Ing sawijining daerah kutha Bandung ana bocah 2 sing kekancan wiwit bayi yaiku Romi lan Sari, Romi saka kaluwarga sugih nanging Sari saka kaluwaga sing cukupan amarga ibu lan bapake mung penjahit biasa. Saben dina Romi lan Sari budhal sekolah bebarengan wiwit TK nganti SMP kelas 3, yen dolanan lan mlaku-mlaku Romi mesti nyusul menyang omah e Sari amarga Sari ora duwe sepeda. Kabeh rahasia e Romi,Sari ngerteni nanging ana 1 rahasia Sari sing ora dingerteni Romi yaiku penyakit tumor otak e Sari sing wis 6 wulan ana njero awake Sari nanging amarga ora ana biaya Sari mung ngombe obat penghilang rasa nyeri lan ora bisa dirawat ing Rumah Sakit. Wektu lulusan kelas 3 SMP Sari ditawani Pakdhe lan Budhe saka Bapak e melu pindah ing Surabaya amarga Bapak e Sari arep nyambut gawe ing distro e Pakdhe ne Sari. Sari uga disanggupi di biayai operasi tumor otake. Akhire Sari, ibu, lan Bapak e pindah menyang Surabaya. Wektu pamit ing Romi, Sari lan Romi padha nangis lan janji yen mbesuk kudu bisa ketemu maneh lan nggrayuh cita-cita bebarengan, Sari mung bisa nangis eling yen dheweke ora bisa crita perkara penyakit e amarga ora kepingin Romi nelangsa lan kuatir.
Wis 1 wulan oleh e Sari pindah ing Surabaya nanging Romi terus nangisi Sari, ibune nganti bingung karo tingkahe Romi sing mung ngelamun lan nangis wae, Romi janji yen dheweke ora bakal nangis maneh yen ibune ngerestui mbesuk dheweke sawise lulus SMA bakal kuliah menyang Surabaya nututi Sari lan ibune setuju. Sari sing ning Surabaya sekolah ing SMAN 3 Surabaya karo Nina anake Pakdhe lan Budhene malah ora bisa tenang amarga Nina saben dina ngganggu Sari supaya Sari ora betah numpang ing omah e dheweke, untung wae Sari nduweni kanca sing bisa ngerti dheweke yaiku Ria bocah sing pinter gawe cerkak sing biasa e dimuat ing salah sawijining tabloid.
Ing sekolah yen Nina piket Sari sing nyapu, saben dina dikongkon nggawa buku-buku e Nina lan ing omah yen bapak ibu e Sari lan Pakdhe Budhe e ora ana Sari mesti dikongkon nyapu, ngepel, umbah-umbah, lan siram-siram, nanging Sari tetep kuat, Ria sing saben dina dadi panggonane Sari nangis mung bisa nyemangati Sari supaya kuat ngadepi kabeh lan muga-muga ora ana apa-apa marang Sari wektu operasi minggu ngarep. Sari kelingan marang Romi terus dheweke njaluk tulung marang Ria supaya ceritane dheweke lan Romi bisa di gawe cerkak lan yen bisa diterbitake ing tabloid lan di upload ing media online supaya Romi bisa ngerti keadaane dheweke lan dheweke pengen Romi ngerti yen dheweke tresno marang Romi, dheweke uga ngomong yen lagu kenangan e dheweke wong 2 yaiku lagu e sheila on 7 sing judule sahabat.
1 minggu wis dilewati, akhire dina iku Sari Dioperasi tumor otak, bebarengan wis dirampungake cerkak penjaluke Sari. Sadurunge Sari dioperasi Sari pingin maca cerkak kuwi mau lan dheweke ngomong “ kuwi pancen pinter yen gawe cerkak nyatane isine cerkak iki mirip banget karo ceritaku. Aku dadi bisa operasi tenang yen ana apa-apa Romi bias ngerti keadaanku ing kene lan dheweke bisa ngerti yen aku tresna marang dheweke”. Akhire wis 3 jam Sari ing jero ruang operasi dokter e metu lan ngabari yen operasi gagal lan Sari ora bisa ketulungan maneh. Bapak, Ibu, Ria, Pakdhe lan Budhe ne nangis kabeh kajaba Nina sing malah seneng amarga pancen iki seng di karepake dheweke.
Wis 2 wulan Ria ngirim cerkak kuwi marang salah sawijining tabloid nanging nganti saiki ora ana kejelasane. Pas 100 dina Sari ora ana dheweke baru ditekani surat pemberitahuan yen cerpen e dheweke bakal dimuat ing tabloid cetak lan tabloid online. Romi sing senajan seneng lan update ing dunia maya, maca cerkak kirimane Ria sing dheweke piker ceritane kok ya pada karo ceritane dheweke lan dheweke percaya liwat penulis cerkak iku dheweke bisa ketemu Sari, akhire dheweke golek biodata e Ria lan dheweke terus ngawasi Ria lewat social media.
Sawise lulus SMA Ria melbu ing universitas Brawijaya jurusan Akuntasi lan dheweke baru bisa ngelaleake Sari sing wis dianggep kaya sadulur dewe. Romi sing uga lulus SMA nagih janji ing ibune yen dheweke bakal kuliah ing Surabaya, dheweke akhire uga melbu kampus sing padha kari Ria amarga dheweke pingin takon ngenani Sari, nanging dheweke jukuk jurusan Teknik Sipil.
Amarga dadi 1 sekolah Romi bisa ketemu Ria lan kekancan karo Ria, wis 1 semester akhire Romi takon ngenani cerkak kuwi, Ria sing wis nyimpen cerita iki akhire mbukak maneh memori ing pikirane dheweke, terus Ria cerita ngenani Sari lan nasibe. Ora disangka-sangka Ria yen Romi sing di ceritakake Sari wektu iku tibakne Romi kancane saiki. Akhire Romi njalok tulung diterake ing makam e Sari, Romi mung bisa nangis lan njalok pangapura amarga dheweke ora bisa njaga Sari. Wektu Romi ngirim pandunga ana angin kenceng banget dibarengi ana bisikan kaya suarane Sari “ Yen kowe isih ora bisa ngelaleake aku, anggep wae Ria iku penggantiku” nanging anehe suara iku mung Romi sing krungu. Sawise ngunu Romi lan Ria tambah raket lan Romi tresna marang Sari masio dheweke wong loro isih ana ayang-ayang Sari.
Penulis : Al’athus Sarifa (03)
11 September 2016
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar