Preinan Ing Pantai Baron
Cerito pengalamanku wayah SD aku lan keluarga ku mlaku-mlaku
menyang pantai baron. Aku lungane nggunakne mobil pribadi. Dalan aku menempuh 2
jam, aku mangkat saka ngomah jam 6.00 esuk nganti dikana jam 8 (wolu) isuk.
Wayah kuwi jalane isih ala dadi lakune suwe banget.
Neng tengah ndalan aku ndeleng pemandangan kiwo tengen sing
katon nyenengke (menyenangkan). Sangantine ketuk kana aku ndeleng akeh wong
sing lagi adus. Banjur aku genti kelambi. Genti kelambine kudu neng kamar mandi
sing akeh disewakake ing pinggiran pantai baron. Dumadakan wektu aku mlebu
menyang kamar mandi ambune wc ne koyo ora diresiki setaun. Aku banjur genti
kelambi wedine aku semaput neng jero kamar mandi banjur metu.
Aku langsung mlayu nuju pantai lan nglangi, aku lagi asik
nglangi bapak ku nyeluk dikongkon mangan lan aku kandha mengko dhisik. Sawise
saerntara wektu nglangi banjur aku seren dhisik mergo ngelih banget. Beruntung
aku isih komanan pithik bakar sing digawa saka ngomah karo Ibuk. Saentek mangan
aku nyewa ban fuso sarega 10.000 nuli aku nglangi meneh nggunakne ban kui.
Dumadakan aku ora ngerti yen kakangku ugo nglangi neng cedhak ku. Aku dikerjani
ro kakang aku di blebek-blebeke ing njero banyu, irunglu jelas kelebonan banyu
segara, rasane perih banget lan asin neng ilat.
Banjur aku diceluk maneh ro bapak turene aku gelem numpak
prau ora, aku banjur jawab gelem. Aku mlayu wedi yen keri lan aku munggah prau
sing penumpange ana wong 15, banjur prau kuwi dilakoke ngubengi pulau. Ora
krasa wayah wis sore, banyu segara anyak pasang. Aku wis mraune wedine yen
klelep lan aku genti kelambi banjur mulih. Ora krasa aku teras turu neng njero
mobil, anehe rasane cepet banget anggone perjalanan. Tangi-tangi aku wis ana
neng ngarep ngomah lan digugah ibuk kon mudun.
0 komentar:
Posting Komentar