Breaking News
Loading...
11 September 2016

KANCA SAKLAWASE dening Nehemia Bagas Y. (13)



KANCA SAKLAWASE
Dening : Nehemia Bagas Y.

Dina-dina kaya biasane, kadang panas kadang adem. Ing desa Balasan ana bocah SMA sing jenenge Bandi, Fauzi lan Fandi. Bocah-bocah iku wis koncoan wiwit SD nganti SMA. Nanging dina iku ora kaya biasane amarga ana masalah sing gawe bocah-bocah iku pada mungsuhan.
Ing sekolahan bocah-bocah iku pada kumpul.
            “Ban engko sore nganggur ta? ” takone Fauzi
            “Ana apa?” balese Bandi
            “Ayo dolan menyang desa sebelah, jare wong-wong ana tanding bal-balan” ajakane Fauzi
            “Lha Fandi nangdi? Ora diajak sisan ta?” takone Bandi
Saka adohan, Fandi weruh Bandi karo Fauzi pada omong-omongan, dheweke langsung marani.
“Ana apa rek? Aku kok ora diajak omong-omongan?” takone Fandi nesu
“Lha iki areke. Fan, engko sore ana tanding bal-balan ing desa sebelah, ayo budhal mrono bareng-bareng? Mene lak dina minggu se.” ajakane Fauzi
“Ayo, budhal!” jawabe Fandi
Dinane wis sore, bocah iku mau pada budhal bareng-bareng menyang desa sebelah. Nanging bocah iku wis telat amarga Bandi.
“Bal-balane wis mulai cak, awakdewe budhale kesuwen.” Omongane Fandi karo kuciwa
“Lha pancene Bandi iku lho sing kesuwen, dikandani budhal jam 3 tibane budhal jam 3 luwih.” jawabe Fauzi
 “Sepurane rek, aku mau isih diutus ibuku ngeresiki omah.”  Penjelasane Bandi karo ngguya-ngguyu.
Setibane ing lapangan bocah-bocah iku langsung golek panggon gawe nonton bal-balan. Nanging pas Bandi karo Fandi seneng-seneng nonton, Fauzi tibane weruh yen ana bocah wadon sing ayu. Fauzi langsung marani bocah wadon iku lan njaluk kenalan.
“Mbake sing ayu, oleh kenalan gak?” takone Fauzi isin
“Aku ta mas? Oleh wae talah.” jawabe
“Jenengku Fauzi, jenenge sampean sapa?” swarane Fauzi
“Jenengku Sekar mas.” jawabe
“Sampean omahe nangdi?” Fauzi takon maneh
“Omahku sing werno kuning iku lho mas.” karo nunjuk omahe
“Oalah, oleh ta gak nek aku kapan-kapan dolan mrono?” takon Fauzi meneh
“Oleh wae mas.” jawabe sekar
Ora krasa Fauzi karo Sekar pada omong-omongan terus nganti bal-balane wis arep buyar. Lha Bandi karo Fandi pada nggoleki Fauzi arep ngajak mulih.
“Fauzi nangdi iki? Kok ora ketok blas.” omonge Fandi karo tolah-toleh
“Lha iyo, mang ngajak-ngajak kok saiki areke sing ora ketok blas” tambahe Bandi
“Iki bal-balane wis arep buyar, ayo mulih wae wis ketok sopo sing menang.” ajakane Fandi
“Ayo wis. Fauzi digoleki dhisik wae.” jare Bandi
Ndek panggon liya Fauzi pamit marang Sekar yen arep bali mulih.
 “Sesuk dolan yo?” ajake Fauzi
“Hmmm, iyo mas, aku susulen yo?”
“Iyo”
“Aku tak bali dhisik yo? Wis digoleki kancaku paling.” jare Fauzi
“Iyo mas, ati-ati.” jawabe Sekar
Bandi karo Fandi pada clingak-clinguk nggoleki Fauzi.
“Nangdi se arek iki?”
“Ayo ditinggal mulih wae, kesuwen arek iku.” omongane Bandi karo Fandi nesu
“He rek, ayo mulih.” ajakan Fauzi nang kancane
“Ooooo, ancene arek iki kok. Jare ndelok bal-balan malah ninggal.” omonge Fandi
“Sepurane yo rek.” jawabe Fauzi
“Yo wis ayo mulih, wis kesoren iki.” Omonge Fandi
