Matahari
wis ndelengake senyume sing sumringah marang kabeh insan, salah sijine nang perawan sing manis iki jenenge Astuti. Astuti yaiku perawan sing sregep
sinau, taat marang wong tuwo, lan grapyak marang sopo wae. Saiki Astuti kelas 3
SMA sing maringene arep lulus lan berjuang gawe masa depane sing cemerlang. Astuti
urip ndek keluwarga sing prasaja, nduwe bapak ibu lan adhik lanang sing jenenge
Boy.
Koyok
kabeh murid, Astuti nduweni impen gawe nerusake sekolah sing duwur. Senajan
dheweke arek deso, ora ateges dheweke ora duwe impen dhuwur. Salah sijine,
Astuti nduwe impen gawe nerusake kuliah ing Universitas Indonesia jurusan Hukum
Internasional. Kabeh usaha wis dicepakno gawe iso gapai impen kasebut, misale
dheweke sinau debat karo gurune tentang kasus-kasus sing ana ing Indonesia lan
negoro-negoro liyane, nyinaoni pasal-pasal ing UUD 1945, lan ora lali dungo
menyang gusti Allah.
Dina
sawise dina wis diliwati dening Astuti nganti wis nginjek wektu sing akeh try
out marang sekolahe. Dheweke terus sinau lan ora lali istiqomahe.
Pas
dino minggu wengi dheweke lagi refreshing nang ngarep omah ben
ora suwung mikirno ujian mben. Nanging pas ndek ngarep omah, dheweke krungu yen
bapak lan ibune tukaran. Dheweke langsung melbu omah.
“Bu,
enten nopo toh kok mureng-mureng tenanan?” takoke Astuti marang ibune.
“Iki
As, bapakmu nyeleweng.” ucape Ibune langsung garai Astuti kaget.
“Lho
bener nopo, Pak?"
Bapake Astuti ora jawab, nanging
langsung metu tekan omah. Ibune mung iso nangis lan Astuti mung iso ngelus-elus
pundake ibune ben iso nenangno.
“Pun bu, sabar. Ibu sare mawon,
Bapak tak tunggone nganti kondur.”
“Iyo, As. Ibu tak sholat ndisek
ben atine ibu ayem.”
“Injeh bu.”
Wengi iku Astuti bingung, ati
ora iso tenang mikirno masalah wong tuwone. Jam 2 wengi Bapake sing dienteni
ora ndang muleh-muleh, akhire Astuti keturon. Untunge adike sing ijek umur 6
taun iku ora kebugah amarga masalah wingi wengi.
Isuke, dheweke tetep budhal
sekolah. Nanging pas ndek sekolah, atine tetep jek gorong iso ayem. Areke terus
mikir gawe iso nyelesaino masalah wong tuwone. Ayahe wis ditelfoni bolak-balek nanging
ora diangkat-angkat. Mikirno masalah wong tuwone garai dheweke loro batin.
Padahal dheweke akeh deadline tugas lan try out.
3
dino mari masalah iku, akhire Bapake muleh gawe njupuk tas sing isine klambi
nanging Ibune ora eroh amarga isih turu. Astuti ketemu Bapake nang mbale…
“Pak,
panjenengan pun dhahar napa?” takoke Astuti marang Bapake.
“Sampun,
Nak. Bapak tak lungo ndisik yo ben pikirane Bapak mbalek maneh. Sepurane Bapak
jek gorong iso dadi Bapak sing apik gawe sampean ambek adhik. Ibu ambek adhik
sampean jogo ndisik. Bapak pasti mbalik maneh.” Astuti langsung nangis, Bapake
pun langsung ngerangkul Astuti.
“Sakjane
enten napa toh, Pak? Kenopo mboten dimusyawarahno bareng-bareng?” Astuti tetep
nangis ndek pelukane Bapake.
“Mben
ae nduk Bapak critani. Sing penting sampean jogo Ibu lan adhik. Ojo males
sinau, tetep dadi kebanggaane Bapak lan Ibu nggeh masio akeh masalah. Ileng
target pean. Ora usah ngerungokno gosip-gosip tekan wong liyo. Adhik sampean
sinauni sing temen nggeh. Ojo lali sholate. Bapak tak budhal nggeh, Nduk.”
“Bismillah
nggeh, Pak. Panjenengan nggeh sing ati-ati. Cepet kondur nek pun ayem pikirane,
Pak.” Astuti tetep nangis nanging ora banter. Dheweke yakin iso dikeki tanggung
jawab tekan Bapake.
Amarga akeh masalah, biji try
out e Astuti tambah mudun. Sing biasane oleh ranking 2, nanging saiki dadi
ranking 8. Astuti sempet stress amarga masalah sing ditanggung iki.
Dheweke terus nyemangati awakedhewe ben iso bangkit maneh, yakin lan percoyo
yen Gusti Allah ora tau turu, Gusti Allah ero kemampuan makhluk ciptaane sak
piro, Gusti Allah terus enek gawe kabeh menungsa.
1 ulan pas mari Bapake lungo
ninggal keluwargane, Bapake mbalek menyang omah gawa akeh barang. Ndek mbale….
“Assalamu’alaikum” Bapake
ngucapno salam.
“Wa’alaikumsalam…
Bapakkkkkkk!!!” Boy langsung nang Bapake lan Bapake sontak gendong Boy.
Ing pawon kerungu suarane Boy,
Ibu lan Astuti sing nyiapno mangan langsung nang mbale.
“Bapakkkk!!!” Astuti langsung
meluk Bapake. Nanging Ibune mek ngadeg lan mberabak.
“Ibu ora kangen Bapak?” takoke
Bapak nyambi guyon.
“Kangen, Pakkk!!!” Ibune Astuti
langsung ngerangkul bojone lan anak-anake nyambi nangis.
“Sepurane Ibu mbiyen ben dinten
nyuwun dhuwite Bapak. Sepurane sisan Pak, Ibu salah paham yen foto wong wedok
ning iPhone Bapak iku mung koncone Bapak. Ibu ngerti Pak yen Ibu jealous-an.”
“Hehehe ora opo-opo kok Bu. Iku
tandane Ibu tresno tenan marang Bapak. Bapak nggeh tresno tenanan marang Ibu
kok.” guyone Bapake Astuti garai wong sak omah iku maeng ngakak.
“Ehem ehem (apen-apen watuk) enten
Boy lan Astuti lho Pak, Bu. Kok anak-anake dados kacang ngenten?” saute Astuti
guyon.
“Hahaha ben talah, Nduk. Mumpung
podo bungah kabeh ngene. Iki sampean tak tumbasno buku gawe sampean sinauni.
Adhik tak tumbasno mobil-mobilan.” ngekeki kresek sing akeh barang-barange.
“Lha Ibu pundi, Pak?” Ibune ora
pengen kalah karo anak-anake nanging mung guyon.
“Oleh-oleh gawe Ibu yo aku dhewe
iki. Kangene ibu wis terlunasi.” mbalek maneh gombalane Bapake Astuti.
“Hm… Ayo pun maem bareng-bareng,
Ibu mbek Astuti pun masak gurami bakar penyet.”
“AYOOOOO!!!!” Bapak, Astuti lan
Boy bareng-bareng ngucapne.
Akhire keluargane Astuti mbalek
dadi keluarga sing harmonis maneh. Lan Astuti iso fokus karo sekolahe saiki.
Astuti iso bangkit maneh tekan kegagalane sing mbiyen. Usaha lan dungo ancen
ora tau ngekhianati hasil. Sing penting yakin lan percoyo yen Gusti Allah mesti
enek kanggo awakdhewe.
0 komentar:
Posting Komentar