Breaking News
Loading...
11 September 2016

Wiwit saking nikah dening ASLAHAH BALADINAH R (05)

 

Wiwit saking nikah
Ing sawijining desa yaiku desa Sukorame,ana wong nduwe gawe. Katepakan sing nduwe gawe iku pak lurah.Pak Santos jenenge, dheweke nduwe bojo jenenge Bu Lea. Pak lurah nggawe acara gedhe-gedhenan. Nanggap musik campursari lan musik jazz. Acara kasebut kelakon 2 dino.Dino pertama iku undangan gawe wong sekitar utawa wong desa Sukorame.Lan dino kaloro gawe konco-konco  sekolah biyen lan wong liya desa Sukorame.
            Sak durunge acara kasebut kelakon. Pak lurah kang nduweni anak calon penganten wadon, ngomong nang anake.”Nduk yen kowe wes nduweni calon bojo njaluk o mas kawin sing larang.” Anake,Lisa takon bapake “ Lha punapa pak? Mas kawin kang sae niku sakngertosipun kulo ingkang mboten ngabotaken garwa.” Pak Lurah njawab “ Yo pokoke kowe kudu njaluk nang bojomu mas kawin sing larang .“ amarga Lisa kapengen nuruti panyuwun bapake, Lisa mikir opo mas kawin kang larang tapi ora nganti mberatake garwane. Akhire Lisa nggolek buku, ketemu dening novel babagan kawin.Wes maca  buku kanthi saparapate buku,dheweke nemu petunjuk.Ing novel iku katulis “ gawe kowe para wong wadon mas kawin paling larang iku Al-qur’an. Lisa seneng lan ora nyangka dene Al-Qur’an iku mas kawin paling larang. Ora usah ngomong nang bapake,dheweke banjur telpon calon garwane,pas katepakan calone telpon Lisa.Dheweke takon “ Dek sampeyan nyuwun mas kawin napa ? “ “Ni...ni…niku Al-Qur’an mas,sampeyan sanggup napa mboten nggih? Sakumpami mboten saged nggih mboten punapa.” Lisa njawab. “ InsyaALLAH sanggup dek.” Ing njero ati Lisa ngomong “ ALHAMDULILLAH  kekarepane bapak iso katurutan.”
            Tibane dino akad nikah, sakdurunge acara dimulai Pak Lurah takon maneh nang Lisa “ sampeyan sido njaluk mas kawin apa nduk?” “Al-Qur’an bapak…(karo ndredek wedi bapake ora setuju).” Lisa njawab. Pak lurah njawab “Alhamdulillah nduk kuwi sing tak karepno,kowe ngerti to nduk maksute bapak?” “ mboten bapak “ Lisa njawab. Pak lurah ngomong “ Loh loh loh nduk… .Ya wes ngene lho nduk,rungokno lan ileng-ilengen opo kang arepe bapak omongne. Al-Qur’an iku larang sakjane ora tekan regane nanging taggung jawab e nduk.Dadi sampeyan kudu bisa njaga lan ngamalake opo bae kang ono ing jerone,paham nduk?” “inggih pak…insaaALLAH kulo amalaken nopo-nopo ingkang bapak ngendika dhateng kulo (lisa nangis amarga terharu ternyata ngunu maksud panyuwune bapake “.Akad nikah dimulai pak Lurah dadi wali nikah anake.”Nak Fahri kulo nikahaken sampeyan Fahri bin Raden kalian putri kulo Lisa binti Santos dening mas kawin Al-Qur’an dipun bayar tunai.” Fahri njawab “Kulo trami nikahipun Lisa binti Santos kagem kulo Fahri bin Raden dening mas kawin kasebut tunai.” Penghulu takon nang para saksi “punopo saksi,sah….?”. Para saksi njawab “sah”.Banjur para undangan ngucap “Alhamdulillah”.Acara kasebut kalaksan nganti wengi para warga seneng amarga jarang ono pagelaran campurasari ing deso Sukarame.
            Dino kaloro,wayahe kanca-kanca ne pak Lurah lan bu Lurah serta para tamu kajaba warga desa Sukorame.Pak Kevin lan garwane salah sijine tamu ing dino iku.Dheweke kanca ne pak Lurah wektu isih kuliah ing Filipina. Pak Kevin yo wong Indonesia kang kuliah ing Filipina. Pak Kevin lan garwane narimo undangan saking pak Lurah. Amarga ora ngerti omahe pak Lurah,pak Kevin kang wes nyampek ing desa Sukorame banjur takon marang warga sekitar. Pak Kelvin takon nang warga “badhe tangglet griyanipun pak Santos utawi pak Lurah ingkang gadah damel,wonten pundi nggih?“.Warga njawab “Pak Santos??? Kulo mboten kepireng nami niku,pak Lurah mriki nggeh leres gadah damel lamung namipun dede pak Santos,nanging pak Santoso.Pak Kelvin pocap “nggih sampun pak maturnuwun,(ing njero ati aku paling salah mirengke pak Santoso dadi Pak Santos,hehehe).Banjur pak Kelvin budal ing daleme pak Lurah (kanthi pocap),”bener tibane pak Santos iku pak Santoso/pak Lurah (ing njero montor).Pak Santos ngguyu lan ora nyangka dene pak Kevin bakal teko nang omahe. Banjur pak Santos ngajak pak Kelvin lan garwane pinarak lenggah,ing pertemuan niku pak santong ngomong “ Kulo niki pak Santoso lan garwa kulo bu Marlia amarga sien kulo isin badhe ndamel asma kasebut,mosok wong kuliah nang Filipina jenenge ndeso sakmangke lajeng kulo ndamel asma Santos lan garwa kulo Lea.”
            Acara dino kaloro lanjut nganti wengi para tamu pada teka. Ana salah sijine tamu pasangan kang lumayan ndeso. Sing wadon ngomong marang garwane “Mas wengi iki sampeyan pun ngantos muring-muring nggih,kita kudu seneng-seneng ing mriki amarga kita badhe mangan dalan lan kita kudu melu kaya wong liya ing acara iku.” Bojone njawab “ siap dek tapi….. sek,opo maksute mangan dalan lan kita kudu melu wong kang nang kunu?” sing wadon njawab “ kulo nggeh mboten sumerap mas kulo dipun sanjangi tiyang ingkang sampun sedahan. Sing lanang “ yo wes,saiki ayo budal “.Acara iku digawe konsep internasional salah sijine yaiku mangan dalan. Pasangan iku bingung arepe nglakoni opo ? ngantri saliman utawa mangan ndisek. Banjur sing lanang e ngomong “mangan ndisek ae ngenteni engko wes gak antri saliman.” Sing wadon njawab,”terose tiyang-tiyang kita kedah kaya tiyang ing acara niku,tapi sampeyan nggeh bener mas tinimbang antri,nggih pun kita dahar rumiyin.” Pasangan iku mau bingung maneh amarga wakeh panganan nang kunu lan ora ana kursi,wong mangan pada ngadek.” Akhire sing lanang muring-muring amarga mosok acara gedhe kaya ngene ora bisa nyewa kursi.Sakwise mangan-mangan pasangan mau ndelok antrian kok isek dowo,akhire pasangan mau kudu ngantri ing mburi.Wes suwi pasangan iku mau muleh,ing dalan pasangan iku ngileng-ngileng opo kang di omongke wong-wong yen kudu nglakoni koyo dene wong liya,ngikuti alure lan nikmati kahanane.

0 komentar:

Posting Komentar

 
Toggle Footer