PLESIRAN NING JAKARTA
Preian semester wingi aku kaliyan kanca-kanca plesiran ning Jakarta. Aku, Doni, Rizal, lan Liko dolan ning Jakarta pengen deleng Monas lan obyek wisata liane. Aku kaliyan kanca-kanca budal nang Jakarta gawe duit celengan selama setaun dadi gak usah jaluk wong tuo.
Budal numpak sepur soko stasiun Jombang mudun stasiun pasar senen. Ning perjalanan aku kaliyan kanca- kanca gak iso turu mergo seneng. Meh sedino perjalanan tapi ora kroso reti-reti wes teka Jakarta, tekan stasiun mlaku diluk wes anjok Monas, sak durunge mlaku nang Monas aku lan kanca-kanca golek mangan disek amergo kabeh podo luwe. Sawise mangan lansung mlaku nang Monas, ning kono aku karo kanca-kanca langsung foto-foto. Doni karo Rizal sueneng, arek loro mlayu uber-uberan ora reti pegel.
Sawise tekan monas aku, Doni, Rizal, lan liko muter-muter kuto Jakarta numpak busway. Sak marine muter-muter Jakarta, kami ngelanjutna dolan ning TMII. Pas apene mlebu TMII sak marine tuku tiket, enek kedadean lucu pas enak-enak mlaku Liko kepleset, aku, Doni, lan Rizal gak nulungi malah guyu kemekel, tapi sak marine guyu aku, Doni, karo Rizal langsung nulungi Liko terus ngelanjutna mlaku muter-muter ning TMII.
Sak marine pegel muter-muter aku luwe lan ngajak golek mangan, mergo aku sing ngajak golek mangan dadine aku seng mbayari Doni, Rizal, lan Liko. Sawise mari mangan aku ngajak leren disek mergo pegel ket isuk muter-muter kuto Jakarta, mumpung ning kunu enek gazebo. Maringunu aku ngajak Liko mlaku-mlaku ambek tak kongkon ngefoto ning panggon sing apik, aku lan Liko gentian ngefoto. Doni lan Rizal mlayu marani aku karo Liko, terus Doni ngomong ngene “awakmu foto-foto kok gak ngajak aku, aku lak yo pengen se” aku lan Liko guyu, terus tak jawab “salahe ket mau glendangan ae, dijak jare aras-arasen yawes tak tinggal, ayo kene nek melok foto-foto”, maringunu aku nerusno foto-foto arek 4.
Mergo wes sore aku kaliyan kanca-kanca langsung otw ning omahe pakde, sakdurunge budal nang Jakarta aku wis ngomong pakde nek aku kaliyan kanca-kanca apene nginep sewengi ning omahe. Pakde nyusul ning TMII mergo omahe cidek tekan TMII. Teko omahe pakde aku karo kanca-kanca langsung dikongkon mangan, Doni apene mangan tapi isin-isin langsung tak jupukno sego ambek iwake, nek gak ngunu gak gelem mangan arek e hahaha. Mari mangan aku kaliyan kanca-kanca dijak pakde muter-muter numpak mobil, aku seneng iso deleng kuto Jakarta wektu bengi. Aku dijak pakde mlaku-mlaku nang Mall, Rizal langsung mlayu golek klambi gawe oleh-oleh.
Aku, Doni, lan Liko langsung golek-golek klambi lan oleh-oleh liane, aku yo golekno oleh-oleh gawe sing nang omah. Mumpung gowo sangu akeh iso golek oleh-oleh sing akeh, sawise mari belonjo. Doni ngajak golek es cream, terus liko ngomong “enek-enek ae Doni iki”. Sak marine belonjo ambek golek es cream langsung moleh ning omahe pakde, teko omahe pakde aku, Doni, Rizal, lan Liko langsung mapan turu.
Mene isuk e lagek tangi uwes disiapi sarapan ambek bude. Aku, Rizal, Doni, lan Liko sarapan bareng kaliyan pakde lan bude. Marine sarapan aku langsung adus, mergo jeding e mek siji dadi adus e gantian. Sawise adus kabeh aku, Doni, Rizal, lan Liko noto barang nang tas mergo awan e kudu wis balek ning Jombang. Sakdurunge balek ning Jombang aku ngajak Doni, Rizal, lan Liko mlaku-mlaku muter komplek omah e pakde, dadakne pas enak-enake mlaku enek wong gendeng nguber tekan mburi, aku karo kanca-kanca langsung mlayu banter-banteran balek nang omahe pakde, teko omah e pakde arek 4 guyu kemekel gak mari-mari.
Awan e aku lan kanca-kanca diterno pakde nang stasiun, aku pamitan ambek bude lan pakde. Ning perjalanan aku lan kanca-kanca istirahat mergo pegel, teko Jombang isuk aku kaliyan kanca-kanca ngumpul disik nang omahku gawe ngobrol-ngobrol, sak marine iku podo muleh nang omah e dewe-dewe.
15 September 2016
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar