Ing
sawijining desa,ana kaluarga sing kahuripane biasa lan ora kurang apa-apa.Sejahtera
sandang,pangan,lan papan.Namung sing kurang punika welas asih saka wong tua
lanang.Saben dintene ngelakoni urip apa anane.Dados randha,ora nyurutake semangat
Ibuk nggedekna anak.
"Buk,sabuk kula njenengan salap
pundi..?" pitakone cah wadon iku marang ibuk e.
"Ibuk Yo ora weruh
toh Nduk,piye toh, ora primpen.. "Oooo hla iki opo....!!! Jerite cah
wadon....
"Sampun nemu kok Buk... Wonten ing kamare dik Sabil.. lare
kelalen Buk, lak mboten kantun didukani... " jare cah wadon iku marang
Ibuke lan masang wajah mesem.
"Adikmu iku wis tangi ta...?? Kok ga ndang
adus terus sarapan...?"
"dereng Buk, Dik Sabil tasik bubuk.
"Yowes ndang sarapan... "
“Bapak pundi Buk?” “Bapapkmu kae wis budal kerja
Nduk,”
“Hmm..nggeh pun,Ibuk masak napa..?”
"Ibuk masak sop,tahu,tempe karo
sambel...Ibuk tak nangino Adikmu...
"Nak.Sabill.....tangi Nak.... Ayo
sarapan...?Mbakyumu arep budal sekolah...Sampeyan wis cepak-cepak ta...?"
namung ngendikane Ibuk ora ana balesan saka Sabil.
Jegreeeeekk....
"hoaaaaammmm....Inggih Ibuk..Sabil mantun cepak-cepak...namung
tasik nguantuk Buk,Sabil mlebet kamar malih.Dodos Mbakyu mlebet kamar kula,punika
Sabil pun iyam...namung Mbakyu mboten semerep. “Yowes ayo cah ayune Ibuk,sarapan
disik.”
Alhamdulillah,Ibuk masake
akeh,enak pisan....mugo-mugo isa ngene terus.Batine Faya. Drrrrttt....drrrttt...
Hpne Faya getar "Sapa kae...??isih isuk kok wis sms.... Faya jupuk hpne
ing tas
"Fay,ndang budal sekolah,ana Pak Amri wis mlebu kelas"...
Faya kaget,dheweke lali yen Pak Amri iku wong sing akas banget..
"Aduh Gusti.....!!!! Kok isa aku lali wayahe Pak
Amri....yoweslah sarapan sek...kan durung bel masuk, Dek Sabil yo gurung
sarapan.
"Yo gapopo.aku mariki budal,karo ngenteni adhiku,kate sarapan".
Bales e Faya. Sing di sms Faya punika kanca sak bangkune.jenenge Arin. Arinnisya
Alfinur Fatimah.
"Mbakyu pun sarapan...? pitakone
Sabil marang Faya .
"Eh Dek Sabil...uwes Dek.Sampeyan ndang
sarapan...Cepetan yo...utawa dibontot ae wis...Mbakyu selak budal sekolah,wis
ana Pak Amri...Mbakyu ya wis telat...
"Engge mbak...tak bontot sarapanku...
Enteni Mbak...".
"Yowes ndang ... "Ibuk e cah wadon loro
kumaeng kepireng apa sing di omong anake..
"Sampeyan wis telat ta nduk..?"
"Asline sih mboten Buk,namung Pak Amrine kemawon ke akasen mlebet kelas.." Mariku suarane Sabil kepireng "Ayo Mbakyu....Eh Ibuk,Buk Sabil kaliyan
Mbakyu pamit nggeh...." Sabil lan Faya salim marang Ibuk e
"Assalamu'alaikum." "Wa'alaikumsalam...ati-ati Nak...aja ngebut
ya..." "Inggih Buk..."
"Mbak,Pak Amri iku
sinten ? Sak ben dina Selasa sampeyan mesti telat,padahal durung bel mlebu
sekolah...?Kereng apa wong e? "
"Pak Amri iku Bil, gurune Mbak sing akas...disiplin,wong
e ngulang pelajaran Bahasa Indonesia.Wonge wis apal aku kok Dek...yen mbakyumu
iki telat,tapi asline ora telat...soale durung bel sekolah muni."
"Oalah Mbak,tapi sampeyan ora tau di hukum..?"
"Alhamdulillah gatau
Dek.Akeh kancaku budale mesti wonge wis mlebu kelas, Pak Amri ngemaklumi,
dheweke sing ke akasen." "Wis nutuk
sekolahmu Dek...sinau sing pinter.."
"Nggeh Mbakyu...Assalamu'alaikum"
"Wa'alaikumsalam".
Faya nyampek ing sekolahe.Dheweke ndeleh sepedahe
ing parkiran,mengkono ketemu Edo. (Muhammad Edo Bagus Radip )"Fay, ayo mlebu kelas,wis ana Pak Amri.Ayo barengan."
