Malam
minggu , Marni ngajak Tono dolan menyang omahe Anita. Marni kate mbalekno buku
paket B.Jawa ne Anita. Tekan ngarep gerbang omahe Anita, Tono kaget nguwasi
omahe Anita.
"Wuihhh... Mar,
iki tah omahe Anita, guede yo, koyok sing nang Tv iki omahe’’, ceplos e Tono
kaget.
"Hahaha,
kowe iki koyok gak tau ngerti omah apik ae Ton,’’ guyone Marni.
"Yo pancen Mar, nang deso ne awakdewe ogak ono
omah koyok ngene. Ayo Mar, gak sabar aku nontok njerone omahe Anita.”
Sakwise
melbu, Marni lan Tono di suguhi ngombe karo pembantune Anita, pembantune Anita
nyelok Anita ing kamare.Ora suwe Anita mudun lan nemoni Marni.
"Oalah, kowe to
Mar. Ono opo iki, dungaren bengi-bengi dolen nang omah.” Takok e Anita.
"Iki lo Ta, aku
kate mbalekno buku mu iki. Menisan ngajak Tono, jarene pengen eroh omah
gedhongmu iki,’’ jawab Marni.
"Oalah yo ngene iki omah ku, kosek yo aku tak nang
kamar njupuk Hp ku. Ndang di ombe iku Ton selak dadi es kenek AC ku hahaha,’’ guyoni
Tono.
Anita
mbalek lan mameri Marni lan Tono Hp ne sing anyar, sing ditukono bapake tekan
Jakarta, merk e iPhone 6, regane 6
yuto. Anita nduduhno aplikasine sing apik-apik gawe Marni pingin duwe Hp koyok
Anita. Anita ngajak Marni lan Tono foto-foto gawe Hp ne sing anyar iku. Amarga
wis jam 9 bengi, Marni pamit muleh karo Anita.
Tekan
omah, Marni kandha menyang bapake, yen deweke pingin duwe Hp koyok Anita, sing
aplikasine apik-apik, kamerane bening, layare ombo. Marni sing bendino dimanja
karo bapake, sing opo ae panjaluke mesti dituruti amarga mesti oleh peringkat
ing kelas iku yakin yen bapake pasti nukokno Hp anyar. Nanging Marni ora tau
ngerti yen bapake kerjo dadi kuli bangunan iku rekoso gawe biaya sekolah lan
nuruti panjaluke Marni.
"Pak,
mene ayo tuku Hp koyok Anita yo Pak’’ ngrayu Bapake.
"Piro
se nduk regane?’’ takok e Bapake Marni
"Jare Anita se 6
juta Pak, aku yo iso sinau tekan Hp iku Pak. Yo Pak, mene pokoke muleh sekolah
kudu tuku, lak gak aku emoh sinau maneh.” Pekso ne Marni.
Bapake
Marni sing krungu Marni ngomong ngunu dadi wedi yen Marni emoh sinau maneh yen
ora ditukokno Hp anyar. Bapak e Marni emoh yen Marni dadi bodo koyok dheweke
lan angel golek kerjo. Nanging bapake Marni ora duwe dhuwit gawe tuku Hp larang
sing regane 6 juta iku.
Sesuke,
sakdurunge budal sekolah Marni ngelengno bapake yen mengko muleh sekolah, kudu
tuku iPhone 6. Bapake Marni bingung
kudu nggolek dhuwit tekan ndi, dheweke jek tas kerjo dadi kuli bangunan, ora
iso njaluk upah e. Akhire bapake Marni duwe niat gawe utang bos e.
Ing
sekolah, Marni ngomong nang Anita yen dheweke kate di tukokno Hp anyar koyok
Anita. Nanging malah diguyu karo Anita, Anita gak percoyo yen Marni iso tuku hp
koyok dheweke.
Muleh
sekolah Marni ketemu Tono lan cerito, yen dheweke bakal ditukokno iPhone koyok Anita.
"iPhone 6 koyok Anita iku larang Mar, opo bapakmu iso nukokno?’’
takok e Tono.
"Oalah,
kowe iku podo ae koyo Anita, bapakku iku bakal nuruti opo ae panjalukku, masio
larang bapak pasti nukokno’’ jawabe Marni.
"Kowe
iku gak ngesakno bapakmu tah kerjo sampek muleh bengi ngunu? Awakmu tambah
jaluk Hp larang sing ora ono gunane iku, 6 juta iku gak titik Mar. Iyo lak gawe
bapake Anita sing dadi pengacara, iku. . .’’omonge Tono ngandani Marni
"Wes,
ngomong ae awakmu meri gak ditukokno bapakmu, wes saiki aku tak moleh, aku kate
ngajak bapak tuku hp.” saut Marni.
Tekan omah, Marni kesel amarga
bapake ora iso nukokno hp gawe deweke. Bapake Marni njelasno nang Marni yen
deweke jek durung duwe dhuwit amarga ora oleh utangan tekan bos e. Nanging
Marni ora percoyo lan mekso bapake supoyo nukokno hp iku. Marni ora gelem
ngomong karo bapake yen ora ditukokno Hp.
Isuk e, Marni ora budal sekolah
deweke isin karo Anita amarga ora ditukokno hp karo bapake. Tono moro nyusul
Marni
"Marni
ten pundi Pak? Sampun jam setengah 7 kok dereng siap.” Ngenteni Marni ing
ngarep omah.
“Jek salen paleng le, sek tak
celokno” jawab bapake Marni.
Marni ora gelem melbu sekolah,
bapake Marni nitip surate Marni ing Tono alesane sakit. Bapake Marni nelongso
nguwasi Marni sing ora gelem melbu sekolah amarga ora dituruti panjaluke.
Ing panggonan kerjo, bapake Marni
ngerti yen bos e nyimpen duwit ing brankas, bapake Marni njupuk duwit e bos e
gawe tuku hp ne Marni. Nanging ono sing ngerti, lan nglaporno bapake Marni ing
polisi. Sadurunge tuku hp gawe Marni, bapake Marni ditangkep polisi.
Tono menyang omahe Marni lan
ngandani kedadean iki nang Marni. Marni nyesel lan nangis gara-gara panjaluke
iki bapake melbu penjara, saiki deweke nang omah dewean karo budhe ne ora ono
bapake sing nuruti panjaluke. Ben Minggu Marni menyang penjara gawe nemoni
bapake lan njaluk sepuro. Marni janji bakal sinau terus-terusan gawe bapake,
lan ora nyusahno bapak e yen mengko bapake metu teko penjara.
0 komentar:
Posting Komentar