“Ayo. Sesuk pokoke awakdewe dolan bareng-bareng rek!” omonge Bandi
Bocah telu iku pada mulih menyang omahe dewe-dewe. Sesuke Bandi dolan menyang omahe Fauzi arep ngajak dolan bareng-bareng, nanging Fauzi ora ana ing omah.
“Zi, Fauzi?” Bandi karo bengak bengok
“Fauzi ora ana ndek omah, areke dolan!” jawabe ibune Fauszi saka njero omah
“Ooo, inggih pun bu.” teruse Bandi karo mlaku bali
Bandi terus budhal menyang omahe Fandi, bek menapa Fauzi ing omahe.
“Fan, Fandi?”
“Ana apa Ban?” jawabe Fandi ngintip ing lawang
“Fauzi ndek kene ta?”
“Ora, aku dewean iki ndek omah.”
“Lha nangdi arek iki? Ndek omahe yo ora ana.”
“Arep lapo se?”
“Lha kan awakdewe arep dolan. Aku arep nyususul Fauzi karo awakmu dolan, tapi Fauzi ora ana.”
“Nangdi yo? Ayo digoleki bareng-bareng?” ajake Fandi
“Ayo, tapi nangdi?”
“Wis mlaku wae, bekne ketemu.”
Pas mlaku ndek dalan, tibane Bandi karo Fauzi metuki Fauzi omong-omongan karo bocah wadon, bocah kuwi yo iku Sekar.
“Oooooo. Tibakne ndek kene arek iki. Digoleki ket mau e.” omonge Bandi nesu
“Ana opo se?” jawabe Fauzi
“Awakmu iku arep dijak dolan, malah ngilang.”
“Lha iyo.” sahute Fandi sisan
“Sepurane rek, gk eroh. Iki aku wis janjian karo Sekar dolan.”
“Nek ngene iki wae budhal, nek karo koncone dewe ora.” jawabe Bandi
“Awakmu iku lak wis dikandani nek sesuk iku dolan bareng-bareng se?” tambahe Fandi
“Oooo iyo rek, sepurane. Lha aku ora penak karo Sekar. Aku wis ngajak dolan mosok ora sido?”
“Sekar iku sopo se?” takone Fandi
“Aku koncone mas Fauzi, aku petuk dheweke nang lapangan bal-balan wingi mas.” jawabe Sekar dewe
“Oalah, mangkane Fauzi iko moro-moro ngilang, tibane ngene ta?” clathune Fandi
“Yo wis mas, aku sepurane yo wis ngajak konco sampean iki dolan.” jawabe Sekar
“Ora popo dek, sing salah yo Fauzi. Lapo ora ngomong wae sing jujur.” omonge Bandi
“Yo wis Fan ayo mulih wae.” ajake Bandi
“Ayo.”
“Ojo ngunu talah rek, aku lak wis njaluk sepura se.” omonge Fauzi karo nguber koncone
“Karepmu wae Zi ora ngurus.” jawabe Bandi
“Yo wis, Sekar tak ajake mulih dhisik yo, mari ngunu ayo dolan bareng-bareng.”
“Karepmu.”
“Kar, sepurane yo aku arep dolan karo konco-koncoku, ayo tak terno mulih ora apa apa se?.” Ajake Fauzi nang Sekar
“Iyo mas, gak popo. Kapan-kapan wae maneh.” jawabe Sekar karo mesem
Lajeng Fauzi ngeterno Sekar mulih. Bandi karo Fandi ana ing omahe Fandi podo cangkruk. Lajeng Fauzi teko.
“Rek, sepurane maneh yo aku ora jujur.” Omonge Fauzi nang Bandi karo Fandi
“Ojo dibaleni Zi.” jawabe Bandi
“Iyo, kaya ngunu iku garai konco mangkel.” tambahe Fandi
“Iyo rek, sepurane.”
“Yo wis, sido dolan ta ora iki?” takone Bandi
“Ayo budhal bareng-bareng.” jawabe Fandi
“Aku yo melu rek, nek rame lak enak se.” tambahe Fauzi
“Ngene iki enake gawe jeneng grup utawa geng gawe awakdewe rek?” pikire Fandi
“Iyo yo, opo enake?” tambah Bandi
“Pye nek BFF?” omonge Fauzi
“Opo artine?” takone Bandi
“Yo kan jeneng ngarepe awakdewe lak iku se? Selaen iku, iku iso artine Best Friend Forever.
” Sip-sip, apik iku.” Pendapate Bandi
” Yo wis aku yo setuju. Ayo ndang budhal rek.” omonge Fandi
“Ayo” jawabe Bandi karo Fauzi

0 komentar:

Posting Komentar

 
Toggle Footer