"Eh Edo...Iyo Budalo ndisik,aku arep markir sepedha."
"Tapi
prasaku andewe iki ora telat kok Fay,yowes tak enteni,mesisan nang kelas
bareng." Sawise Faya markir sepedha. Teeeeeeetttt....teeeeeett.....teeeeeeetttt..!!!!
"Nah iki baru bel mlebu Do,dadi andewe iki ora telat.kan wis ana nang sekolah
sadurunge bel masuk..??" "Iyo Fay,aku lali saben wayahe Pak
Amri mikirku aku sing telat,namung asline Pak Amri sing akas."
"Assalamu'alaikum," "Wa'alaikumsalam"
jawabe kanca-kanca sekelase Faya lan Edo.
"Nuwun sewu Pak,kula kaliyan Edo
mlebet kelas enggal bel masuk Pak."
"Kan wis ero,Pak Amri mesti mlebu
kelas sedurunge jam masuk,dadi ora telat awakmu.Wis gawe sakkabehe wae,Pak Amri
mlebu kelas sedurunge bel masuk amarga njagani yen ana tugas saka Bapak,namung
kowe angger nyonto,Bapak iku ora seneng.Lan ana alesan liyane,namung iki
urusane Bapak karo kesiswaan.Bapak mlebu kelas sedurunge jam mlebu sekolah
iku ora mung nang kelasmu wae...nang kelas liya yo Bapak lakoni.Wis...paham
kabeh...???"
"Engge Pak…." jawab arek sak kelas.
"Yowis
ndang lungguh faya,Edo." "Inggih Pak" "Wis Ayo dungo.Sapa
ketua kelase? " "Edo Pak..." "Monggo sami ndunga"......
"Dunga saged dipun akhiri". "Sedurunge Bapak mulai
pelajaran,Sesuk wajib fotocopy biodata,,digawe ngelengkapi data per
siswa.Ojo lali.Wis ayo dimulai pelajarane."
"Inggih Pak". Sedina
pelajaran full...ora ana jam kosong
kayata kelas liyane...nganti mulih sekolah arep ing parkiran, "Mas Azzam ..??(Azzam Rahman Fathir Rizqi), kok ora mulih...?"
"Ana rapat ekskul,mariki
paling yo mulih.Lapo? Ndungaren awakmu takon ngunu nang aku...?biasane ngeludur
wae..ora ngereken arek liwat." "Yo gapopo.”
“Mulih dewe ta..?” “ Ora
sih,arep nyusul adhiku. “oh.” “hmmm aku salah opo maneh nang awakmu.?takonku apik-apik,kok sikapmu nang aku kaku,ora kayata biasane...?" "Aku wis tresna marang
awakmu.” Batine Azzam.
"Aku gapopo Fay,wis ndang mulih selak sore,ora apik
yen wadon mulih bengi namung ora ana mahrame sing ngancani." "Iyo wis,aku
mulih disik. Assalamu'alaikum" ."Wa'alaikumsalam."
"aku ora
ngerti karo sikape Azzam marang aku,kadang dheweke lucu,seneng kekancan,namung
cepet kaku sifate.Ana apa karo Azzam..? Drrrrtt...drrrtttt "Mbakyu aku ora
usah disusul,aku bareng kancaku." -Sabil. "Alhamdulillah Dek," batine Faya.
"Dooooooooooorrrrrr................!!!
Ngelamun wae........................................hahahahahaha" "Eeee YaAllah.....Aastagfirullahaladzim
Edo....!!! Hmmmm... "Awakmu mikir opo toh..? Mikirno aku yoooo...........?"
"Iso iso wae awakmu,yo ora talah..."
"ngene-ngene Mben sing kate dadi
imammu Fay...amiiinnn,"
"Eh iyo Adhikmu
ana nang omah..?"
"Ngomong dewe di amini dewe...Hmmmm... In Sha Allah
ana Do,arep lapo?"..kateeeee................hmmm..ojo kepo talah..."
"yowes ojo
ketemu Adhikku..." "Ngunu wae Nggondok...”
Niat mlaku bareng menyang parkiran,Edo diceluk Iqbal. “Do..!! Edoo..!!! “ “Wehhh..
Mas Iqbal ? Ana apa mas..??” Iqbal sing nyawang Edo lan Faya malah ngadohno Edo
marang Faya.”
Ing sedalanan mulih,Faya
numpak sepedha dewe.Yen numpak sepedha,apa maneh ora ana adhike,Faya wani
ngebut.Kupinge dijejeli hedset ngerungakake
murrottal.Kahanan dalan gedhe ora tau
sepi saben wayah mulih sekolah.
