Breaking News
Loading...
13 September 2016

Ora Selemah Iku (Shafa Giyan A. / 24)

Ora Selemah Iku

Ancen kesel ya urip sak donya karo wong ekstrovert. Dadi kelompok minoritas, aku kudu usaha kanggo mahami sampeyan. Nanging, kadang-kadang sampeyan nganggep aku lemah lan gak kanggo. Ancen aku katon meneng, cuek, sombong, lan bahkan anti sosial. Nanging iku kabeh ora bener yen sampeyan gelem ngerteni aku. Aku duduk apa seng sampeyan pikirna. Aku mung butuh kedamaian lan aku ora seneng panggon seng rame, bukane aku pengen dewean. Aku ya pingin akrab karo sampeyan, nanging rasane ora sanggup. Aku mung ngomong yen ana sing penting, aku ora isa ngomong suwe-suwe karo sampeyan kabeh. Yen iku kedadean, hal iku bakal ngentekna energiku. Aneh ya? Ancen aneh, nanging yo kuwi aku. Mulane aku ora duwe kanca akeh. Kancaku ya mung wong sing isa ngerteni aku. Nanging, pokok e aku bakal mbuktekake yen aku ora kaya apa sing sampeyan pikirna. Semangat!
Larane dadi wong introvert katon nalika aku lungguh ing bangku kelas 3 SMP. Wektu iku aku lagi kerja kelompok ing kelas karo 3 kancaku. Kita lagi ngerjaake tugas lapoan bahasa Indonesia. “Eh, nalika jupuk topik iki piye?” Takone ketua kelompokku sing jenenge Anggi. “Sing iki wae, topik iki sing sering kita temui ing lingkungan,” jare Lala menehi saran. “Iya bener jare Lala,” Dina ndukung. “Eh, kowe Rara! Ojo meneng ae!” Anggi nesu. Aku langsung kaget, aku ora weruh apa sing kudu tak omongke. Aku bingung. “Eh.. engg.. sak karep wes. Aku ora duwe ide,” jawabku spontan.
Mara-mara, “Kringg…. Kringg…” “Eh, wes bel muleh. Ayo ringkes-ringkes,” jare Anggi. “Ayo!” jawab bocah-bocah bebarengan. “Murid-murid, kita pungkasani pelajaran bahasa Indonesia. Sesuk kita lanjutake maneh gawe laporane. Assalamualaikum,” jare Bu Indah. “Waalaikumslaam buu…” jawab bocah-bocah bebarengan. Wektu wes berlalu, mung aku wae sing isih ana ing kelas. Dina iku jadwalku nata bangku kelas.
Sakwise mari nata bangku, aku langsung cepet-cepet muleh. Mara-mara pas ing ngarep lawang “Brruukk!!!” Aku tubrukan karo Anggi. “Aduh gusti! Kowe piye ta, Ra! Mlaku ora diwasi” sentak Anggi. “See… sepurane, Nggi. Aku ora sengaja. Aku kesusu mau,” jawabku. “Ya wes kono! Minggir!” Aku langsung minggir tekan Anggi, mlayu nang gerbang sekolah.
Satekane ing omah, kayadene biasane aku ganti klambi, adus, banjur mangan. Maringunu, wektuku tak entekna ing kamar, nulis-nulis diary lan sinau. Wektu iku aku lagi nyiapne bahan gawe laporan sesuk. Bahan kasebut aku siapne nganti bengi banget, aku sampek turu ing duwure meja belajar.

Jam 05:00 pas aku tangi, banjur adus, mangan, lan nyiapke buku pelajaran. Aku dunga supaya ora enek kedadean maneh. Dina iku aku jalani kayadene biasane. Nanging, sak marine pelajaran bahasa Indonesia atiku rada ora enak. Mara-mara Lala ngampiri aku banjur ngomong “Rara, mau kowe dilaporne karo Anggi amarga ora gelem ngerjaake laporan. Mau aku wes nyegah dheweke nanging hasile nihil. Sepurane ya, Ra. Kowe sing sabar ya.” “Eh, mmm… iya ora apa-apa kok, La. Suwun ya” jawabku. Ternyata prasaanku bener. Padahal aku iki mau wis menehi bahan kanggo dibahas bebarengan, aku wis berusaha ngerjaake bahan kasebut sampek bengi banget. Nanging ya sampeyan weruh dewe, bahanku ora dianggep. Ancen ing kerja kelompok aku paleng meneng. Nanging menengku amarga mikir, bukane amarga ora gelem kerja.
Wiwit kedadean iku, aku trauma. Akhire aku nyoba ngajak wong liya ngomong. Alon-alon aku mulai isa, aku sanggup. Nanging suwe-suwe sifat introvertku muncul maneh. Aku mulai lemah gawe ngomong. Aku mulai diarani sombong karo kanca-kancaku. Hal iku kedadean sampek aku lulus SMA.
Wiwit aku mulai mlebu masa kuliah, aku mulai ngubah mindsetku. Aku ora gelem diarani sombong maneh. Mulane, aku aktif ing perpustakaan. Nyinauni materi sing bakal dibahas sesuk. Perubahanku wiwit iku drastis banget. Aku mulai aktif takon ing dosen lan aku isa mresentaseake materiku katon apik. Nanging aku during isa akrab karo kanca kuliahku. Aku isih angel akrab. Yen dirasaake, sebenere aku pegel nduweni sifat kaya ngana. Pegel banget. Pengen rasane dadi kaya dheweke, nanging aku ora sanggup kaya ngunu. Yen tak peksa, aku malah stress lan tertekan.
Perjuanganku dadi wong introvert kaya mandek wiwit aku kerja ing perusahaan. Aku mesti ditunjuk gawe mimpin rapat lan aku dipercayai karo bosku. Aku ya wis mulai duweni kanca akeh. Ya syukurlah, aku wis mbukteake ing sampeyan nek aku ora selemah apa seng sampeyan pikirna.

0 komentar:

Posting Komentar

 
Toggle Footer