeh buk, ken sek sekedap male niki sampun rampung” karo mudun saka
                        tangga.
            Ibu  :” Wes ayo ndang di pangan iki!”
            Aku:”Sampun buk kulo tindhak riyen” karo nyalim i tangan ibu.
            Matahari saya suwi saya mlaku ing tengah-tengah langit, ditandai karo cuaca e seng panas. Sawise aku muleh saka sekolah aku langsung diampiri karo ayah, lan ayah ngejak aku lungguh.
            Ayah :” An engkok bengi ayah arep ngomong sesuatu sing penting, ayah ngarep
                          awakmu teko ing ruang keluarga sawise sholat isya’! “
Aku  :” Enggeh yah, engken kulo dhateng ing ruang keluarga, wonten napa to asli e  
            yah?”
            Ayah :” Wes teko o ae”
            Rasa e atiku ora penak, mboh kenek opo, rasane arep enek kedadeyan sing ora apik, Weslah mikir sing positif ae. Sawise isya’ aku langsung nuju ing ruang keluarga, sesuai karo perintahe ayah ku maeng awan. Atiku berdebar gak karuan, rasa kawatir mulai enek, gak ngerti iki awal e saka endi. Ayah wis lungguh ing kursi karo ibu, aku langsung lungguh jejer ibu, suasana sempet hening lan ora ono siji ae kata-kata kang muncul saka lambene ayah, ibu, utawa aku. Atiku tambah gak karuan, kaya-kaya enek sesuatu sing elek. Akhir e ayah ngawali omongan lan mecah suasana hening kumaeng.
            Ayah   :” Assalamualaikum Wr.Wb. Ayah ngumpulno keluarga iki amarga ayah arep
                            ngomongno hal sing penting”
            Aku     :” Wonten napa yah?”

            Ayah   :” Ayah ambek ibu wes sepakat lan musyawarah nek ayah arep rabi mane”
            Tanpa ucap lan kata aku langsung meneng cep ora bisa lapo-lapo, aku langsung nyawang wajah e ibuku. Sawise aku nyawang, rasa ne atiku ora terima lan berontak.
            Aku     :” sampek kapan pun aku gak bakal gelem duwe ibu tiri, ayah iku jahat, ayah
                            ora ngerti perasaan e ibu, lan aku ora bakal ngormati ibu tiri ku sing anyar,
                            iling kata-kata ku iku”
            Ayah   : Plak.....Plak, tanpa sadar ayah nampar wajah ku.
            Ibu       :” Uwes An..gak usah mikirno ibu, ibu ora popo, ibu wes setuju karo rencana
                            ayah sing arep rabi mane, ibu ikhlas, sing penting ayah bahagia”mripat e
                            uwes mrabak ngempet nangis.
            Aku     :” tapi kan gak koyok niki to bu, gak kudu nerima keputusan iki”
            Aku langsung mlayu ing kamar lan ngunci kamar, aku nangis ora mandhek-mandhek. Aku ngerti saiki sebab e ibu nek bengi mesti nangis, aku nggelek ngonangi ibu pas sholat bengi karo netesno elo mripat kang akeh banget, ternyata iki sebab e. Ibu ora tau gelem cerita neng aku apa seng terjadi. Karo ngusap elo tangisan ku aku nemoni ibu neng kamar.
            Aku     :”Assalamualaikum” karo ngetok lawang.
            Ibu       :” Walaikumsalam, Ani, masuk nank!” karo ngusapi mripat e.
            Aku     :”Bu, menopo panjenengan nerima keputusan nipun ayah niki? Panjengan
                           mboten mikiraken perasaan ibu nopo?mboten mikiraken perasaan kulo?
                           Mboten mikiraken perasaan putra? Bu jawab!” nada kesel.
            Ibu       :”Nak..ibu wes ikhlas karo keputusan ayah mu, ibu sanggup ngelakoni iki
                            insyaallah ibu bahagia nak...gak usah mikirno perasaan ibumu iki!”karo
                            ngerangkol aku.
            Aini     :” Ibu niki mboten garwa ne nabi bu, seng saget di madu, pokok e kulo
                             mboten setuju kale keputusan iki titik!”
            Sesok e aku putus no kabur saka omah, aku ora setuju karo keputusan iki, aku gak tego ndelok ibu nangis terus amarga kelakuan e ayah, lan aku gawe surat sing tak ndeleh ing dhuwur e kasur.
            Ibu       :”An...Ani.., ayo tangi nak wes awan sekolah, An...”
                          Bukak lawang kamar.
                          “An...”
                            Moco surat sing tak ndeleh ing dhuwur kamar.