Sawise nemoni Edo,Iqbal kelingan
Bapake,cariyos iku dadi sejarah ing kaluargane.Bapake Rabi entuk
Ibuke faya ,namung Iqbal lan Faya ora weruh yen dheweke dulur tiri,nganti
karo-karone gedhe,ngertine iqbal yen Bapake wis megat ibuke,sawise iku iqbal
lan sakeluarga ora weruh kabar Bapake. Ibuke faya (nur rofiah) punika rencang
SMA Bapake Faya,niat Bapake iqbal poligami namung Ibuke iqbal (sekar widya) ora
ngewenehi ijin,akhire dipegat,rabi malih.Ibuke faya punika kantun dirabi sawise
Iqbal lair.Yen disawang,Iqbal lan Faya punika seumuran. Punika Iqbal
sepantarane Azzam Dadi,Sabil lan Faya Siji Bapak namung bedo Ibuk kaliyan
Iqbal.
Sesuke Budal sekolah,ora
kayata biasane. Faya diterno Bapake,amarga sepedhae arep dienggo Bapake lan
dheweke kudu fotocopy biodata diri.Saben
kelas diutus kaya ngunu amarga arep digawe ngelengkapi data siswa. Ing
panggonan fotocopy ora sengaja
dheweke ketemu Mas azzam karo Iqbal,Faya ngantri ing mburine Iqbal,ngarepe
iqbal ana Mas Azzam.”Bal wis nggowo datamu ? tokno saiki,nggonku wis mari di fotocopy.” Iqbal Jupuk dokumene ing
tas,dokumene sing ana ing map,rutuh ing cedeke sepatune Faya ora sengaja
dijupuk lan diwaca Faya,Faya nemokake data sing pada karo Iqbal,yaiku data ing
kolom Bapak,status anak,lan golongan darah.Persis kabeh,ing kono
Faya mikir nganti ora sadar moro-moro dokumen mau disaut karo Iqbal,amarga ora
terimo biodatane diwaca arek sing ora dikenal,Iqbal mbales maca biodatane
Faya.
Namung Faya manut wae amarga salahe dheweke,anggepane isa impas. Diwaca karo Iqbal,mripate ngawasi
Faya,karo-karone mikir,apa dheweke punika siji Bapak namung beda Ibuk..? pikirane
padha kebukten pas Bapake Faya(Ihsan Purnomo Yakhsa ) marani
Faya,dep-depan.Ana kepadanan saka katelu wong iku.Saka mripat,irung,lan lambe.Iqbal
ora kuwat ngawasi apa sing ana ing ngarepe,awake lemes untunge ditampani Azzam. “Namine Bapak
sinten..?nuwun sewu pak,menawi kula pirsa njenengan,kayata kula ketemu Bapak
Kandung kula.” “Ihsan Purnomo Yakhsa.” “Jeddeeeeerrrrrr..!!!
“Rasane atine Iqbal sesek.” “Ana apa Nak?” “Jeneng lengkapmu sapa Fay..?” “Faya
Firdhatun Yakhsa Mas Iqbal” Nambah sesek maneh atine Iqbal.” Sawise weruh
datane Faya,apa maneh golongan darah,kepadanan
cecadhane awak,kaliyan marga jeneng saka Bapak,Iqbal nyimpulna yen Faya punika
adhik tirine. Iqbal isih lemes.Azzam,Ihsan,lan Faya bingung ngadepi Iqbal sing
kayata ngene.Iqbal nduduhake bukti-bukti sing ana ing pikirane marang pak Ihsan
lan Faya.Karo-karone pada kaget,ngejer,lan awake lemes.Ana rasa ora percaya yen
Faya nduwe dulur tiri.Kabeh bingung,akhire Azzam dadi penengah,ngerewangi ngelurusake
masalah.Titik temune punika sepakat yen sekeluarga dikumpulna dadi siji sawise
katelu arek iku mulih sekolah.
Azzam lan Iqbal arep mlebu
parkiran sekolah macet,amarga ana montore kepala sekolah arep mlebu ing
parkiran guru.Faya ngenteni wae,namung ora sengaja mripate ngawasi Iqbal. “Apa
iya dheweke cacak tiriku..?” batine Faya.
Sedina pelajaran kayata
biasane nganti mulih sekolah. Faya sing disusul Ayahe,Iqbal lan Azzam ngetutna
ing mburi sepedha motore Bapake Faya,melu mulih ing omahe Faya.Kaluarga kasebut
wawanrembug lan nduduhno bukti-bukti sing ana. Ibuke Faya lan Ibuke Iqbal
ditekakno,sawise ketemu sakeluarga iku mau kaget,lan lemes apa maneh ibuke
Iqbal sing weruh keadaane Ayahe Iqbal (Ihsan ) wis nduwe anak 2 yaiku Faya lan
Sabil.Kaluwarga kumaeng musyawarah,digolekna dalan apike.Hasil wawanrembug
punika Faya lan Sabil, sedulur tiri kaliyan Iqbal,Pak ihsan tanggung jawab nafkahi
anak kandunge katelu iku,namung tetep ing rumah tangga dhewe-dhewe.
0 komentar:
Posting Komentar