            Assalamualaikum Wr Wb
            Ibu sakderenge kulo nyuwun ngamputen sing katah, amargi kulo minggat saka omah. Ibu kulo mboten saget nerima keputasan niki, kulo mboten saget mirsani ibu nangis terus lan  kudu sak atap kale garwa ne ayah sing enyar, kulo mboten saget bu. Kulo mboten mbalik ing griya sawise kulo mbeto cincin emas lan setunggal permata kangge ibu. Kulo pamit riyen bu. Salam kangge Putra.
            Wassalamualaikum Wr Wb


                                                                                                                                    Aini
            Sawise moco surat iku ibu langsung nangis lan ngomong neng ayah nek aku minggat saka omah.
            Neng panggonan liya, aku terus mlaku, mlaku, lan terus mlaku tanpa tujuan. Dino iku tambah peteng akhir e aku leren ing majid sing ana neng pinggir dalan, tanpa mikir suwi aku jukuk banyu wudhu kanggo sholat magrib, sawise solat magrib aku leren dilut ing plesteran e majid. Aku bingung aku arep panggon neng endi maringunu, aku cuma gawa klambi 4 stel lan dhuwit satus ew, iku gak bakal cukup gawe urip sakminggu. Mara-mara anak wong lanang tuwo ngampiri aku.
            Wong tuwo lanang      :” Nduk, sampeyan saka endi?” karo njawil pundak ku.
            Aku                             :” Kulo minggat pak saking griya kulo”
            Wong two lanang        :” Loh kok minggat?sampeyan gak mesakno wong tua
                                                    sampeyan ta?”
            Aku                             :” Mboten pak”
            Wong tuwo lanang      : “ Lah kenek opo nduk?”’
            Aku                             : Nyeritakno kabeh kedadeyan.
            Wong tuwo lanang      : ”Yowes nduk smapeyan oleh nginep neng omah ku bengi iki”
            Aku                             : “Matur suwun pak”
            Akhire aku oleh panggonan turu bengi iku, wong tuwo lanang iku apik banget neng aku, gelem nolong aku.
            Sesuk e aku mlaku-mlaku neng dalan, gak sengojo aku nabrak arek wedok. Saka tabrak an iku akhir e aku kenalan karo arek wedok iku lan dadi kanca akrabku. Arek iku jenenge Galuh, aku ditawani urip bareng neng kos-kos ane selama aku iso nepati janji ku marang ibuku. Akhrie aku urip bareng karo de e neng kos-kosane, aku karo galuh wes kayak dulur dewe.
            Gak krasa duwek ku wes karek 10ewu, aku bingung arep entok duwek tekan endi, aku gorong entok kerja. Akhri e aku duwe ide, aku golek kain-kain bekas ing penjahit lan aku gawe klambi badut saka kain-kain bekas ku maeng. Galuh tak jak kerja dadi badut ing taman, dino pertama ku kerja dadi badut lumayan apik, duwek hasil kerja kumaeng iso tak sisino separuh kanggo nukok no ibu cincin emas separuhne tak gawe urip. Kerja an iki tak lakoni nganti ikhlas suwi-suwi duwek ku wes ngumpul akeh lan iso digawe tuku cincin emas gawe ibu. Siji janji ku marang ibu wes tak tepati kurang siji mane.
            Salasawijineng dino aku karo galuh entok job-job an dadi badut neng acara ulang tahun. Pas aku karo galuh teka neng omah seng duwe acara ulang tahun, sikilku langsung kaku lan ora bisa mlaku, lambe ku meneng cep, atiku berdebar gak karuan, ora salah iki omah e wong tuwo ku lan seng ulang tahun iki adiku. Gurung melbu omah aku wes netesno elo akeh banget, gak mungkin aku moro-moro batalno, aku yo mikir no galuh, aku gak oleh egois, akhir e aku melbu ing jero omah iku. Aku ndelok kabeh keluarga ku enek ayah, ibu, lan putra. Kabeh wong podo bahagia, nanging aku ora ketemu karo bojo ne ayah seng anyar. Sawise acara aku lungguh-lungguh ing mester pawon, moro-moro enek wong wedok tuwo neng pawon jukuk panganan, pas tak ndelok tibak ne ibu ku, rasa ne aku pingin mlayu terus ngerangkul ibu ku, wes 3 taun aku ora ketemu ibu, tapi aku iling karo janji ku, aku gak bakal ketemu nek aku gorong gowo muleh cincin emas karo permata, aku kudu sabar lan sabar. Nanging aku ora bisa nahan, aku keblablasen nangis lan ibu moro-moro nyidek i aku.
            Ibu       : “ Mbak wonten nopo kok sampeyan nangis?”
            Aku     : Aku langsung ngerangkul ibu “ ibu, aku kangen ibu, niki kulo Ani bu”
            Ibu       : “ Ani, iki temenan Ani ta?”
            Aku     : “Enggeh bu, niki kulo”
            Ibu       : “ Neng endi ae to nduk selama iki kowe, aku saben bengi mesti nangis
                             nggoleki kowe nduk, ayo nduk balik neng omah yo, ngesakno adik mu”
                            nangis gak karuan.
            Aku     : “ Mboten bu, kulo mboten mbalek ten mriki sakderenge kulo nepati janji
                             kulo marang panjenengan”
            ibu       : “ Janji opo se nduk, ibu gak kepingin kabeh iku nduk, ibu cuma pingin
                             sampeyan mbalek mene neng omah, uwes iku tok”
            Aku     : “Kulo tetep kale pendirian kulo”
            Aku langsung mlayu moleh, galuh yo nututi aku. Semenjak kedadeyan iku aku rasa ne kayak wes gak berharga mane.

            Salasawijineng dino pas aku kerja moro-moro telfon ku muni, ana kabar lanek galuh melbu rumah sakit gara-gara overdosis narkoba lan saiki keadaane kritis. Aku gak yangka lanek galuh iku pengguna narkoba, selama iki galuh ora tau cerita, lan kelakuane yo apik-apik ae, gak nduduno nek galuh pengguna narkoba. Gak mikir suwi aku langsung neng rumah sakit marani galuh, ternyata aku telat nyawane galuh wes gak ketulung. Rasa ne atiku sedih lan nangis gak mandhek-mandhek kelangan konco akrab ku seng wes kaya dulur dewe. Saiki aku urep dewe an neng kos-kosane galuh, ora ono sing ngancani aku mane.
            Salasawijineng dino pas aku moleh kerja moro-moro aku ketemu wong lanang enom seng nabrak sepeda ongkel ku, aku moreng-moreng neng wong lanang iku lan njalok ganti rugi. Mene ne wong seng nabrak sepeda ongkel ngenteni aku neng taman panggonan aku kerja dadi badut, wong lanang iku gowo sepeda ongkel anyar lan njalok sepuro neng aku, akhir e aku kenalan karo wong lanang iku, wong iku jenenge refo.
            Persahabatan ku karo refo saya suwi saya cidek, dina minggu esuk refo ngejak aku ketemuan ing taman biasane, rasa ne ati ku seneng banget nek ketemu de e. Sawise lungguh jejer moro-moro de e ngungkapno perasaane nek de e trisno marang aku, akhir e aku karo refo resmi jadian. Mungkin iki takdir e tuhan gawe aku, sawise aku kelangan galuh aku di temokno karo wong seng bener-bener sayang lan iso jogo aku.
 Ora kerasa duwek celengan ku seng gawe nukok no ibu permata uwes cukup, aku ngejak refo neng toko perhisaan gawe ngeterno aku tuku permata, nanging neng tengah-tengah dalan nuju toko perhiasaan refo ketabrak montor lan kondisi ne kritis. Gak kusuwen langsung digowo neng rumah sakit, duwek seng asli e ape digawe tuku permata ku maeng tak gunakno gawe biaya opersi e refo. Aku kawatir banget, aku terus dungo marang gusti ben refo selamet saka operasi e, wes cukup aku kelangena wong seng tak sayang, aku gak gelem kelangan mane. Moro-moro dokter metu saka ruang opersi.
Dokter : “Pasien butuh jantung secepet e, soal e jantung pasien ngalami
    kebocoran, cepet nggolek pendonor jantung kanggo pasien”
Aku     : “ Kulo mawon, kulo siap ndonor no jantung kulo”
Dokter: “ Yowes saiki melok aku, sak durunge di donorno jantung mu kudu di cek sek
                 cocok opo ora”
akhir e jantung ku di cek karo dokter, tibak ne cocok karo jantung e refo. Dokter langsung ngelakokno opersi jantung. Nanging Gusti ndhuweni kenhendak liyo, aku karo refo ora selamet saka operasi iku. Aku wes bangga karo awaku dhewe meskipun aku gorong iso nepati siji janjiku marang ibuku.
 

0 komentar:

Posting Komentar

 
Toggle Footer